Search Header Logo
Cerita Rakyat                             Asal-Usul Mranggen

Cerita Rakyat Asal-Usul Mranggen

Assessment

Presentation

Other, Special Education

11th Grade

Hard

Created by

Anggit Wahyudin

Used 12+ times

FREE Resource

1 Slide • 8 Questions

1

Cerita Rakyat Asal-Usul Mranggen

Slide image

2

Multiple Select

Question image

Jaman biyen ana sawijing raja sing asamane Hyang Nata, panjenengane mapan ing kerajaan Pajajaran,Jawa Barat. Raja Hyang Nata seneng banget beburon ing alas. Ing sawijing dina Raja kasebut beburon kanthi dikancani para pengawale, nanging nganti sore panjenengane ora entuk kewan beburon, candhake sang raja leyeh-leyeh lan nggoleki suket sing rungkut kanggo turas, nanging ora sengaja banyu turase kawadhah ing bathok klapa.

1

Nalika lagi beburon ing alas, Raja Hyang Nata krungu tangise bayi bacute digoleki nganti ketemu candhake digawa menyang kerajaan lan dijenengi Nyai Senthor.

2

Ana raja sing Asmane Hyang Nata, senenge beburon, ora sengaja teturas ing rerungkutan alas lan kawadhah ing bathok.

3

Ana babi sing lagi ngelak, banjur ngombe banyu turase sang Raja, dumadakan babimau dadi ngandhut lan bacute nglairake bayi wedok.

3

Multiple Select

Question image

Sawise pirang-pirang wektu, dumadakan teka sawijing babi sing lagi ngelak, banjur ngombe banyu turas sing ana ing bathok klapa. Ora dinyana, ujug-ujug wetenge si babi dadi mblendhis lan ngandhut. Sawise pirang-pirang sasi, babi mau nglairkae bayi wedok kang gumlethak ing suketan.

1

Nalika lagi beburon ing alas, Raja Hyang Nata krungu tangise bayi bacute digoleki nganti ketemu candhake digawa menyang kerajaan lan dijenengi Nyai Senthor.

2

Ana raja sing Asmane Hyang Nata, senenge beburon, ora sengaja teturas ing rerungkutan alas lan kawadhah ing bathok.

3

Ana babi sing lagi ngelak, banjur ngombe banyu turase sang Raja, dumadakan babimau dadi ngandhut lan bacute nglairake bayi wedok.

4

Multiple Select

Question image

Ing sawijining dina, raja Hyang Nata bali maneh ing papan sing padha kanggo beburon. Ing tengah alas, sang raja krungu suara tangis. Panjenengane lan para pengawale nggoleki sumber suara kasebut. Nalika ditemoake, jebul suara bayi. Bacute, bayi mau digawa menyang kerajaan lan diwenehi jeneng Nyai Senthor.

1

Nalika lagi beburon ing alas, Raja Hyang Nata krungu tangise bayi bacute digoleki nganti ketemu candhake digawa menyang kerajaan lan dijenengi Nyai Senthor.

2

Ana raja sing Asmane Hyang Nata, senenge beburon, ora sengaja teturas ing rerungkutan alas lan kawadhah ing bathok.

3

Ana babi sing lagi ngelak, banjur ngombe banyu turase sang Raja, dumadakan babimau dadi ngandhut lan bacute nglairake bayi wedok.

5

Multiple Select

Question image

Saya suwe, Nyai Senthor saya dewasa. Nalika dheweke nembe nenun ing plataran keputren dumadakan bagean alat tenune tiba ing kali sing deres. Nyai Senthor ora bisa njupuk alat tenun mau. Dheweke gawe sayembara, sapa sing bisa nemokake alat tenune sing kintir, yen lanang arep didadekake bojon, menawa wedok arep didadekake sedulur.

1

Ana kewan Asu lanang njupukake teroponge Nyai Senthor, amarga wis janji mula kewan mau didadekake bojone Nyai senthor.

2

Nyai Senthor nyeritakake kabeh lelakone karo Raja Hyang Nata, nanging ora dipercaya. Candhake Nyai senthor diusir saka keraton.

3

Nalika Nyai Senthor lagi nenun ing plataran keputren, alat tenune ana sing tiba lan kintir ing kali. Dheweke ngucap, sapa sing bisa nemokake alat tenune yen lanang didadekake bojone, yen wedok didadekake sedulure.

6

Multiple Select

Question image

Sawise Nyai Senthor kumecap, dumadakan ana sawijining Asu mlayu nyemplung kali njupukake teropong Nyai Senthor. Dheweke kaget, nalika sing njupuk malah kewan Asu lanang. Nanging, Nyai Senthor wis kebanjur kumecap janji. Pungkasane Asu mau didadekake bojone. Nanging, nalika wayah wengi, Asu mau owah wujud dadi manungsa.

1

Ana kewan Asu lanang njupukake teroponge Nyai Senthor, amarga wis janji mula kewan mau didadekake bojone Nyai senthor.

2

Nyai Senthor nyeritakake kabeh lelakone karo Raja Hyang Nata, nanging ora dipercaya. Candhake Nyai senthor diusir saka keraton.

3

Nalika Nyai Senthor lagi nenun ing plataran keputren, alat tenune ana sing tiba lan kintir ing kali. Dheweke ngucap, sapa sing bisa nemokake alat tenune yen lanang didadekake bojone, yen wedok didadekake sedulure.

7

Multiple Select

Question image

Kabeh kang dilakoni dening Nyai Senthor diceritakake marang Raja Hyang Nata. Nanging, raja ora percaya lan kekarone diusir saka lingkungan keraton. Bacute, kekraone lumaku menyang arah wetan kanthi disangoni emas lan dhuwit dening Raja Hyang Nata.

1

Ana kewan Asu lanang njupukake teroponge Nyai Senthor, amarga wis janji mula kewan mau didadekake bojone Nyai senthor.

2

Nyai Senthor nyeritakake kabeh lelakone karo Raja Hyang Nata, nanging ora dipercaya. Candhake Nyai senthor diusir saka keraton.

3

Nalika Nyai Senthor lagi nenun ing plataran keputren, alat tenune ana sing tiba lan kintir ing kali. Dheweke ngucap, sapa sing bisa nemokake alat tenune yen lanang didadekake bojone, yen wedok didadekake sedulure.

8

Multiple Select

Question image

Nalika ngembara, kekarone nemokake wit gedhe sing diwenehi jeneng Kalang Mranggi. Sasuwene pirang-pirang sasi candhake, Nyai Senthor nglairake bayi lanang. Bayi mau dijenengi Rayung Kusuma. Lakune wektu, dheweke saya gedhe, dadi pemudha dewasa.

1

Nalika ngembara Nyai Senthor nemokake wit kang dijenengi kalang mranggi, wektu saya lumaku dheweke nglairake bayi lanang diarani Rayung Kusuma.

2

Nyai Senthor nyeritakake kabeh lelakone karo Raja Hyang Nata, nanging ora dipercaya. Candhake Nyai senthor diusir saka keraton.

3

Nalika wis gedhe Rayung Kusuma ngimpi menawa wong tuwane bakal muksa lan titip pesen supaya njaga wit kalang mranggi, rejaning jaman papan iku dijenengi Mranggen.

9

Multiple Select

Question image

Ing sawijining wengi, Rayung Kusuma ngimpi menawa keloro wongtuwane arep lunga ngadohi dheweke. Rayungkusuma tangi, dheweke menthelengi kaanan ing sakiwa tengene. Tenan, Keloro wong tuwane wis ora ana. Wong tuwane ninggalake tulisan sing isine pesen menawa wongtuwane wis moksa (lebur jiwa lan ragane). Saliyane kuwi pesene supaya Rayung Kusuma njaga wit kalang Mranggi, mbesuk rejaning jaman papan iku dijenengi Mranggen.

1

Nalika ngembara Nyai Senthor nemokake wit kang dijenengi kalang mranggi, wektu saya lumaku dheweke nglairake bayi lanang diarani Rayung Kusuma.

2

Nyai Senthor nyeritakake kabeh lelakone karo Raja Hyang Nata, nanging ora dipercaya. Candhake Nyai senthor diusir saka keraton.

3

Nalika wis gedhe Rayung Kusuma ngimpi menawa wong tuwane bakal muksa lan titip pesen supaya njaga wit kalang mranggi, rejaning jaman papan iku dijenengi Mranggen.

Cerita Rakyat Asal-Usul Mranggen

Slide image

Show answer

Auto Play

Slide 1 / 9

SLIDE