

Teks Anoman Duta
Presentation
•
Education
•
9th Grade
•
Hard
Ahmad Nurhamid
Used 4+ times
FREE Resource
12 Slides • 0 Questions
1
Anoman Duta
Cerita kawiwitan saka lakune Raden Rama lan Raden Lesmana kang ngupadi cara ngrebut garwane Dewi Sinta kang murca (ilang) dicolong Prabu Rahwana saka Keraton Ngalengka. Raden Rama wis pirsa (weruh) sapa sing nyolong garwane awit saka lelabuhane (jasane) Peksi Jatayu. Sadurunge tumekaning pati, Peksi Jatayu wis atur kabar yen sing nyolong Dewi Sinta iku Prabu Rahwana saka Keraton Ngalengka.
2
Kekarone banjur lumaku sakparan-paran nasak-nasak alas. Ing tengahe laku, kekarone mireng sambate wong kang kelaran. Kekarone banjur nyedhaki sumbering swara mau. Bareng dicedhaki, Raden Rama lan Lesmana pirsa (weruh) sawijining kethek kang kecepit wit gedhe. Ing ngisore uga akeh bangsa kethek kang kepengin nulungi nanging ora bisa. Sawijining kethek kang rupane putih jenenge Anoman matur marang Raden Rama. Ature Anoman, kethek kang kecepit wit gedhe iku pamane (pak like) kang asmane Sugriwa. Sugriwa diukum dening kakange dhewe kang asmane Subali. Subali uga pamane Anoman. Subali lan Sugriwa iku adhine Dewi Anjani, ibune Anoman.
3
Mesakake marang panggrantese Sugriwa, Raden Rama banjur nulungi. Raden Rama menthang pusaka gandhewa (busur panah). Panah dilepasake, wit gedhe ajur sanalika. Sugriwa bisa ucul saka pasiksane kakange Subali. Sugriwa ngaturake panuwun marang Raden Rama, banjur nyeritakake kepiye larah-larahe Resi Subali tega ngukum Sugriwa. Dadi Subali lan Sugriwa iku jebule kasil dadi jagone para dewa mateni Ratu Buta (ratu raseksa) wujude kaya kebo. Lha minangka hadiahe, kekarone bakal antuk ganjaran Dewi Tara saka kahyangan lan ngratoni Keraton Guwa Kiskenda.
4
Jebule Resi Subali tuwuh rasa srakah lan kepengin nduweni dhewe ngukuhi dhewe hadiah saka para dewa. Subali kelakon perang kelawan adhine Sugriwa. Pranyata Subali luwih unggul tinimbang Sugriwa. Gandheng Subali lan Sugriwa iku gentur anggone tapa brata banjur diganjar para dewa ajian pancasunya. Ajian iki sing marakake kekarone ora bisa mati, mula Sugriwa diukum dicepit wit gedhe. Dadi Sugriwa ora bisa ucul lan tetep ngrasakake lara selawase. Kuwi pasiksane Subali marang Sugriwa.
5
Gandheng saiki wis bisa ucul, Sugriwa arep males ukum marang kakange Resi Subali. Nanging gandheng Subali lan Sugriwa iku padha-padha ketheke, mula kanggo nandhani sing endi Sugriwa lan sing endi Subali, Raden Rama ndhawuhi supaya Sugriwa kalungan janur. Kelakon tenan Sugriwa perang kelawan Resi Subali. Kaya biyen meneh, Sugriwa tetep ora bisa ngungguli kasektene Resi Subali. Raden Rama kang weruh Sugriwa wis kewalahan banjur aweh pitulungan. Gandhewa dipenthang, panah pusaka Guwawijaya dienerake ing dhadhane Resi Subali.
6
Resi Subali ambruk sanalika. Ajian Pancasunya pranyata ora bisa nandhingi ampuhe panah pusaka Guwawijaya peparinge para dewa. Resi Subali tetep tumekaning pati. Nanging sadurunge mati, Resi Subali wis dielingake apa wae salahe dening Raden Rama kang jebule titise Bathara Wisnu. Resi Subali nglenggana wis ngakoni kabeh salahe banjur njaluk ngapura marang adhine.
7
Sugriwa banjur dijumenengake nata ing Keraton Guwa Kiskenda jejuluk Prabu Sugriwa kang dadi ratune para kethek. Minangka rasa matur nuwune, Prabu Sugriwa saguh mbiyantu Raden Rama ngrebut Dewi Sinta saka regemane Prabu Rahwana. Bombong penggalihe Raden Rama. Raden Rama banjur arep ngutus sawijining duta nakyinake (menyelidiki) kahanane Dewi Sinta ing Ngalengka.
8
Raden Rama ngutus Anoman. Minangka bukti yen Anoman iku bener-bener utusane Raden Rama, Raden Rama nitipake pusaka kang wujude ali-ali, ali-ali sotyaludira. Raden Rama meling supaya ali-ali iku diaturake marang Dewi Sinta yen wis kepethuk. Sawise tumeka Ngalengka, Anoman golek sisik melik kahanane Dewi Sinta. Dewi Sinta jebul dipapanake ing Taman Kaputren Argasoka.
9
Sawise Anoman mlebu ing Taman Keputren Argasoka, dheweke banjur ndhelik ana ing wit nagasari. Dheweke weruh ana wanita kuru aking. Sawise dirasa aman banjur nemoni wanita kasebut sing ora liya ya Dewi Sinta. Ing kono Dewi Sinta dikancani Dewi Trijatha. Dewi Trijatha iku putrine Raden Gunawan Wibisana. Dene Raden Gunawan Wibisana iku adhine Prabu Rahwana. Dewi Trijatha didhawuhi Prabu Rahwana ngancani Dewi Sinta ing Taman Argasoka supaya bisa ngarih-arih lan nglelipur Dewi Sinta. Sokur bisa gawe Dewi Sinta kabujuk lan purun digarwa Prabu Rahwana.
10
“Sang Dewi, kula pun Anoman diutus Raden Rama kapurih ngaturaken sesupe sotyaludira menika.” ature Anoman.
Dewi Sinta trenyuh nyawang sesupe sotyaludira agemane garwane ya Raden Rama. Dewi Sinta banjur maringake tusuk kondhe cundhamanik marang Anoman supaya mengkone diturake marang Raden Rama. Nanging sadurunge rampung anggone padha crita, dumadakan prajurit Ngalengka tumeka ing Taman Kaputren.
11
Anoman kakepung dening Indrajid lan Patih Prahastha sawadyabalane. Anoman tetandhingan kelawan Indrajid. Kekarone padha ngatonake gaman pusaka lan kasektene, kekarone padha digdayane. Pungkasane Indrajid ngetokake pusaka panah rante. Panah rante kasebut banjur nggubel awake Anoman. Anoman kasil karangket banjur kasowanake marang Dasamuka.
12
Dasamuka duka. Anoman banjur digawa menyang alun-alun, dibanda tangan lan sikile ing cagak banjur arep diobong urip-uripan. Jebul Anoman ora mati diobong. Anoman bisa mabur uwal saka geni. Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mencolot sadhuwure keraton. Omah, wewangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Keraton Ngalengka sing maune apik, asri, saiki dadi segara geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran marang Raden Rama kang saiki wis dadi ratu ing Pancawati jejuluk Prabu Ramawijaya.
Anoman Duta
Cerita kawiwitan saka lakune Raden Rama lan Raden Lesmana kang ngupadi cara ngrebut garwane Dewi Sinta kang murca (ilang) dicolong Prabu Rahwana saka Keraton Ngalengka. Raden Rama wis pirsa (weruh) sapa sing nyolong garwane awit saka lelabuhane (jasane) Peksi Jatayu. Sadurunge tumekaning pati, Peksi Jatayu wis atur kabar yen sing nyolong Dewi Sinta iku Prabu Rahwana saka Keraton Ngalengka.
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 12
SLIDE
Similar Resources on Wayground
14 questions
KONTRAK PERKULIAHAN
Presentation
•
KG
7 questions
Teori Masuknya Agma dan kebudayaan Islam DI Indoensia
Presentation
•
10th Grade
7 questions
TEMBANG MACAPAT
Presentation
•
7th - 8th Grade
11 questions
QUIZ KANVAS
Presentation
•
8th Grade
13 questions
TELEINFORMÁTICA
Presentation
•
10th Grade
8 questions
SAINS AWAL KITARAN HIDUP AYAM
Presentation
•
KG
6 questions
DIDÁCTICA
Presentation
•
9th Grade
11 questions
JINIS PIDATO
Presentation
•
9th Grade
Popular Resources on Wayground
6 questions
Secondary Safety Quiz
Presentation
•
9th - 12th Grade
10 questions
MyPath Diagnostic Overview
Presentation
•
6th - 8th Grade
20 questions
Lab Safety Quiz
Quiz
•
6th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
20 questions
Adding and Subtracting Decimals
Quiz
•
5th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
21 questions
Lab Safety
Quiz
•
10th Grade