
PPT UPACARA TRADHISI
Presentation
•
Social Studies
•
11th Grade
•
Practice Problem
•
Easy
Dwi Lestari
Used 16+ times
FREE Resource
15 Slides • 3 Questions
1
WULANGAN 2
UPACARA TRADHISI ADAT JAWA
2
Word Cloud
Yen kita ngrembug ngenani upacara tradhisi, apa wae tuladha upacara tradhisi kang ana ing masyarakat sakupengmu?
3
tegese upacara TRADHISI adat Jawa
Upacara tradhisi adat Jawa yaiku upacara kang ditindakake kanthi turun-temurun manut pakulinan masyarakat Jawa. Ingkang kalebet tuladha upacara tradhisi adat Jawa antarane: mantenan, tingkeban, brokohan, sepasaran, tedhak siten, resik desa, lsp. Nanging ing pasinaon iki, upacara tradhisi kang bakal dirembug difokusake ing upacara penganten adat Jawa. Ing kabeh upacara tradhisi adat Jawa kalebu upacara penganten, dikenal istilah upacara lan ubarampe. Apa tegese Upacara lan ubarampe? Amrih langkung cetha ayo wangsuli pitakon ing ngisor iki!
4
Match
Jodhokna gambar ing ngisor iki jumbuh katrangan kang bener!
upacara kacar-k
gambar ubarampe sekul tumpeng
gambar ubarampe awujud tarub
upacara kacar-k
gambar ubarampe sekul tumpeng
gambar ubarampe awujud tarub
5
Bedane upacara lan ubarampe
Ubarampe yaiku piranti kang digunakake ing sawijine upacara adat.
Ubarampe
Upacara yaiku rantaman adicara ing salebete upacara adat.
Upacara
6
Adicara lamaran nduweni karep kulawarga calon penganten kakung nakokake marang kulawarga calon penganten putri gelem ora diajak mbangun bale kulawarga. Ing adicara lamaran iki ditindakake liru sesupe/ tukar cincin minangka paningset antarane calon penganten putri lan calon penganten kakung.
1.Upacara Lamaran
7
Pasang Tarub lan Tuwuhan/ Pasren
Sedina utawa rong dina sadurunge ndungkap tempuke damel dipasang tarub lan tuwuhan utawa pasren. Ing adicara pasang tarub iki dipasang empyan kang digawe saka nam-naman blarak kang sinebut widhig. Saliyane kuwi uga dipasang maneka warna tuwuhan/ pasren arupa janur kuning, wit gedhang raja sajodho, cengkir gadhing, pari sawuli, tebu wulung, godhong kluwih, godhong ringin, godhong kara, godhong alang-alang, apa-apa, sekar lan wohing kapas sarta sekar kemuning.
8
Pasemon janur kuning nyuwun wonten ngarsanipun Gusti mugi paring nur cahya kawilujengan, tinebihna saka sukerta.
Janur Kuning
Pasemon wit gedhang raja sajodho mugi penganten kekalih saged gesang mukti
wibawa mulya luhur budinipun pindha narendra/ raja.
Wit Gedhang Raja Sajodho
Pasemon cengkir gadhing, cengkir jarwa dhosok saka kencenging pikir. Tegese
penganten kekalih menawi gadhah gegadhangan kedah dilampahi kanthi
kencenging pikir.
Cengkir Gadhing
9
Pasemon pari sawuli supados tansah kacekapan ing boga.
Pari Sawuli
Pasemon tebu wulung supados sedaya gegayuhan saged ginayuh kanthi antebing kalbu lan manggih gesang sarwi sekeca.
Tebu Wulung
Pasemon godhong kluwih nggadhahi pangajab supaya linuwih ing kamulyan, kamukten, lan kawibawanipun.
Ron Kluwih
10
Pasemon godhong ringin mugi penganten kekalih tansah pinaringan pangayoman satemah ayem tentrem.
Ron Ringin
Pasemon godhong kara mugi penganten tinebihna saking sakara-kara, kang
pinanggih namung rahayu wilujeng.
Ron Kara
Pasemon godhong alang-alang mugi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Ron Alang-alang
11
Pasemon sekar lan wohing kapas mugi kacekapan kabetahan sandhangipun.
Sekar lan Woh Kapas
Pasemon sekar kemuning mugi anggone jejodhoan saged nuwuhaken asma ingkang angambar-ambar ing salami-laminipun.
Sekar Kemuning
12
3. Upacara Siraman
Adicara iki duweni ancas kanggo ngresiki lair batine pinanganten
kekalih supaya ing dina pahargyan wis bisa resik lair batin.
4. Upacara Panggih Manten
Upacara panggih manten ing adat Jawa katindakake kanthi cara penganten kakung lan putri njawat asta. Dene ubarampe kang
digunakake nalika panggih manten yaiku kembar mayang. Kembar mayang minangka pralambang manunggale jiwa, rasa, lan karsa penganten sarimbit.
13
Sawise penganten sarimbit sami jawat asta katindakake adicara sembah sungkem penganten putri dhumateng penganten kakung. Upacara sungkeman nggadhahi makna priyantun putri kedah mbangun turut dhumateng kakunge. Lajeng katindakaken upacara wiji dadi/ midak tigan ayam. Upacara wiji dadi nggadhahi makna penganten kakung wajib paring nafkah dhumateng penganten putri. Sasampune upacara wiji dadi, penganten sarimbit jumeneng jejer ngunjuk toya wening kang ngemu pangajab muga penganten sarimbit isa wening pamikire anggone mbangun bale wisma.
14
5. Upacara krobongan
Upacara krobongan yaiku upacara kang katindakake sawise upacara panggih. Kang diwastani upacara adat krobongan antarane yaiku:
15
Upacara bobot timbang nduwe pasemon menawa kulawarga penganten sarimbit ora emban cindhe emban siladan.
1. Upacara Bobot Timbang
Upacara kacar-kucur nduweni pasemon menawa penganten kakung wajib paring nafkah dhumateng penganten putri.
2. Upacara Kacar-kucur
16
Penganten sakloron dhahar dulangan minangka perlambang penganten sakloron manuggal jiwa, rasa, lan karsa.
Upacara Dhahar Klimah
Penganten sakloron sungkem nyuwun donga pangestu dhumateng priyantun sepuh.
Upacara Sungkeman
17
Open Ended
Saka andharan ngenani upacara penganten adat Jawa kasebut, isa dijipuk dudutan yen ancas priyantun Jawa nindakake upacara tradhisi yaiku kanggo....
18
Dudutan Saka Nindakake Upacara Tradhisi
Ngucap syukur marang Gusti.
Nyuwun keslametan lan kewilujengan wonten sedaya kawontenan.
Kagem ngraketaken tali paseduluran kalih tangga lan sedulur.
Kagem nindakaken sedekah kersane pinaringan gesang berkah barokah.
WULANGAN 2
UPACARA TRADHISI ADAT JAWA
Show answer
Auto Play
Slide 1 / 18
SLIDE
Similar Resources on Wayground
15 questions
GENERADORES Y RECEPTORES ELÉCTRICOS
Presentation
•
11th Grade
14 questions
Repaso UNIT 2 - 1º ESO
Presentation
•
KG
11 questions
Principales contenidos estudiados
Presentation
•
11th Grade
10 questions
BÀI 9: NGÀNH SẢN XUẤT DẦU MỎ TRÊN THẾ GIỚI VÀ Ở VIỆT NAM
Presentation
•
11th Grade
16 questions
Battle of Gettysburg
Presentation
•
11th Grade
9 questions
-ed -ing adjectives
Presentation
•
11th Grade
13 questions
grammar unit 7a-full blast
Presentation
•
11th Grade
13 questions
Future review
Presentation
•
11th Grade
Popular Resources on Wayground
6 questions
PRIDE Always and Everywhere
Presentation
•
12th Grade
20 questions
Lab Safety Quiz
Quiz
•
6th Grade
26 questions
KOR Review Kahoot Questions
Quiz
•
8th Grade
21 questions
Continents and Oceans
Quiz
•
6th Grade
12 questions
Unit Zero lesson 2 cafeteria
Presentation
•
9th - 12th Grade
20 questions
Parts of Speech
Quiz
•
5th Grade
10 questions
Riddles Riddles fun Riddles
Quiz
•
6th - 12th Grade
16 questions
Subject & Predicate
Quiz
•
5th Grade
Discover more resources for Social Studies
8 questions
Pre Civil Formative
Quiz
•
11th Grade
30 questions
AP Human Geography Unit 1
Quiz
•
9th - 12th Grade
42 questions
Unit 3 Key Terms
Quiz
•
11th Grade
64 questions
USHC 4 Key Terms 22-23
Quiz
•
11th Grade - University
5 questions
0.3 Non-Experimental Methods Quiz
Quiz
•
11th Grade
44 questions
Gilded Age Review #1
Quiz
•
11th Grade
49 questions
Unit 2 Study Guide_American Revolution
Quiz
•
11th Grade
27 questions
MR. DROHAN'S RECONSTRUCTION REVIEW (SY25)
Quiz
•
9th - 12th Grade