
BADER KLS 9
Authored by saida azizah
Other
9th Grade
Used 4+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Tembang Macapat kalebu karya sastra kang nduweni daya kekuwatan lan kaendahan. Tembang macapat iku minangka salah sijine tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Diarani tembang tradhisional, amarga kaiket ing aturan/paugeran tartamtu.
Tembang macapat iku kaiket ing paugeran, yaiku ....
guru gatra, guru basa, guru lagu
guru gatra, guru wilangan, guru lagu
guru swara, guru basa, guru sastra
guru swara, guru lagu, guru wilangan
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
........
Urip ing ndonya tan lami,
aja dhemen numpuk bandha,
elinga tembe mburine,
lamun mati tan ginawa,
namung amal jariyah,
mula senenga tetulung,
marang sapadhane gesang.
Tembang macapat ing dhuwur, golekana guru wilangan, guru lagune lan tulisen arane tembange….
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a / Asmaradana
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i / kinanthi
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i/ Pangkur
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i / Durma
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Dedalane guna lawan sekti//
Kudu andhap asor//
Wani ngalah luhur wekasane//
Tumungkula yen dipun dukani//
Bapang den simpangi//
Ana catur mungkur//
Pesan moral apa sing bisa kojupuk saka tembang ing dhuwur….
ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu di dukani
ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu mulya
ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu wani
ngandharake manawa manungsa kepingin pinter lan mukti kudu andhap asor
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Puji syukur katur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saha hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng li ring sambikala.
Wacan ing nduwur, perangane naskah pidhato kang diarani …..
salam pambuka
pangarep-arep
dudutan
purwaka
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Pidhato yaiku medharake gagasan kanthi lesan ing sak ngarepe wong akeh. Yen pidhato iku ditindhakake nalika ing acara pahargyan kang tujuwane gawe sumringah lan nyenengake nganggo basa kang kepenak. Pidhato kang diandharake ing ngarep nduweni tujuwan kanggo ….
pangajak-ajak
menehi kawruh
menehi hiburan
menehi pengaruh
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Wacanen kanthi titi!
Bapak, ibu, lan kanca-kanca ingkang kula urmati. Kegiyatan Peningkatan Mutu saben enjing dipunsuwun saged nambahi kawruh kagem para siswa supados siyap ngadhepi UNBK, sahengga kegiyatan Peningkatan Mutu samenika wigati sanget kagem kelas IX. Mila mangga kegiyatan Peningkatan Mutu samenika dipunsengkuyung sareng-sareng supados saged kaleksanan lan tujuwanipun saged dipungayuh.
Gagasan utama ing surasa pidhato kasebut yaiku ….
siswa Kelas IX dikarepake siyap ngadhepi UNBK
kegiyatan Peningkatan Mutu wigati tumrap siswa Kelas IX
kegiyatan Peningkatan Mutu disengkuyung bareng-bareng
tujuwan kegiyatan Peningkatan Mutu saged dipungayuh
g
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna wacan iki!
Taksi lumaku ngener omah joglo, kira-kira patangatus meter dohe saka lapangan desa. Adzan magrib wis mungkur. Lampu-lampu dalan wis wiwit murub. Siji loro lintang wiwit ngembangi langit sing katon klawu. Ing kahanan kaya ngono mau, saka pinggir dalan Murti nyawang omah joglo sabrang dalan, sing isih katon njenggereng rosa. Omah sing nate dipanggoni wong tuwane, simbahe, lan adhi-adhine.
…………………………………..
Cuplikan cerkak ndhuwur diandharake latar wektu kedadeyan crita ing wayah bengi. Ing ngisor iki minangka ukara pambukten bab latar wektu, kejaba….
Adzan magrib wis mungkur.
Lampu-lampu dalan wis wiwit murub.
Taksi lumaku ngener omah joglo, kira-kira patangatus meter dohe saka lapangan desa.
Siji loro lintang wiwit ngembangi langit sing katon klawu.
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?