
soal bader 2023
Quiz
•
Education
•
9th - 12th Grade
•
Hard
Ali Fikri
Used 7+ times
FREE Resource
Enhance your content in a minute
47 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Komodo
Komodo mujudake jinis kewan melata paling gedhe sa-Indonesia kang dilindungi dening pamarentah Indonesia. Komodo iki urip ing semak-semak belukar lan ing sawatara alas kang ana ing Indonesia. Komodo uga dianggep minangka kewan melata paling abot ing Indonesia awit aboting awake komodo kurang luwih 100 kg malah bisa kepara luwih.
Komodo sing paling gedhe ing Indonesia bisa nggayuh 166 kg lan dawane nggayuh 3 meter. Nanging lumrahe dawane komodo rata-rata mung 2,5 meter lan abote rata-rata 91 kg. Mung wae kanggo sawatara jinis komodo pancen ana kang nggayuh dawa lan abote ngluwihi saka rata-rata.
Jinis kulite komodo mawa sisik, wernane klawu, wujud monconge lancip, perangan lengene kuwat lan abuntut mawa otot. Kanggo ndheteksi kahananing mungsuhe yaiku wangke kewan, komodo nggunakake indra penciuman kang cukup kuwat. Wondene adohe jarake isih sawatara meter ing ngarepe, nanging wis bisa ngambu mungsuh.
Ora mung iku, komodo uga bisa mangsa kewan melata liyane, kayata: jinis-jinis kewan mamalia kang duweni ukuran gedhe. Meh kabeh perangan untune komodo katutup dening gusine saengga perangan untune ora katon.
Unike, wektu komodo mangan lan ngunyah, gusine ngetokake getih krana babagan iku minangka medhia kang ideal kanggo ngrembakakake bakteri kang mbebayani. Bakteri kang urip ing jero cangkeme komodo kasebut, bakal nyebabake getih korban kang dicakot keracunan. Komodo nyakot mangsane kasebut banjur mbuntuti supaya mangsane lemes lan ora bisa lunga.
Mung emane, kewan melata iki kaancam punah. Iki disebabake dening para pemburu kewan kang ora tanggungjawab saengga habitate komodo dadi rusak
Struktur palapuran asil observasi kasebut … .
definisi umum, definisi bagian, definisi guna, panutup
definisi bagian, definisi guna, definisi umum, panutup
definisi guna, definisi umum, definisi bagian, panutup
definisi umum, definisi bagian, definisi khusus, panutup
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Coba gatekna pethikan teks ing ngisor iki!
…
Jinis kulite komodo mawa sisik, wernane klawu, wujud monconge lancip, perangan lengene kuwat lan abuntut mawa otot. Kanggo ndheteksi kahananing mungsuhe yaiku wangke kewan, komodo nggunakake indra penciuman kang cukup kuwat. Wondene adohe jarake isih sawatara meter ing ngarepe, nanging komodo bisa ngambu mungsuhe.
… .
Perangan teks dhuwur iki klebu ing struktur … .
definisi umum
definisi bagian
definisi guna
definisi khusus
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Coba gatekna pethikan teks ing ngisor iki!
… Mung emane, kewan melata iki kaancam punah. Iki disebabake dening para pemburu kewan kang ora tanggungjawab saengga habitate komodo dadi rusak.
… .
Dudutan (kesimpulan) sing bisa dijupuk saka perangan teks dhuwur, yaiku …
Habitate kewan komodo rusak lan ora ana sing tanggung jawab
Kewan-kewan komodo wis kaancam punah sarta habitate rusak
Kewan-kewan melata kang aran komodo saiki kaancam punah
Komodo kaancam punah krana pemburu sng ora tanggung jawab
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
… komodo uga bisa mangsa kewan melata liyane, kayata: jinis-jinis kewan mamalia kang duweni ukuran gedhe.
Tembung mangsa ngemu teges … .
mungsuh
kekancan
mangan
musim
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Setitekna perangan-perangan teks asil observasi ngisor iki!
Pemanasan Global
I. Gas karbon dioksida (CO2), karbon monoksida (CO), sarta gas metan.iki kang nuwuhake greenhouse effect utawa gas rumah kaca ing atmosfer bumi saengga sinar ultra violet kandheg saka jero atmosfer. Bab kasebut njalari mundhake suhu rata-rata ing bumi. Yen bab iki dumadi sajrone wektu kang suwe, mula bakal ngakibatake mundhake banyu laut akibat saka es kutub lor lan kidul kang nyuwer (mencair).
II. Dumadine pemanasan global yaiku akibat ananing pangaribawane gas rumah kaca kang arupa gas karbon dioksida (CO2), karbon monoksida (CO), sarta gas metan.
III. Cethane, penyebab utama pangaribawa rumah kaca iki ya saka tumindake manungsa dhewe, salah sijine yaiku penebangan pohon lan nggunakake listrik sacara leluwihan.
IV. Sakliyane iku pemanasan global uga diakibatake dening pangudhare ozon (O3) dadi oksigen (O2) sarta unsur O. Dadi, ozon ora bisa namengi sinar ultra violet saengga sacara langsung bisa nembus permukaan bumi.
Pemanasan global asring sinebut kanthi tetembugan global warming. Global warming yaiku sawijine proses mundhake suhu bumi kang diakibatake dening mundhake gas buwang karbon, kang salah siji asale saka aktivitase industri
Urutan kang trep struktur teks asil observasi iki … .
III, V, I, IV, II
V, I, II, IV, III
I, IV, II, V, III
V, II, I, IV, III
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Setitekna teks drama ngisor iki !
Sawijine dina Jumat ing sekolahan Suka Maju. Wektu ngaso: Gimun, Siti, Sekar, Bagas, lan Yanto mlaku-mlaku ing plataran sekolahan. Bocah lima kasebut ditugasi bu guru njupuki sampah sing kleleran.
Gimun : “Aku nemu sampah iki, trus dibuwang ngendi, ora ana papan sampahe?” Siti :“Gawanen dhisik! mengko yen nemu papan sampahe, enggal buwangen!” Gimun : “Oh ngono ta. Iya-iya, aku sarujuk.”
Yanto : “Lho, nyapo kawit mau Kowe iku njupuki sampah?” Sekar : “Piye ta Kowe iku, awake dhewe iki rak ditugasi bu guru.”
Yanto : “Iya sih aku lali. Awake dhewe rak diutus njupuki sampah sing kleleran.” Bagas : “Iki aku nggawa kresek. Endi sampah-sampahe, buwangen kene wae!” Siti : “Iya, aku daknunut mbuwang sampah ing kresek plastikmu wae!”
Yanto : “Klompok liyane lagi ngapa ya saiki?”
Sekar : “Klompok liya ya duwe tugas dhewe-dhewe: ana sing nyapu, ngepel, ngelap. Ana uga sing nandur kembang lan nyiram taman.”
(Sawise sawatara waktu, tugas njupuki sampah wis rampung).
Bagas : “Ayo enggal bali menyang kelas, tugase awake dhewe wis rampung.”
Wusanane bocah lima saklompok mau mbalik menyang kelas lan matur karo bu guru yen tugase njupuki sampah wis rampung lan kabeh mbacutake kegiyatan belajar mengajar ing kelas.
Struktur teks drama ing dhuwur yaiku …
prolog, dhialog, epilog
epilog, dhialog, prolog
monolog, dhialog, epilog
prolog, dhialog, monolog
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Setitekna perangan teks drama ngisor iki!
Ary : “Aku rak wis kandha, aku emoh melok. Lah apa kok meksa ngejak ae.” (Hiiii iiii … hiii iii Ary nangis ora meneng-meneng)
Ary : “Ngene iki yok apa? Kadung mbolos sekolah lan konangan pak guru. Pasti engkuk ana panggilan orang tua. Aku tambah diseneni bapak ibuku.”
(Hiiii iiii … hiii iii). “Penake aku singidan ae.” (Hiiii iiii … hiii iii).
Toni : (ora nyuwara babar pisan, mung nyawang Ary kebak rasa getun) Beny : (ndhingkluk ngrumangsani salah lan sepisan-pisan noleh marang Ary)
Paraga Ary kajibah nindakake … .
epilog
dhialog
prolog
monolog
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?
Similar Resources on Wayground
50 questions
PENILAIAN SUMATIF AKHIR SEMESTER GENAP | PKP JAR -XI TJKT 2
Quiz
•
9th - 12th Grade
46 questions
Latihan Ujian Tengah Semester Bahasa Jawa
Quiz
•
10th Grade
50 questions
UH - Teknologi Wireless dan Jaringan Seluler
Quiz
•
10th Grade
49 questions
Education Quizzi
Quiz
•
4th Grade - University
48 questions
2°SEC-REPASO/Examen Final de Español
Quiz
•
10th Grade - University
52 questions
tema 6 level 3
Quiz
•
11th Grade
49 questions
địa
Quiz
•
10th Grade
50 questions
Information Technology
Quiz
•
12th Grade
Popular Resources on Wayground
7 questions
History of Valentine's Day
Interactive video
•
4th Grade
15 questions
Fractions on a Number Line
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Equivalent Fractions
Quiz
•
3rd Grade
25 questions
Multiplication Facts
Quiz
•
5th Grade
22 questions
fractions
Quiz
•
3rd Grade
15 questions
Valentine's Day Trivia
Quiz
•
3rd Grade
20 questions
Main Idea and Details
Quiz
•
5th Grade
20 questions
Context Clues
Quiz
•
6th Grade
