
UTS SEMESTER GANJIL KELAS 10
Authored by Arief styoko
World Languages
University
Used 16+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Ora kanyana babar blas,nalika pemerintah lagi repot ngadhepi pemilu legislatif 9 april 2009, ing tlatah Kabupaten Tanggerang, Propinsi Banten ana kedadeyan banjirbandhang amarga dhadhale bendungan Situ Gintung. Dumadine ing dina jemuah tanggal 27 maret 2009 ing wayah esuk, nalika wong-wong isih padha turu. Tembung situ iku saemper karo tembung wadhuk, kang sabanjure dibendung. Dene gintung iku jeneng panggonan utawa desa. Wadhuk kang mapan ing Desa Gintung iku banjur nemahi dhadhal lan sabanjure ngelebi lan nerak omah-omah sing mapan ing sangisore bendungan. Wis bisa dipesthekake omah-omah dadi rusak bosah-baseh, ajur mumur kagawa banjir bandhang. Malah sing nemahi seda luwih 100 wong. Durung meneh sing padha ilang lan kelangan sedulur, kanca, omah lan bandha liya-liyane.
Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ingsaindhenge donya, ora mung tlatah Indonesia thok. Akeh sing padha trenyuh sabanjure padha melu tetulung. Menehi barang-barang awujud sandhang, pangan lan wujud liyane.
Babagan kang dirembug ing artikel kasebut, yaiku …
Pemilu legislatif
Wadhuk situ gintung
Omah rusak
Korban banjir
Banjir bandhang
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Tembung situ gintung tegese …
Wadhuk kang mapan ing Desa Gintung
Wadhuk
Panggonan utawa desa
Bendungan
Papan wisata
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Kang dadi korban anane banjir bandhang Situ Gintung yaiku…
Masarakat Tanggerang
Wong-wong sing manggon ing sangisore bendungan
Wong-wong sing manggon ing Desa Gintung
Masarakat ing propinsi Banten
Wong ing saindhenge donya
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Pawarta kang kaya mangkono mau mesthi wae enggal sumebar ing saindhenge donya, ora mung tlatah Indonesia thok. Tembung tlatah tegese …
Kutha
Negara
Dhaerah
Desa
Dhukuh
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Karangan nyata kang komplit kang digawe kanggo diwartakake lumantar media massa kanthi online utawa offline kang nduweni ancas kanggo ngandharake gagasan lan fakta kang bisa ndadekake wong percaya uga menehi piwulang utawa panglipur diarani …
Pacelathon
Cerkak
Drama
Geguritan
Artikel
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Panulise artikel manawa kaudhal manut tata rakite/ struktur yaiku …
Isi, masalah, dudutan
Dudutan,isi,masalah
Pambuka,dudutan,masalah
Pambuka,isi,dudutan
Pambuka,isi,masalah
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
2 mins • 1 pt
Artikel sing ngandharake kasunyatan miturut panalare panulis. Jinis iki pas banget kanggo ngandharake patemon anyar, diarani ….
Artikel ekploratif
Artikel ekplanatif
Artikel deskriptif
Artikel prediktif
Artikel preskriptif
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?