
Ulangan 1 Kls 8 sem 1
Authored by Dian Wijayanti
Education
8th Grade
Used 6+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
10 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Crita utawa dongeng kang ana gegayutane karo kedadeyan alam utawa dumadine sawijining papan diarani . . . .
Dongeng
Legenda
Mite
Epos
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan kasektiane. Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan arep nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.
Pitutur luhur sing trep karo cerita ing ndhuwur yaiku . . . .
Raja iku kudu sing paling kuat, paling sekti
Wong sing sekti sakliyane Prabu Aji Pramasa kudu dicekel amarga wis gawe nesu lan mangkel rajane.
Prabu Aji Pramosa kudu mateni wong-wong sing lewih sekti
Wong sing duwe kalewihan (pinter lan sekti) bakal terkenal sinaosa (walaupun) mboten pamer
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Naga iku marani Aji Pramosa lan nyerang dheweke sarta para punggawane. Kanthi gugup lan bingung ngadhepi kahanan iku Aji Pramosa banjur ngeculake panahe lan ngenani wetenge naga. Naga mau banjur ilang mbarengi ombak sing ilang ing tengah segara. Bareng nagane ilang banjur ana wong wadon mlayu ing dhuwuring ombak. Jebul naga mau jelmaan saka wong wadon sing ayu saka sisih wetan pulau Nusakambangan. Wong wadon ayu mau ngampiri Aji Pramosa karo ngomong matur nuwun amarga panahe bisa nggawe dheweke dadi manungsa maneh. Kanggo rasa matur nuwun wong wadon mau menehi kembang wijayakusuma kanggo Aji Pamosa. Wong wodon iku ngomong marang Aji Pramosa, “Kembang wijayakusuma iku ora bisa ditemokake ing alam biasa, sapa sing bisa nduweni kembang iki bakal nurunake raja-raja sing bakal duwe kuwasa ing tanah Jawa”.
Sapa sing dipanah, kena wetenge....
Naga
Prabu Aji Pramosa
Dewi Wasowati
Hulubalang
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Kembang saka wong wadon iku kanggo Prabu Aji Pramosa diarani kembang . . . .
Wijayanti
Wijayasukma
Wijayakusuma
Wijayakesuma
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Cerita mau ing ing dhuwur nyritakake asal usul . . . .
Nusakelapa
Nusakambangan
Nusantara
Nusajaya
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Penggalihe sedagar sugih kuciwa banget amarga rumangsa diapusi, mulane sedagar mau duka banget marang anak buahe. Ora let suwe sedagar mau kondur didherekake anak buahe. Liya dina ana rombongan brandhal, kecu kang kepengin nguwasani tlatah iki. Kanthi nepsu amarah lan lawamah, para brandhal mau teka ing papan iki. Para brandhal kecu ngamuk-ngamuk amarga papan kang dicritakake dening wong-wong sapinggiring desa kabeh ora ana kasunyatane. Anane mung lemah kosong kang amba kang ora ana apa-apane kajaba mung suket kang akeh.
Nilai karakter apa kang kudu disingkiri (dihindari) saka para sedagar yaiku . . . .
Loma, seneng bagi-bagi karo warga desa
Apikan ora tau rebutan wilayah
Srakah, pengen nguwasani dewek desa kang gemah ripah
Ngalah karo para warga desa
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Saben disawang saka kadohan, papan iki katon gemah ripah, sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ngilang, mung wujud papan amba kang dituwuhi suket. Wong-wong wektu iku ngarani papan iki Nglimut, tegese nylamur utawa ilang. Nganti saiki papan kasebut diarani Nglimut kang mapan ing desa Gonoharja, kecamatan Limbangan kabupaten Kendal.
Desa iku saiki diarani desa . . . .
Desa-desaan
Desa Halimun
Desa Ngilang
Desa Nglimut
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?