
PTS Bahasa Jawa Kelas 6 Semester 1
Authored by eka yuliana
World Languages
6th Grade
Used 128+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
20 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Gambar iku diarani pagelaran ....
jaran balap
jaranan
jathilan
reog
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Wacanen wacan ing ngisor iki.
Ngelingi kahanan bangsa lan negara sing tambah mawut, awit tumindake para manungsa sing saya suwe tambah murka sing ndadekake kasangsarane kawula. Mula Ratu Ayu Mega Dewi Sri Saparwi, salah sijine spiritualis lan pemangku adat Padhepokan Kayi Langsur, banjur nggelar ruwatan Ageng Tutup Sura, kanthi karep mligi amrih para pejabat sing duwe sipat jahat enggal eling lan ngendheg tumindak murka, satemah gelem ngudi kamakmuran rakyat.
Upacara ruwatan tujuane kanggo ....
golek dana
narik wisatawan
nyuwun keslametan
seneng-seneng
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Wacanen wacan ing ngisor iki.
Prosesi ruwatan Agung Tutup Suran iki digelar ing Umbul Tirta Mulya, dina Jumat Wage 15 Nopember 2019 bengi. Upacara iki dipandhegani Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri Saparwi. Upacara iki uga ngajak wong sukerta cacah 29 wong. Yaiku wong sing tansah apes uripe. Wong-wong iku diwajibake nggawa sesaji arupa woh naga, gedhang raja, apel diwadhahi tampah, tengahe diwenehi lilin lan dhuwit salilane. Lilin banjur disumet Bu Dewi, pratandha oleh pepadhange urip. Prosesi dibacutake kirab tulak balak. Tumeka sapinggire umbul, para penari njoged Bedhaya Dewi Mega Awan, pralambang Gusti Maha Wikan paring berkah.
Sesaji woh-wohan kang dianggo upacara ing Umbul Tirta Mulya yaiku ....
apel ijo, gedhang raja, lan woh naga
gedhang mas, woh naga lan apel
pelem, gedhang kepok, lan jeruk nipis
woh naga, gedhang raja, lan pelem gadung
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Upacara Ruwatan Ageng Tutup Sura dipandhegani dening Bu Dewi.
Tembung dipandhegani tegese ....
dikancani
dipimpin
diragadi
ditekani
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Tradhisi Jawa ing ngisor iki kang kaleksanan sadurunge bayi lair yaitu ....
brokohan
mitoni
selapanan
sepasaran
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Budaya Jawa kudu diuri-uri wiwit saiki supaya tumekan anak putu.
Diuri-uri tegese ....
digambar
dijarake
dijaga
diwarisake
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
Festival ingkang badhe dipungelar saben tauning Ngayogyakarta punika ngumandhangaken maneka gendhing ingkang dipungarap dening saben paguyuban.
Tembung "paguyuban" tegese ....
gotong-royong
musawarat
pakumpulan
dhewe-dhewe
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?