
Pembahasan UH Cerkak
Authored by susi witdiyawati
Other
7th Grade
Used 2+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
KAPISAN LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi munggah kelas 5. Nalika mlebu kelas, ana murid anyar lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute rada arang, nganti meh gundhul. Pokoke mesakake banget perawakane.
Ing dina sepisan munggah kelas kuwi, Bu Guru ndhawuhi saben murid kanggo ngenalkake awake dhewe-dhewe ing ngarep kelas. Saiki gilirane bocah anyar lanang mau ngenalake awake. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndhawuhi murid-murid meneng. Nanging ya dhasare bocah, tetep ora bisa meneng.Bocah-bocah ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora didukani Bu Guru.
Mlakune bocah anyar mau nganti keseret-seret. Wektu dheweke ngadeg sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke.
” Je . . jeneng . . jenengku Ad . . Adri ” jarene gagap. ” A . ... aku . . sa.. .saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut. Sanajan mengkono anggone Adri omong tetep diteruske. Ana rasa mesakake sumelip ing atiku.
Wacan ing dhuwur iku pethikan sawijining cerkak. Apa sing dikarepke cerkak?
A. crita gancaran sing ngandharake sarining lelakon saka wiwitan tekan pungkasan kanthi cekak
B. crita sing perlu disambung-sambung
C. crita sing pelakune mung siji
D. crita sing ora nganggo konflik
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Ing ngisor iki kalebu ciri-ciri cerkak… .
A. paragane akeh
B. latar kang diandharake suwe
C. crita kang diwaca sedhela rampung
D. alur crita dawa utawa cendhak manut karepe pengarang
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Papan, wektu, swasana, kedadean tumindake paraga/ kedadean sing dialami paraga diarani … .
A. latar
B. alur
C. sudhut pandhang
D. gaya bahasa
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Perkawis ingkang dados landhesaning crita yaiku… .
A. piweling
B. tema
C. setting
D. alur
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Kang kacetha ing ngisor iki kalebu unsur intrinsik cerkak, kejaba … .
A. kahanan sosial
B. piweling
C. paraga
D. tema
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Jadwale Mbakyu Rida yen Kemis jam ping 9-10 neng kelas VIII.A. Pas Kemis kuwi materine tembang Pangkur. Mbakyu Rida takon dhek neng kelas 7 wis tau diajari tembang apa? Murid-murid mangsuli tembang Pocung isi cangkriman. Bocah-bocah banjur diajak nembang. Sawise kuwi banjur genti ngrembug tembang Pangkur. Merga para murid matur yen durung tau ngerti apa maneh krungu tembang Pangkur, Mbakyu Rida banjur rengeng-rengeng nembangake.
Latar ing pethikan cerkak ing dhuwur iku… .
A. neng jero kelas, awan, kegiatan pasinaon
B. neng jero kelas, esuk, kegiatan pasinaon
C. neng jaba kelas, awan, kegiatan ekstrakurikuler
D. neng jaba kelas, esuk, kegiatan ekstrakurikuler
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Sawetara wektu, Mbakyu Rida ora nyuwara. Dumadakan dheweke kelingan tembang Gambuh. “Para murid-muridku, aja lali welinge ibumu, tata krama ya sopan santun dieling, ora kena waton ngguyu, bisa gawe nesuning wong.” Anggone nembang sero kaya mbengok kanggo ngetokake rasaning ati.
Kepriye swasana atine Mbakyu Rida ?
A. seneng, ngajari nembang Gambuh
B. seneng, ndhawuhi supaya eling marang ibune
C. duka amarga ana sing nyelelek/ora serius
D. biasa wae, weling ora kena waton ngguyu
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?