
ANALISIS GEGURITAN
Authored by Kunthi Nawaruci
Other
11th Grade
Used 18+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
. Puisi Jawa ingkang ngginakaken tetembungan ingkang endah saha boten kaiket dening guru lagu, guru gatra lan guru wilangan inggih menika….
macapat
puisi
geguritan
kidung
lelagon
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Aja Kuwatir Pahlawanku
déning: R. Bambang Nursinggih
Tekan pucuk punthuke sasanalaya ora gawe kuciwa
Aruming kukus ratus ngambar sumebar kumelun ngekuwung mendhuwur
Kumlebate kembang setaman kacampur sadana minangka sawur
Kairing swara kidung mbrengengeng lamat-lamat mangungkung
Mimbuhi rasa sungkawa kang jero tumrap kang lagi suwung
Sumitra lan sedulur samya manekung santi puja
Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana
Katrima minangka amal baktine Ing ngarsa dalem Allah Ta’ala
(Arak-arakan Geguritan, 2007)
Ing ngandhap menika ingkang jumbuh kaliyan isining pada kaping kalih geguritan ingkang asesirah Aja Kuwatir Pahlawanku, inggih menika …
Kabeh wong padha sedhih
Ana kembang kang mati.
Sanak sadulur padha ndedonga dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa muga-muga ora ana kang suwung.
Sanak sedulur padha ndedonga dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa muga-muga para pahlawan katampi amale.
maringi puji pangalembana dhateng para pahlawan
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Golong gilig nyawiji esthi,
nedya njaga lan ngupakara,
mbrastha lemut akeh lelara,
ngudi waras ayem tentrem.
Tembung “esthi” ingkang dipuncithak kandel tegesipun inggih menika............
endah
manunggal
niyat
becik
dadi siji
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Bab kang kedah dipungatosaken nalika damel geguritan inggih menika....
basane nggunakake basa rinengga
tembunge mathis, basa krama inggil
tembunge mentes, cekak, basa prasaja
nganggo guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra
tembunge éndah, nggladrah, nganggo guru gatra
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Tegesipun tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki inggih menika…
esuk
bengi
sore
surup
awan
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen ing pojok ati
Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
Makna saking ukara ”Kanthi ati kang krasa rinujit” inggih menika …
Ati kang bungah
Rasa kang mantep
Ati kang serakah
Ati kang kelara-lara
Ati kang kelegan
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Nalika nulis geguritan kudu nggatekake pamilihan diksi, apa tegese nggatekake pamilihan diksi......
madhakake tibaning swara ing pungkasaning gatra
migunakake lelewa basa, tembung camboran, lan basa kiasan
migunakake tembung-tembung kang jumbuh lan trep karo bab kang arep diandharake
nemtokake judhul kang trep karo tema
nemtokake judhul kang narik kawigatosan
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?