
UNGGAH-UNGGUH 1
Authored by Kunthi Nawaruci
History
10th Grade
Used 6+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
10 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Tiyang Jawi menika kawentar grapyak semanak, remen sapa aruh dhateng tiyang ingkang dereng tepang menapa dene ingkang sampun tepang. Mila makaten tegesipun tiyang Jawi menika kebak unggah-ungguh. Unggah-ungguh tegesipun inggih menika.....................
tata-pranataning basa miturut lungguhing tatakrama
aruh-aruh dhateng tiyang sanes
micara ngginakaken basa Jawi
tumindak saha micara kanthi kebak rasa tresna
kasar alusing basa Jawa
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
Unggah-ungguh basa Jawi ingkang dipunginakaken kangge nyariyosaken (nyritakke) awakipun piyambak saha gineman dhateng kanca ingkang sadrajad, sapantaran saha akrab inggih menika…………….
Ngoko lugu
Ngoko alus
Ngoko andhap
Krama lugu
Krama alus
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Ukara ngandhap menika ingkang trep kaliyan unggah-ungguhipun ingkang pundi?
Bu, kula ajeng teng griyane kanca kula.
Bu aku njaluk sangu!
Pak, kula boten kagungan bukunipun.
Pak kula badhe nyuwun ngampil selopipun kepareng?
Nuwun sewu Bu, badhe taken
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
5 mins • 1 pt
(1) Pak RT ngaturi Pak Dukuh rawuh ing dalemipun Pak Sobri saprelu kenduri.
(2) Bu RT ndawuhi kula supados enggal kondur.
(3) Ibu ngendika manawi simbah saweg sare ing lincak.
(4) Kula pirsa manawi Pak Lurah rawuh ing pahargyan manten kala wau.
Saking ukara-ukara ing inggil, ukara ingkang trep (bener) manawi dipuntingali saking unggah-ungguh basanipun inggih menika nomer…………..
(2) saha (3)
(2) saha (4)
(3) saha (4)
(1) saha (2)
(1) saha (3)
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
1 min • 1 pt
"Budhe tindak dhateng peken badhe ……….. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipuin kula ugi badhe………… jajanan kangge sangu plesir."
Tembung ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg ing inggil inggih menika……………
mundhut, mundhut
mundhut, tuku
mundhut, tumbas
tumbas, tumbas
tumbas, mundut
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
3 mins • 1 pt
Sinta : “Sampeyan menapa gadhah arta pecahan Rp. 20.000,- ingkang gunggungipun Rp. 500.000,-? Menawi gadhah kula badhe ngampil."
Meli : “Boten gadhah menawi samanten, Bu”.
Adhedhasar teks pacelathon ing nginggil, tembung ingkang dados titikanipun (ciri) basa krama lugu inggih menika................
gadhah
kagungan
gunggungipun
badhe
tindak
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Tembung-tembungipun ngoko kacampur tembung krama inggil, tembung ‘aku’ tetep nanging tembung ‘kowe’ dipungantos ‘panjenengan’.
Adhedhasar andharan kasebut ing nginggil, kalebet titikanipun basa…………
Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Krama madya
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Microsoft
or continue with
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?