
LATIHAN UJIAN SEKOLAH DASAR
Authored by beta dwi perwira
Other
6th Grade

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
35 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
1. Sanajan sekolahanku mapan ing padesan nanging aku krasan banget ana ing sekolahan, jalaran sekolahan katon endah, asri, lan ngesepake. Platarane jembar, ing sakiwa tengene kebak wit-witan kang ngrembuyung. Tamane uga katon tumata kebak tetanduran lan kekembangan kang njalari endahe sesawangan. Hawa ing sekolahanku krasa seger jalaran ing sakiwa tengene sekolah kebak wit-witan lan tanduran kang tumata rapi. Irah-irahan kang trep kanggo teks ing dhuwur yaiku … .
Njaga Lestarine Lingkungan
Sekolahku Endah lan Asri
Asale Oksigen
Kesadharan Masyarakat kanggo Njaga Karesikan
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
2. Indonesia negara kang endah. Kaendahane alam Indonesia kondhang sadonya. Akeh wong manca sing kasengsem karo kaendahane alam Indonesia. Maneka warna tanduran lan kewan, mung mligi ana ing Indonesia. Mula wis dadi kewajibane kabeh wong Indonesia njaga lestarine alam. Ukara utama teks ing dhuwur yaiku … .
Indonesia negara kang endah.
Kaendahane alam Indonesia kondhang sadonya.
Akeh wong mana sing kasengsem karo kaendahane alam Indonesia.
Maneka warna tanduran lan kewan, mung mligi ana ing Indonesia.
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
3. Sakabehing makhluk sing urip kuwi mbutuhake lingkungan kanggo nyukupi kebutuhane. Sing diarani lingkungan yaiku apa wae sing ana ing sakiwa tengene makhluk sing urip kuwi. Sawijine lingkungan dumadi saka lingkungan biotik (sing urip) lan lingkungan abiotik (sing ora urip). Lingkungan biotik dumadi saka kewan, wit-witan, lan makhluk urip liyane. Dene lingkungan abiotik dumadi saka sorote srengenge, banyu, hawa, angin, lan lemah. Ukara pitakon sing trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku … .
Kepriye carane njaga lestarine lingkungan?
Apa wae kebutuhan makhluk urip sing kudu dicukupi?
Kepriye carane supaya wit-witan iso lestari?
Apa wae sing kalebu lingkungan abiotik?
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
4. Wacan 1 Ing mburi omahku ana sawah sing amba banget. Sawah ing mburi omah dumadi saka pirang-pirangane kedhok. Antarane kedhokan siji karo kedhokan liyane dibatesi galengan. Galengan kang mbatesi kedhokan-kedhokan kuwi ditata kanthi rapi lan katon endah menawa disawang saka kadohan. Ing sakiwa tengene sawah ana kalenan kang banyune bening banget. Ya saka banyu kalenan kuwi sing digunakake kanggo ngelebi sawah-sawah ing kono. Tandurane pari katon ijo royo-royo kang tansaya nambahi endahe sesawangan. Saben dina para among tani padha ora bosen ngupakara tandurane pari ing sawah. Wacan 2 Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul sumundhul ngawiyat. Manuk-manuk pating sliwer ing sakupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter. Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adhem. Wong-wong sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nandur janganan. Bedane isi wacan 1 lan wacan 2 yaiku … .
Wacan 1 : lingkungan sawah , Wacan 2 : lingkungan gunung
Wacan 1 : tanduran pari , Wacan 2 : tanduran woh-wohan lan janganan
Wacan 1 : lingkungan mburi omah, Wacan 2 : lingkungan adoh saka omah
Wacan 1 : sesawangan endah, Wacan 2 : sesawangan ijo royo-royo
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
5. Negriku Indonesia Nut jman kapungkur tetep nyawiji Nunggal ingkang den ginayuh Karaharjaning bangsa Loh jinawi subur kang tinandur Murah sandhang lawan pangan Karukunan kang jinagi Tembang pangkur ing dhuwur duweni watak … .
sengsem
grapyak
tegas
sedhih
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
6. Tinakdir ing alam donya Tinitah ikhtiyar angular budi Lakune angudi ilmu Netepi tatakrama Samangsane manjing ing tataning srawung Dimen gesang bagya mulya Menep lahir uga batin Tembung kan podho tegese karo tembung kang kacitak kandel yaiku … .
urip
garing
seneng
susah
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 2 pts
7. Langit iki katon padang Kaya padange ning ati Ngilangake rasa malas Sing tansah ngrogoti ati Aku tansah taberi Menyang ing papan sinau Golek ilmu manfaat Kanggo sanguning urip Dadi wong sing migunani marang bangsa Guru wilangan lan guru lagu tembang sinom ing ndhuwur yaiku … .
8a-8i-8a-8i-8i-8u-7a-8i-12a
8a-8i-8a-8i-7i-8u-7a-8i-12a
8a-8i-8a-8i-7i-7u-7a-8i-12a
8a-8i-8a-8i-8i-7u-7a-8i-12a
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?