Search Header Logo

Latihan STS Bahasa Jawa

Authored by Khoirun Nikmah

Other

5th Grade

Used 1+ times

Latihan STS Bahasa Jawa
AI

AI Actions

Add similar questions

Adjust reading levels

Convert to real-world scenario

Translate activity

More...

    Content View

    Student View

20 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

5 mins • 1 pt

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

       Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal wonten mriki. Wonten dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.

       Rencang-rencang, mangertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged dipunwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.

       Dipun tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun minangka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita.

       Kejawi mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka lelaku njagi karesikan. Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentunipun atur kawula. Saking kawigartosanipun kawula ngaturaken maturnuwun.

                   Wassalamu’alaikum Wr. Wb.Isi pidhato ing dhuwur bahas babagan ….

penddidhikan

karesikan

Lingkungan punika papan gesang.

Tegese tembung gesang yaiku ….

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Lingkungan punika papan gesang. Tegese tembung gesang yaiku ….

mati

manggon

tilar

urip

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Pidhato ing dhuwur diwacakke ana ing ….

sekolah

pasar

kantor

balai desa

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Tegese tembung runtah yaiku ….

sampah

godong

plastik

kertas

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

30 sec • 1 pt

Tegese ukara "Gusti ingkang murbeng dumadi" yaiku ….

Gusti kang menehi segara

Gusti kang menehi kauripan

Gusti kang menehi kalepatan

Gusti kang menehi pangapura

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 1 pt

Tanggepan kang trep kanggo pidhato ing dhuwur yaiku....

lingkungan kuwi ora kudu dijaga

sampah kuwi yen disawang bisa marakke wangi

lingkungan kang apik kuwi lingkungan kang akeh sampahe

lingkungan kuwi kudu dijaga terutama saka sampah

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

45 sec • 1 pt

Nalika pidhato ing sangarepe wong nggunakake basa jawa ….

Ngoko

Krama

Padinan

Sastra

Access all questions and much more by creating a free account

Create resources

Host any resource

Get auto-graded reports

Google

Continue with Google

Email

Continue with Email

Classlink

Continue with Classlink

Clever

Continue with Clever

or continue with

Microsoft

Microsoft

Apple

Apple

Others

Others

Already have an account?