Search Header Logo

PTS B. Jawa Kelas XI Tapel 2024/2025

Authored by Amalia Roheni

Other

11th Grade

Used 10+ times

PTS B. Jawa Kelas XI Tapel 2024/2025
AI

AI Actions

Add similar questions

Adjust reading levels

Convert to real-world scenario

Translate activity

More...

    Content View

    Student View

50 questions

Show all answers

1.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Najib         : “Sugeng enjang, pak”.

Pak Yusro : “E……., kowe Jib. Ana perlu apa?”

Najib         : “Badhe matur sakedhik, pak. Kula badhe nyuwun katrangan babagan tugas ndamel film Jawi.”

Pak Yusro : “O…., bab iku, ta. Ngene lho, tulung mengko rampung jam sekolah kabeh kancamu kumpulke ana ing kelas. Mengko yen wis padha nglumpuk, banjur wara-warakake menawa bakal ana pirembugan mbabar nggawe film Jawa”.

Najib         : “Punapa mangke pak Yusro kersa maringi piwulangan babagan film?”

Pak Yusro : “O, ya mengko dak njlentrehake dhisik apa sing perlu disiyapke. Wiwit saka naskah, paraga, uga piranti handycam”.

Najib         : “Inggih pak, kula kinten sampun cekap. Kula badhe enggal-enggal ngabari kanca-kanca supados mangke siyang sami kempal”.

Pak Yusro : “Ya, wis kana. Aja nganti lali.”

Pacelathon ing dhuwur basa apa kang digunakake Najib marang Pak Yusro lan babagan apa kang dirembug ing pacelathon kasebut, yaiku ....

Basa krama alus, babagan tugas ndamel film Jawi.

Basa ngoko alus, babagan materi ing sekolahan.

Basa ngoko lugu, babagan wara-wara kang mbabar nggawe film Jawa.

Basa krama madya, babagan piwulangan basa Jawa.

Basa krama lugu, babagan piranti handycam

2.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Suwe banget aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku saklas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku durung ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo Baruna yaiku …

Krama

Krama Alus

Krama Andhap

Ngoko Alus

Ngoko Lugu

3.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

  “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. buku tulis kangge cathetan.”

Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... 

tumbas, tumbas

mundhut, tumbas

mundhut, mundhut                                         

mundhut, tumbas

mundhut, tuku

4.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

“Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.”

Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….

dhahar, nedha

nedha, mangan

mangan, nedha

dhahar, dhahar

nedha, dhahar

5.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Pak Salim      : “bocah – bocah sesuk kuwi wis mulai PKL tulung ketua kelompok tanggung   jawab karo anggotane ya. Aja nganti ana sing mbolos.”

  Budiharjo      : “nggih Pak. Nuwun sewu pak badhe nyuwun priksa.”

  Pak Salim      : “Kepriye Bud?”

  Budiharjo      : “.....................................................................................................”

  Pak Salim      : “Luwih becik kuwi gawa surat, yen lara ya surat dokter. Yen kepeksa ora ana   sing dititipi bisa tilpun sik surate menyusul. Kowe PKL ing ngendi Bud?”

 

Pitakone Budiharjo kang paling  trep kanggo jangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

“Menawi boten kesah, nyuwun idin mawi tilpun kados pundi Pak?”

 “Menawi boten tindak, nyuwun idin mawi tilpun pripun Pak?”

“Yen boten lunga idin, njaluk mawi tilpun pripun Pak?”

“Menawi boten budhal, nyuwun idin mawi tilpun kados pundi Pak?

"Yen boten tindak, nyuwun idin mawi tilpun kados pundi Pak?”

6.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Aku sakulawarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngerti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku ....

Ngoko Lugu

Ngoko Alus

Krama Alus

Krama Andap

Krama Deso

7.

MULTIPLE CHOICE QUESTION

1 min • 2 pts

Pak Raka   : “Apa kuwe duwe Bausastra (kamus) Basa Jawa?

      Putri          : …............................

      Ukara ingkang trep kangge ngisi ceceg-ceceg ing nginggil inggih punika ….

Inggih kula pendhet

Inggih kula duwe.

Inggih kula kagungan.

Inggih kula nyimpen.

Inggih kula gadhah.

Access all questions and much more by creating a free account

Create resources

Host any resource

Get auto-graded reports

Google

Continue with Google

Email

Continue with Email

Classlink

Continue with Classlink

Clever

Continue with Clever

or continue with

Microsoft

Microsoft

Apple

Apple

Others

Others

Already have an account?