
STS 2 Bahasa Jawa Kls 4
Authored by Imronatun Sholiah
Other
4th Grade
Used 2+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
5 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Dumadine Rawa Pening
Nalika warga desa lagi padha pista mangan enak lawuh iwak ula asil buronane, ana bocah bajang keluwen mara nyedhaki. Kanthi rasa kepengin banget, bocah bajang iku nyedhaki sawijining wong lanang kang lagi mangan ana ing kono.
“Nyuwun Pak, kula luwe…..” tembunge.
“Eh kana! kana! semingkir sing adoh! Awakmu reget, ora ngenak-enaki wong pista! Kana sumingkir sing adoh, aja ana kene!”
Bocah bajang iku lunga, ganti nyedhaki wong liyane.
Nyuwun Pak, kula luwe,” bali tembunge.
Kaya wong mau, bocah bajang iku ora diwenehi sega, malah disurung-surung dikon lunga. Kanthi ati lara lan nelangsa, bocah bajang iku lunga ninggalake papan kono. Tekan ing sawijining omah, dheweke ngambu masakan kang sedhep banget sing gawe wetenge sangsaya krasa luwe. Dheweke nembung mangan marang sing duwe omah, nanging ora diwenehi.
Mangkono, saben uwong kang dijaluki pangan ora ana sing menehi. Bocah bajang iku malah diusir, dikongkon lunga sing adoh. Kanthi tumungkul, bocah bajang iku mlaku nglungani wong-wong iku. Ora krasa, lakune tumeka ing sawijining omah gubug. Bocah bajang iku mandheg, lungguhan ing cedhak kono.
“Ngger, ngapa kok lungguhan ana kono? Kene lho, mlebu omah kene” aloke swara saka njero gubug.
Bocah bajang kaget, noleh ngiwa lan nengen.
“Kene lho Ngger, mlebua omah kene. Iki ana sega sethithik, ayo dipangan bareng!”, pangajake nini nini tuwa sing duwe gubug.
“Mbah, kula matur nuwun diparingi maem. Mangke nek wonten banjir panjenengan numpak lesung niki nggih, Mbah? Pun kula nyuwun pamit.”
Karo kandha kaya mengkono bocah bajang iku lunga ninggalake nini tuwa iku. Bener kandhane bocah bajang. Ora let suwe dumadakane desa iki keleban banjir. Banyune banjir bening banget. Wong sadesa kabeh padha klelep ora ana sing slamet, kejaba nini tuwa kang numpak lesung. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Rawane bening banget.
“Bening, bening bening,” kandhane nini nini tuwa karo numpak lesung. Wusanane rawa iku dijenengake rawa pening, nganti saiki.
Cerita ing dhuwur iku kalebu cerita rakyat kang awujud . . . .
legenda
fabel
mitos
sage
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Miturut cerita rakyat ing dhuwur, warga padha pista mangan enak lawuh iwak . . . .
sapi
kebo
ula
menjangan
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Nalika padha pista, ana bocah bajang keluwen nyedhaki. Tembung keluwen tegese padha karo . . . .
kakehan
weruh
sambat
ngelih
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Sadurunge pamit, bocah bajang meling nini-nini menawa ana apa-apa supaya numpak . . . .
lesung
kapal
prau
gethek
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Jeneng Rawa Pening dumadine saka tembung . . . .
pening
wening
bening
hening
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?