Dumadine Rawa Pening
Nalika warga desa lagi pista mangan enak lawuh iwak ula asil burone, ana bocah bajang
keluwen mara nyedhaki wong lanang kang lagi mangan. Bocah bajang njaluk mangan nanging
malah dikongkon semingkir sing adoh. Bocah bajang lunga nyedhaki wong liyane, nanging ora
diwenehi sega. Malah disurung-surung dikon lunga. Mangkono, saben wong dijaluki pangan ora
ana sing menehi. Kanthi ati lara lan nelangsa, bocah bajang iku lunga ninggalake papan kono.
Ora krasa, mlakune tumeka ing sawijining omah gubug kang dipanggoni nini-nini tuwa. Bocah
bajang diajak nini-nini tuwa nangan bareng ing gubug. "Mbah, kula matur nuwun diparingi maem.
Mangke menawa wonten banjir, panjenengan numpak lesung niki nggih, Mbah? Pun kula nyuwun
pamit." Karo kandha bocah bajang iku ninggalake nini-nini tuwa iku.
Bener kandhane bacah bajang. Ora let suwe dumadakan desa iku keleban banjir. Banyune
banjir bening banget. Wong sadesa klelep ora ana sing slamet, kejaba nini-nini tuwa kang numpak
lesung. Desa iku keleban banjir dadi rawa. Marga banyu rawa bening banget. Wusanane rawa
iku dijenengake Rawa Pening, nganti saiki.
cerita ing nduwur iku kalebu cerita rakyat kang awujud .....