
Bahasa Jawa Kelas V - STS II
Authored by RENATA NURANI
World Languages
5th Grade
Used 1+ times

AI Actions
Add similar questions
Adjust reading levels
Convert to real-world scenario
Translate activity
More...
Content View
Student View
25 questions
Show all answers
1.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Marma den teberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking ....
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami
Tembang ing dhuwur yaiku tembang...
Durma
Kinanthi
Gambuh
Mijil
2.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Tembang macapat iku klebu jinis tembang...
gedhe
alit
tengahan
kidung
3.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gatekna pratelan ing ngisor iki!
(1) Jamuran
(2) Megatruh
(3) Jaranan
(4) Kinanthi
Kang klebu jinise tembang macapat yaiku nomer...
(3) lan (4)
(2) lan (4)
(1) lan (4)
(1) lan (2)
4.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Mangka kanthining tumuwuh, Salami mung awas eling, Eling lukitaning alam, Dadi wiryaning dumadi, Supadi nir ing sangsaya, Yeku pangreksaning urip.
Guru lagu tembang ing dhuwur yaiku ..
u, i, a, i, a, i
i, a, e, a, a, u, a a
c. a, i, u, a, u, a, i
u, u, i, u, o
5.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Mangka kanthining tumuwuh, Salami mung awas eling, Eling lukitaning alam, Dadi wiryaning dumadi, Supadi nir ing sangsaya, Yeku pangreksaning urip.
Guru wilangan tembang ing dhuwur yaiku...
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
8,8,8,8,8,8
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
7, 10, 12, 8,8
6.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Mangka kanthining tumuwuh, Salami mung awas eling, Eling lukitaning alam, Dadi wiryaning dumadi, Supadi nir ing sangsaya, Yeku pangreksaning urip.
Guru gatrane tembang in dhuwur yaiku ... gatra.
5
7
6
8
7.
MULTIPLE CHOICE QUESTION
30 sec • 1 pt
Gunung ljen salah sawijining gunung api kang isih aktif. Gunung ljen dumunung ing laladan Kabupaten Banyuwangi, Jawa Timur, Indonesia. Dhuwure Gunung ljen kurang luwih 2.443 m dpal. Miturut sejarahe, Gunung ljen wis nate jeblug kaping lima. Ing taun 1796, 1817, 1913, 1936, lan 2012. Manawa arep munggah gunung iki bisa mangkat saka laladan Bondowoso utawa Banyuwangi.
Gunung ljen pancen endah banget kanggo papan wisata. Ananging ing mangsa udan, para wisatawan kudu luwih ngati-ati amarga Gunung Ijen mligine Kawah Ijen duweni potensi kanggo ngetokake gas racun kang bebayani tumrap para wisatawan lan penambang wlirang. Gas racun sing diwetokake saka Kawah Ijen dijalari saka anane owahane suhu sing ekstrem banget ing sajerone kawah sarta suhu saka jaba kawah nalika mangsa udan. Nalika udan, suhu ing jaba kawah udakara 18°C-21°C. Suhu ing sajerone kawah ana ing titik 35°C. Prabedan suhu sajaba lan sajerone kawah jalari anane proses konveksi utawa pindhahing molekul-molekul material saka banyu kawah sing ngandhut gas CO lan CO₂ saengga bisa gawe matine manungsa sing ngambu gas.
Katrangan ukara kang ora trep karo surasane wacan yaiku......
Gunung Ijen wis tau njeblug kaping lima lan sing pungkasan
taun 2012.
Ing kawah Ijen duweni potensi ngetokake gas kang mbe-bayani tumrap wisatawan lan penambang wlirang.
Nalika arep munggah Gunung ljen bisa mangkat saka Bondowoso utawa Banyuwangi.
Nalika mangsa udan wisatawan kudu ngati-ati amarga dalane ing kana dadi lunyu saengga gampang njalari tiba.
Access all questions and much more by creating a free account
Create resources
Host any resource
Get auto-graded reports

Continue with Google

Continue with Email

Continue with Classlink

Continue with Clever
or continue with

Microsoft
%20(1).png)
Apple
Others
Already have an account?