NEW
Font size
WorksheetsGurit & Pranatacara Pidhato
Total questions: 25
Worksheet time: 37mins
Geguritan nduweni basa kang....
endah, mentes, lan pantes
endah, mentes, lan mantesi
endah, pantes, lan prasaja
endah, prasaja, lan mentes
endah, mantesi, lan prasaja
Struktur geguritan kang gegayutan karo samubarang kang ditindakake manungsa kaya dene nyawang, ngrungokake, uga ndeleng kalebu ing struktur lair kang sinebut....
Blegere utawa tipografi
Panyitra
Pamilihe Tembung
Lelewane Basa
Purwakanthi
Ing ngisor iki, kang ora kalebu sarate dadi pranatacara yaiku...
olah swara
olah basa
olah sastra
olah busana
olah bawa
Apa ancase pawongan kang nindakake pidhato kudu nganggo ageman utawa panganggo sing pantes?
Supaya katon luwih susila
Supaya katon luwih bawa
Supaya katon luwih solah
Supaya katon luwih sopan
Supaya katon luwih becik
Wacanen saperangan gegeuritane Aming Aminoedhin “Ngeyel Jengkel Apa Mlaku Becik” ing ngisor iki!
ngenam rasa jengkel
malah dadi klasa mangkel
ati malah kaya diudheg-udheg
dadine rasa ati malah dhedhel-dhuel
ngenam wae klasa apik
sabisa-bisa mlakuwa sing becik
amarga Gusti mesthi paring
dalan padhang, marang
wong kang pikir lan atine resik
.............................................
Adhedhasar geguritan kasebut, rasa apa kang tuwuh sajrone penggalihmu?
jengkel nindakake kabecikan
ora trima nindakake kabecikan
gumregah nindakake kabecikan
guneman nindakake kabecikan
gampang nindakake kabecikan
Wacanen pethikan geguritan anggitane Eko Wahyudi ing ngisor iki!
...
Anak-anakku,
Kowe rak ya ngerti
Menawa wong tuwamu datan maelu
Direwangi adus luh lan kringet kanggo mbasuh greget
Nungsang njempalik kanggo melik gegayuhan mukti
...
Kalebu sajrone lelewane basa apa, "nungsang njempalik" iku?
tembung entar
tembung saroja
tembung yogyaswara
tembung garba
tembung panyilah
Sajrone geguritan iku ana struktur lair kanggo nintingi urutane swara, sastra, utawa wandane geguritan kang diarani...
tipografi
lelewa
diksi
purwakanthi
rasa
Ing ngisor iki sing kalebu titikane geguritan gagrag anyar yaiku .....
Sapada dumadi saka patang gatra
Rima pinathok
Diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
Ora kaiket paugeran tartamtu
Guru lagu pinathok
Apa durung cukup Gusti paring bebendu. Tegese tembung bebendu yaiku ....
dhuhkita
deduka
sulaya
takdir
rejeki
Struktur geguritan ing ngisor iki sing ora kalebu struktur batin geguritan yaiku .....
Tema
Rasa
Diksi
Amanat
Piwulang
Kaendahaning geguritan dumunung ana ing ngisor iki, kajaba ......
Nggunakake wirama utawa lagune
Pilihane tembung-tembung kang mentes
Jeda saben tembunge
Busanane basa kang maneka werna
Pilihane tembung-tembung kang trep lan mantesi
Ndheg-ndhegan lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra diarani .....
Intonasi
Rima
Nada
Jeda
Rasa
Nggatekake pocapan lan wirama mujudake salah sawijining bab kudu digatekake nalika .....
nulis geguritan
nggancarake
parafrase
maca geguritan
nggoleki isi geguritan
Kawula Nasibmu
Apa durung cukup Gusti paring bebendu
Segara disuntak mbludag
Lemah amblas bengkah
Banjir bandhang banjir lendhut banjir maut
Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apa
Amarga wis kulina
Ngayut tuwuh dadi pilihan ampuh
Tinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan guna
Oh...nasibmu kawula.......
.......
dening:
Eko Wahyu Adi
Kapacak ing Panjebar Semangat 52/2007
Saka teks kasebut bisa dimangerteni yen panganggite geguritan ing ndhuwur yaiku .....
Kawula Nasibmu
Taun 2007
Panjebar Semangat
Bencana alam
Eko Wahyu Adi
Segara disuntak mbludag iku padha karo prastawa alam sing diarani ....
Banjir
Tsunami
Longsor
Lindhu
Gempa
GURIT BANYU
Banyu mili nerak wewatuan, banyu mili tanpa bisa milih dalan
Angin midit nyurung anggane, njepapang ing sembarang panggonan
Banyu mili ing garise jagat, tanpa bisa sambat.
Ning manungsa?
Ana driya, ana pangrasa
Ana ati, ana tresna
Nalika geni makantar-kantar ing jaja
Manungsa bakal mbengok sora
Adhedhasar geguritan kasebut, apa piwulang kang sinirat?
Banyu tansah ngalah
Banyu tansah kepladrah
Banyu tansah lungkrah
Banyu tansah polah
Banyu tansah pasrah
Wonten mriki kula minangka sesulih saking kelas kalih welas badhe ngaturaken....”.
tembung sesulih nduweni teges .....
Siswa
Kanca
Pilihan
Wakil
Ketua
“Mekaten sakedhik andharan ingkang saged kula aturaken. Bilih wonten kirang langkungipun atur kula, nyuwun agunging samudra samudra pangaksami”.
Andharan ing ndhuwur minangka perangane teks pidhato sing diarani ....
Pambuka
Salam pambuka
Wasana
Surasa basa
Wosing
Sawijining paraga sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing sawijining acara diarani .....
Pidhato
Pranata adicara
Tanggap wacana
Niyaga
Pamrayoga
Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu.
Tembung dikongkon lan nesu krama inggile ….
Dikongkon, duka
Dikengken, duka
Diutus, duka
Dipunutus, duka
Dikengken, muring
Tiyang gesang punika ampun njagakaken pawewehing tiyang sanes.
Tembung gesang iku ngokone ...
Seneng
Sehat
Urip
Miskin
Sugih
“Simbah taksih gerah padharanipun.”
tembung padharan ngokone yaiku ...
Weteng
Sikil
Untu
Sirah
Lengen
Apa sing kok kandhakake iku bapak wis weruh.
Ukara kasebut manawa diowahi dadi basa krama alus sing trep yaiku …
Punapa ingkang kok aturake bapak wis pirsa mawon.
Punapa ingkang panjenengan dhawuhaken bapak sampun pirsa.
Punapa ingkang panjenengan dhawuhaken rama rampung pirsa.
Punapa ingkang kok dhawuhake bapak sampun pirsa sedanten.
Punapa ingkang sampeyan aturake rama sampun sumerep.
Tia ijol dhuwit menyang warunge mbah Mukti, mula ukara kang trep kanggo Tia marang mbah Mukti yaiku….
Mbah kula nyuwun arta.
Mbah kula lintu yatra.
Mbah kula klintu yarta.
Mbah, aku njaluk arta.
Mbah, aku ijol arta.
Kala wingi kula …… dhateng ……. Bu Guru.
rawuh, griyanipun
rawuh, dalemipun
sowan, griyanipun
sowan, dalemipun
tindak, dalemipun
