wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

TEKS PROFIL TOKOH

Total questions: 17

Worksheet time: 36mins

Name
Class
Date
1.

RADEN AJENG KARTINI

Raden Ajeng Kartini miyos tanggal 21 April 1879 ing Jepara, Jawa Tengah. Panjenengane isih klebu golongan kaum bangsawan, jalaran Raden Ajeng Kartini putrane bupati Jepara kang asma Raden Mas Adipati Ario Sosrodiningrat lan ibune asma M.A Ngasirah. Raden Ajeng Kartini kuwi putra pambarep, kagungan adhi loro yaiku Raden Ajeng Kardinah lan Raden Ajeng Rukmini.

Ukara kasebut kalebu struktur teks profil tokoh bagean .....

a)

Idhentifikasi

b)

Orientasi

c)

Prastawa

d)

Reorientasi

2.

Raden Ajeng Kartini sekolah ana ing ELS (Europese Lagere School). Ing pasinaon piyambake klebu murid sing sregep. Sasuwene sinau ing ELS uga nyinaoni basa Walanda, mula Raden Ajeng Kartini bisa nguwasani basa Walanda kanthi becik. Nanging emane, sawise umur 12 taun Kartini kudu ninggalake pamulangan, jalaran kudu dipingit. Raden Ajeng Kartini nelangsa banget. Arep nulak ora wani, piyambake wedi diarani ora ngerti adat. Kabeh mau dilakoni kanthi susahing ati.

Adhedhasar teks kasebut ing umur 12 taun R.A Kartini ninggalake pamulangan lan ora bisa nulak kekarepane wong tuwane amarga …..

a)

Piyambake kudu dipingit

b)

Piyambake dadi kanca wingking

c)

Piyambake wedi diarani ora ngerti adat

d)

Piyambake ngrasa dina-dinane sepi

3.

Teks profil tokoh uga bisa diarani teks .....

a)

Autobiografi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Biografi

4.

Bagean sing ngandharake pamawas(pendapat) panulis marang tokoh sing dicritakake diarani .....

a)

Reorientasi

b)

Orientasi

c)

Idhentifikasi

d)

Prastawa

5.

Tuladha tembung iki sing kalebu tembung dwilingga yaiku .....

a)

Buku-buku

b)

Kupu-kupu

c)

Gado-gado

d)

Lumba-lumba

6.

Tuladha tembung iki sing kalebu tembung lingga yaiku .....

a)

Mangan

b)

Nulis

c)

Nyapu

d)

Turu

7.

Wuwuhan sing manggon ing satengahe tembung diarani .....

a)

Andhahan

b)

Seselan

c)

Ater-ater

d)

Panambang

8.

Bab sing ora perlu digatekake sajrone teks profil tokoh yaiku .....

a)

Irah-irahan

b)

Sing narik kawigaten

c)

Tindak-tanduk sing bisa dituladhani

d)

Tema

9.

Sing kalebu ater-ater anuswara yaiku .....

a)

–in, -um, -er, -el

b)

m-, n-, ny-, ng-

c)

dak-, ko-, di-

d)

–a, -ake, -en, -ana

10.

Yen ora gelem olahraga lan mung meneng wae ing kamar, bakal gampang nandang ..... (lara). Tembung dwipurwa sing cocog kanggo ceceg-ceceg kasebut yaiku .....

a)

Lelara

b)

Lara-lara

c)

Lora-lara

d)

Kelaran

11.

Tuladha tembung iki sing kalebu seselan yaiku .....

a)

Milihi

b)

Kerelip

c)

Nuku

d)

Nggolekake

12.

Apa bukuku ..... (gawa)? Tembung ater-ater sing cocog kanggp ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .....

a)

Dakgawa

b)

Digawa

c)

Kogawa

d)

Nggawa

13.

Tembung loro utawa luwih dienggo bebarengan, lan nuwuhake teges anyar, diarani tembung .....

a)

Camboran

b)

Lingga

c)

Entar

d)

Saroja

14.

Tembung iki sing kawuwuhan kanthi bener yaiku .....

a)

Garisan

b)

Tulis

c)

Sumunar

d)

Masakan

15.

Tembung iki sing kalebu tuladha tembung camboran wutuh yaiku .....

a)

Bola-bali

b)

Randha royal

c)

Tuku-tuku

d)

Paklik

16.

Kanca-kancaku padha ..... (cekik) dhewe. Tembung dwiwasana sing cocog kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku

a)

Cekikik

b)

Cekikan

c)

Cinekik

d)

Cekikikan

17.

Tembung lingga sing dirangkep, nanging swarane owah/berubah diarani tembung .....

a)

Dwilingga

b)

Dwilingga salin swara

c)

Dwipurwa

d)

Dwiwasana