wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

UH 1 Kelas 8 SMT 1

Total questions: 15

Worksheet time: 16mins

Name
Class
Date
1.

Urut-urutane kedadean sing ana gandheng cenenge karo kedadean ing crita cekak diarani

a)

tema

b)

amanat

c)

alur

d)

penokohan

2.

Ing ngisor iki kang ora kalebu unsur instrinsik crita cekak, yaiku

a)

tema

b)

riwayat pengarang

c)

sudut pandang (pamawas)

d)

amanat

3.

Setting utawa latar ing crita cekak ana telu, ing ngisor iki kang ora kalebu latar ing crita cekak, yaiku ... .

a)

Latar papan

b)

Latar tema

c)

Latar wektu

d)

Latar swasana

4.

Paraga ing crita cekak kang ora tau ketara ing crita, anane mung krana disebut dening paraga liya, diarani .. .

a)

paraga bayangan

b)

paraga utama

c)

paraga tambahan

d)

paraga sampingan

5.

Aku duwe kanca jenenge Ilham. Saben dina sadurunge budhal sekolah dheweke mesthi ngeterake ibune menyang pasar nganggo sepedhah untane. Ilham kuwi anak mbarep, adhine loro isih cilik. Bapake wis seda setaun kepungkur.


Pamawas utawa sudut pandhang kang ana ing pethikan crita, yaiku pengarang minangka ... .

a)

wong liya

b)

wong kapisan

c)

wong kapindho

d)

wong katelu

6.

"Muliha, simbah gerah!" Ngono SMS saka Mbak Fitri sing njalari aku ora konsentrasi. Kamangka wektu kuwi pesenanku teh anget isih durung sempat tak sruput.


Setting papan kang ana ing pethikan crita dhuwur, manggon ing ... .

a)

pinggir dalan

b)

sawah

c)

kelas

d)

warung

7.

Tinimbang aku nganggur aku tak mara menyang omahe Pak Carik.


Ukara ing dhuwur menawa didadekake ngoko andhap dadine ... .

a)

Tinimbang aku nganggur aku tak tindak menyang daleme Pak Carik.

b)

Tinimbang aku nganggur aku tak mara menyang griyane Pak Carik.

c)

Tinimbang aku nganggur aku tak sowan menyang daleme Pak Carik.

d)

Tinimbang aku nganggur aku tak sowan menyang dalemipun Pak Carik.

8.

Aku ditukokake buku Sejarah Peradaban dening Tante Widhi nalika dheweke lunga menyang Surabaya.


Ukara ing dhuwur menawa didadekake ngoko andhap dadi ... .

a)

Aku dipundhutake buku Sejarah Peradaban dening Tante Widhi nalika panjenengane tindak menyang Surabaya.

b)

Aku ditumbasaken buku Sejarah Peradaban dening Tante Widhi nalika dheweke tindak menyang Surabaya.

c)

Aku dipundhutake buku Sejarah Peradaban dening Tante Widhi nalika dheweke tindak menyang Surabaya.

d)

Aku dipundhutaken buku Sejarah Peradaban dening Tante Widhi nalika panjenengane kesah menyang Surabaya.

9.

Satemene Pak Brojo pengin blaka marang Ratih sapa satemene ibune. Nanging Panjanengane kuwatir manawa Ratih banjur nglari dununge ibune kuwi.


Tembung blaka ing pethikan dhuwur nduweni teges ... .

a)

jujur (ngomong apa anane)

b)

nggoleki

c)

nggawa menyang

d)

ora weruh

10.

Nalika aku teka, Pak Imam lagi maca koran ing ruang tamu, dene Bu Imam ndeleng TV.


Ukara ing dhuwur menawa didadekake ngoko andhap tembung-tembung sing diowahi kaya ing ngisor iki, kejaba ... .

a)

tembung maca dikramakake inggil dadi maos

b)

tembung ndeleng dikramakake inggil dadi mirsani

c)

tembung teka dikramakake inggil dadi rawuh

d)

tembung teka ora dikramakake

11.

Satemene Pak Brojo pengin blaka marang Ratih sapa satemene ibune. Nanging Panjanengane kuwatir manawa Ratih banjur nglari dununge ibune kuwi.


Tembung nglari ing pethikan dhuwur nduweni teges ... .

a)

jujur (ngomong apa anane)

b)

nggoleki

c)

nggawa menyang

d)

ora weruh

12.

Ing ngisor iki kang dudu titikane utawa ciri-cirine cerkak, yaiku ... .

a)

Tembung-tembunge gampang dimangerteni

b)

Nggunakake basa gancaran utawa basa crita

c)

Critane ringkes wae ora dawa-dawa

d)

Isine biasane arupa teori-teori sing angel dipahami

13.

Apa sing kokgawa kuwi kok abot temen?


ukara ing dhuwur menawa didadekake ngoko andhap, dadi ... .

a)

Napa sing kokbeta kuwi kok abot temen?

b)

Apa sing panjenengan asta kuwi kok abot temen?

c)

Napa sing panjenengan asta kuwi kok abot temen?

d)

Napa ingkang panjenengan asta kuwi kok abot temen?

14.

Ukara ing ngisor iki panulise bener, yaiku ... .

a)

Wis suwe kowe ora ketara neng ngendi wae lungamu ora sethithik kanca kangen.

b)

Wis suwe kowe ora ketoro neng ngendi wae lungamu ora sethithik kanca kangen.

c)

Wis suwe kowe ora ketara neng ngendhi wae lungamu ora sethithik kanca kangen.

d)

Wis suwe kowe ora ketara neng ngendi wae lungamu ora setitik kanca kangen.

15.

Ukara ing ngisor iki kang panulise bener, yaiku ... .

a)

Wedhusku kari papat sing lara mati merga loro.

b)

Wedhusku kari papat sing loro mati mergo lara.

c)

Wedhusku kari papat sing loro mati merga lara.

d)

Wedusku kari papat sing loro mati merga lara.