wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS B. DAERAH X, XI 2019

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Struktur teks geguritan iku dibagi dadi piro?

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

2.

seng diarani Tipografi (bentuke geguritan) iku opo?

a)

geguritan kang tinulis ora ngebaki larik lan ora kudu kawiwitan aksara gedhe

b)

pamilihe tetembungan kang maknane mentes

c)

geguritan gagrag anyar ora duweni struktur kang baku ngenani cacahe gatra(larik)

d)

tetembung kang bisa ditangkap dening alat indra

3.

kang diarani Diksi utowo (pilihane tembung)....

a)

sawijine karya sastra kang basane cekak

b)

geguritan gagrang anyar ora kaikat

c)

wangun geguritan kang tinulis ora ngebaki larik

d)

pamilihe tetembungan kang maknane mentes(padat)

4.

Imaji tegese ono telu yoiku....??

a)

raba, indra, rasa

b)

swara, paningal, raba

c)

paningal, swara, irung

d)

mripat, irung, ilat

5.

Tetembungan kang bisa ditangkap dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji, iku diarani tembung ....

a)

tembung tipografi

b)

tembung diksi

c)

tembung imaji

d)

tembung konkret

6.

kang aran Busananing Basa yoiku ....

a)

tetembung kang bisa ditangkep dening alat indra

b)

runtuting swara geguritan kang biso ing wiwitan

c)

panganggone basa kang bisa nguripake swasana

d)

kekarepan utawa maksud tertamptu kang kinandhut ing saben tembung

7.

Runtuting swara (uni) ing geguritan kang bisa ing wiwitan, tengah, utawa pungkasaning gatra (larik) diarani ....?

a)

tembung konkret

b)

tema

c)

rasa

d)

wirama

8.

kang aran Tema yoiku ....

a)

kekarepan utawa maksud kang kinandhut ing saben tembung

b)

pesen kang kinandhut ing geguritan

c)

kekarepan panggurit marang pemaos

d)

runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan

9.

ana piro cacahe Struktur Batin .....?

a)

3

b)

5

c)

2

d)

4

10.

Pesen kang kinandhut ing geguritan kang diandharake panggurit marang pemaos yoiku....

a)

tema

b)

amanat

c)

nada

d)

rasa

11.

kang aran Nada yoiku .....?

a)

kekarepane penggurit marang pemaos selaras karo isine geguritan

b)

pesen kang kinandhut ing geguritan

c)

kekarepan utawa maksud kang tertamtu

d)

runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwitan

12.

Jeda yaiku ndheg-ndhegane lakune pocapan sajroning maca geguritan, Jeda dewe iku cacahe ono piro ...

a)

5

b)

4

c)

3

d)

2

13.

seng dimaksud Jeda cekak yaiku ....

a)

digunakake ing perangane gatra

b)

digunakake ing saben ganti gatra

c)

lakune pocapan sajroning maca geguritan

d)

digunakake saben tembung ing sawijining gatra

14.

seng dimaksud Jeda Madya yoiku ....

a)

digunakake ing perangane gatra

b)

lakue pocapan sajroning maca geguritan

c)

digunakake ing saben ganti gatra

d)

tembung ing sawijining gatra

15.

Jeda Digunakake ing saben ganti gatra (larik) iso diarani Jeda ....?

a)

jeda cekak

b)

jeda madya

c)

jeda dawa

d)

jeda sawetara

16.

munggah mudhune lagu pocapan ing ukora, iku arane opo ...?

a)

rasa

b)

intonasi

c)

nada

d)

wirama

17.

Intonasi iku iso dirupakne gawe tanda ....

a)

 \sim  

b)

 >>  

c)

 \rightarrow  

d)

 \leftrightarrow  

18.

Cah enom marang wong tuwa nggunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama inggil

19.

Kesenian Reog Ponorogo asale saka tlatah . . . .

a)

Ponorogo

b)

Banyuwangi

c)

Semarang

d)

Solo

20.

Tugase Dhalang yaiku....

a)

Tukang nglakokne wayang

b)

Tukang nabuh gamelan

c)

Sing gaweyane nembang

d)

Tukang nggawe wayang

21.

Prosesi meriahaken tahun baru Hijriyah 1441 ing Madrasah Aliyah Haji Ilyas Tambakan minangka bebungah teksih dipun paringi yuswo. pengetan tahun baru islam meniko kedah dipun uri-uri supados generasi muda lan mudi saged mangertosi makna tahun baru Hijriyah meniko.


wulan muharom ing Madrasah Aliyah Haji Ilyas Tambakan dipun wontenaken acara pawai obor, marching lan kentongan lan barisan lidi ingakang dipun rias. sesampunipun pawai dipun lajengaken doa awal tahun 1441.


tahun baru Hijriyah ing tahun niki kelebet tahun ingkang kaping pinten ?

a)

1440

b)

1441

c)

1442

d)

2019

22.

Sinau basa krama bisa nuntun duwe rasa

a)

alus lan ngajeni

b)

alus lan nesu

c)

ngajeni lan srei

d)

srei lan kereng

23.

Kanggo mengeti adicara Pitulas Agustus perlu dianakake lomba-lomba. Tanggapan ora sarujuk kanggo pratelan iki yaiku

a)

bener, kanggo nguji keprigelan

b)

becik, kanggo ngandelake nasionalisme

c)

aku sanggup dadi panitiyane

d)

ora perlu, naming nambahi wragad

24.

Unen-unen adigang,adigung adiguna tegese

a)

perkara apik utawa ala bakal entuk piwales vokal

b)

aja ngedirake kuwate gedhene lan kapinterane

c)

wong urip kudu sabar

d)

wong pinter lan bodo pada wae ana apese

25.

Candrane Raden Raden Gathotkaca iku bisa mabur tanpa elar.

Tembung elar pada karo…

a)

swiwi

b)

cotang

c)

pepet

d)

asta

26.

Sarirane Raden Gathotkaca iku kuat banget, mula digambarake

a)

otot kawat balung wesi

b)

kebat kaya kilat

c)

mabur tanpa elar

d)

mandeng geseng

27.

Rambute Simbah wis putih.

Owahana ukara ndhuwur nganggo basa krama !

a)

Rikmanipun Simbah sampun pethak

b)

rambute simbah wis putih

c)

Rambutipun Simbah sampun pethak

d)

Remonipun SImbah Putih

28.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

29.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

30.

Kang ora kalebu struktur teks deskripsi

a)

komplikasi

b)

Identifikasi

c)

Definisi

d)

Deskripsi Bagian

31.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

32.

Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?

a)

Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.

b)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun

simbah?

c)

Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun

simbah?

d)

Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?

33.

Sinta : Kula nuwun.

Pak Hadi : Mangga nak, kene mlebu kene. Mangga-mangga lungguh kene.

Sinta : Inggih pak, matur nuwun.

Pak Hadi : ana perlu apa kok sajak wigati banget.

Sinta : Punika lho pak, kula pengin ngertos batik kagungan njenengan.

Pak Hadi : Apa wae sing pengin dimangerteni nak?

Sinta : Punapa naminipun usaha batik panjenengan pak?

Pak Hadi : Usaha batik iki tak jenengake Sekar Jagad.

Unggah-ungguh basa kang digunakake Sinta marang pak Hadi yaiku . . . .

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

34.

Wujud wiji asalku

Tinandur ing tegalan kang subur

Digemeni diopeni ngati-ati

Wite dadi lemu-lemu

Katon ijo royo-royo

Guru lagune tembang macapat ing dhuwur yaiku ....

a)

u, u, i, u, o

b)

u, i, i, i, a

c)

u, r, i, u, o

d)

u, u, i, u, a

35.

Dhandhanggula

Pancasila, manteb sun yakini

Dhasar nagri miwah gegebengan

Rakyat Nuswantara kabeh

Manembaha Hyang Agung,

Kang sapisan dene kaping dwi

Kamanungsan kang tata

Kaping tiganipun

Persatuan Indonesia

Kerakyatan papat, dene kang mungkasi

Keadilan sosial.

Tembang macapat ing ndhuwur dumadi saka …. gatra

a)

7

b)

8

c)

9

d)

10

36.

Guru kuwi disenengi amarga saliyane jembar segarane uga ora tau mbukak wadine siswane.

Tembung "jembar segarane" tegese ...

a)

sabar

b)

loman

c)

sayang

d)

perhatian

37.

Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten kalepatanipun saha klintunipun atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan ...

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

pangarep-arep

d)

panutup

38.

Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan …

a)

salam pambuka

b)

purwaka

c)

pangarep-arep

d)

panutup

39.

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 pamarentah paring gelar “Bapak Pendidikan” marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadi lambange Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.

Gelar apa sing diparingake pamarentah marang Ki Hajar Dewantara?

a)

bapak kesehatan

b)

bapak nasional

c)

bapak pendidikan

d)

bapak kebudayaan

40.

Saben tembang macapat dhuweni paugeran kan mbedakake tembang siji lan tembang liyane. Cacahe gatra saben sak pada diarani ...

a)

guru gatra

b)

guru lagu

c)

guru wilangan

d)

guru basa