Worksheetsunggah-ungguh
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Tetembungan basa ngoko kang kacampuran tembung basa krama inggil,diarani....
krama lugu
krama alus
ngoko alus
ngoko lugu
Ing ngandhap punika pundi ingkang kalebet tuladha ukara basa ngoko alus?
Aku wingi lunga pasar karo adhiku.
Punapa buku punika kagunganipun panjenengan.
Kalawau dalu kula boten saged sare.
Kapan panjenengan arep tindak mrene maneh mbak?
Matur marang Pak guru arep menyang pakiwan,kang bener yaiku....
Nuwun sewu,Pak kula badhe nyuwun idin badha dhateng wingking sekedhap.
Ajeng teng wingking angsal napa boten Pak?
Pak,kula ajeng teng wingking riyin nggih?
Kula teng wingking sekedhap angsal pak?
Ibu lunga menyang warung tuku uyah.
Ukara ing inggil menawi diowaih dados basa krama ibgkang leres yaiku....
Ibu kesah menyang wande tumbas sarem
Ibu tindak dhateng wande mundhut sarem
Ibu kesah dhateng warung mundhut uyah
Ibu tindak menyang wande tumbas sarem
Bapak Bupati kang padha teka ing Madiun uga menehi katrangan babagan kagunan reyog marang Bapak Menteri.
Ukara kasebut menawi dikramakaken yaiku....
Bapak Bupati ingkang sami dhateng Madiun uga maringi katrangan babagan kagunan reyog marang Bapak Menteri.
Bapak Bupati ingkang sami dugi wonten Madiun ugi nyaosi katrangan babagan kagunan reyog kaliyan Bapak Menteri.
Bapak Bupati ingkang sami rawuh ing Madiun ugi ngaturi katrangan babagan kagunan reyog dhumateng Bapak Menteri.
Bapak Bupati ingkang sami sowan ing Madiun ugi ngaturi katrangan babagan kagunan reyog dhumateng Bapak Menteri.
"Sampeyan punika kados pundi,dipunkengken nedhi malah boten purun"
Ukara teng inggil ngginakaken basa....
krama desa
krama alus
ngoko alus
krama lugu
Basa ngoko alus salah satunggalipun dipunginakaken dening sinten lan kangge sinten....
tiyang sepuh dhumateng tiyang nem ingkang nggadhahi kalenggahan ingkang perlu dikurmati
lare dhateng tiyang sepuhipun
lare alit ingkang dereng saged kandhahan
murid marang gurune
Basa kramane irung yaiku....
jangga
palarapan
grana
waja
Manuk emprit,nucuk pari
Dadi murid,sing taberi
Unen-unen ing inggil dipunwastani....
wangsalan
parikan
cangkriman
entar
Tegese tembung sekar ing ukara ing ngandhap yaiku.....
Siwi dadi sekaring desa Cilongok.
lagu
kembang
gita
prawan
Para siswa padha mlaku-mlaku.
Tembung mlaku-mlaku kalebu tembung....
saroja
dwiwasana
dwipurwa
dwilingga
Ibu jagong ana ing... Pak Margana sing lagi kagungan kersa nyepasari putrane.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing inggil yaiku....
omahipun
dalemipun
daleme
griyanipun
Ponang jabang bayi diparingi tetenger Bayu Setiono.
Tegese tembung tetenger yaiku....
pinter
jeneng
utusan
caraka
Basa krama kang kacampuran krama lugu lan kadhangkala tembung krama dikramakaken maneh, diarani....
basa krama lugu
basa krama inggil
basa krama desa
basa bagongan
Buku... Bapak ingkang kula sukakaken wonten meja dipunpendhet adhik.
Tembung kang trep kangge njangkepi ukara ing inggil yaiku....
gadhahipun
kagunganipun
duwekipun
seratanipun
Basa kramane iwak,kebo,ula ingkang leres yaiku....
ulam,sawer,lembu
maesa,bulus,menda
peksi,ulam,lembu
ulam,maesa,sawer
Ing ngandhap,ukara ingkang ngginakaken basa krama lugu yaiku....
Pak,panjenengan wis tindak umaeh Pak Jarwo?
Simbah nggirahi sinjang wonten ing lepen.
Sampeyan napa sampun ngombe wedang teh?
Mas,apa kowe wis lulus sekolah?
Dadi pranatacara kuwe pegaweyan kang abot.
Menawi dikramakaken yaiku....
Dadi pranatacara kuwi padamelan kang awrat.
Dados pranatacara niku padamelan kang abot.
Dados pranatacara menika padamelan ingkang awrat.
Dados pranatacara niku padamelan ingkang awrat.
Menawa kabecikane wong iku,katitik saka anggone micara paribasane....
ajining raga gumantung saka busana
ajining dhiri saka pribadhi
ajining dhiri saka lathi
becik ketitik ala ketara
Wahyu tuku klambi warna kuning.
Basa kramane kuning yaiku....
ijem
jenar
seta
pethak
