wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Gladhen Bahasa Jawa 8

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Basa kang dipaesi kanthi iketan apik lan runtut supaya dadi luwih apik, alus , endah lan ngresepake arane...

a)

Basa jaturan

b)

Basa krama alus

c)

Basa penatacara

d)

Basa rinengga

2.

Sanajan dadi juwara bocah iku ora mundhak gedhe endhase. Gedhe endhase nduweni teges ...

a)

Gedhe atine

b)

Tambah akale

c)

Seneng-seneng

d)

Sumbung

3.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

4.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

5.

Ing ngisor iki sing kudu di siyapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba ..

a)

Nemtokake narasumber

b)

Nemtokake tema

c)

Nemtokake biaya

d)

Nemtokake tujuwan

6.

"Ana perlu apa kok sajak wigati banget" Tembung wigati tegese ...

a)

Temenan

b)

Gumun

c)

Pengin

d)

Penting

7.

Wuwuhan ing tembung kang kena dipilih kanggo ngalusake tembung ing basa rinengga yaiku tembung ...

a)

Daktulis

b)

Ngaturaken

c)

Tinulis

d)

Lelaku

8.

Wong kang asring nganggo basa rinengga ing pagelaran wayang kulit , yaiku ...

a)

Dhalang

b)

Pambyawara

c)

Pamedhar sabda

d)

Pranatacara

9.

Kegiatan dialog antarane narasumber karo pewawancara kang tujuwane golek pawarta diarani ...

a)

Diskusi

b)

Komperensii

c)

Wawanrembug

d)

Seminar

10.

Sing ora klebu babagan laporan wawanrembug yaiku ...

a)

Wektu wawanrembug

b)

Asil Wawanrembug

c)

Panggonan wawanrembug

d)

Bab sing ditliti

11.

Adit tumbas roti menawi ibu ....rasukan

a)

Mundhut

b)

Dhahar

c)

Nedha

d)

Tuku

12.

Kanggo miwiti nulis aksara Jawa diparingi apa?

a)

Adeg-adeg

b)

Pada lingsa

c)

Pada lungsi

d)

Pada pangkat

13.

Kandhane Dea,dheweke ngrasa wis ora kuwat dadi ketua kelas. Ukara kasebut mujudake ukara ...

a)

Langsung

b)

Ora langsung

c)

Tanduk

d)

Tanggap

14.

Nglungguhi klasa gumelar, nuduhake tembung apa...

a)

Bebasan

b)

Saloka

c)

Pepindhan

d)

Paribasan

15.

Kacang ora ninggal lanjaran, nuduhake tuladha tembung apa..

a)

Saloka

b)

Bebasan

c)

Pepindhan

d)

Paribasan