NEW
Font size
WorksheetsTeks Carita Wayang
Total questions: 15
Worksheet time: 28mins
Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.
Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean .....
Orientasi
Komplikasi
Klimaks
Resolusi
Pambarape pandhawa yaiku .....
Bima
Yudhistira
Karna
Duryudana
Pandhawa kuwi nduweni simbah kakung sing keparing asma .....
Bisma
Citranggada
Wicitrawirya
Sentanu
Gegaman sing dienggo Nakula yaiku .....
Tombak
Gadha
Kapak
Pedhang
Struktur teks carita wayang utawa teks narasi yaiku .....
Orietasi, Prastawa, Reorientasi
Idhentifikasi, Klasifikasi, Dheskripsi bagean
Orientasi, Komplikasi, Klimaks, Resolusi, Reorientai, Koda
Idhentifikasi, Komplikasi, Resolusi
Nalika perang Bharatayudha, saka bagean Pandhawa dipandhegani(dipimpin) dening .....
Arjuna
Krisna
Bima
Sadewa
Sawise ibune seda, Nakula lan Sadewa dirukti dening ibu Kunthi. Tembung dirukti dasanamane yaiku .....
Disuceni
Diopeni
Disampurnakake
Dikendhalekake
Rong tembung sing tegese meh padha lan digunakake bebarangan kanggo mbangetake diarani tembung .....
Dasanama
Garba
Saroja
Entar
Tuladha tembung iki sing kalebu tembung entar yaiku .....
Jembar segarane
Aneng
Ijo royo-royo
Andhap ashor
Struktur teks sing isine dudut utawa njupuk kesimpulan nilai budi pekerti saka wacan diarani .....
Klimaks
Komplikasi
Klasifikasi
Koda
Arjuna rumaos ciut manahe boten saged nglajengaken perang. Tembung ciut manahe nduweni teges .....
Bingung
Ragu-ragu
Sabar
Ora wani
Cekaking carita, amarga padha sekti mandragunane mula perang tandhing ora ana rampuge. Tembung sing kacithak miring kalebu tembung .....
Garba
Dasanama
Entar
Saroja
Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan. Tembung sing kacithak miring, basa ngokone yaiku ….
Lingguh
Pinarak
Lungguh
Linggih
Tembung rinengga antuk seselan –in sing tembung linggane rengga, tegese direngga yaiku ….
Digambari
Diresiki
Dipaesi
Dikiasna
SUMANTRI NGENGER
Ing sajabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumantri tinakdir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang.
………………………………………………….”
(Kacuplik saka Buku Kirtya Basa Kelas VII)
Adhedhasar cuplikan carita wayang "Sumantri Ngenger" cacahe paraga ana .....
2
3
4
5
