WorksheetsSESORAH GEGURITAN
Total questions: 30
Worksheet time: 28mins
Unen-unen kang dibolan-baeni kang bisa ndadekake geguritan katon nduweni irama diarani....
Rrima
Tembung entar
Tembung Garba
Purwakanthi
Tembung saroja
Ing ngisor iki bab-bab kang perlu ditandakake nalika maca geguritan, kejaba..............
Lafal kudu cetha,
Sareh, ora kudhu kemrungsung amarga bisa ngilangi nges utawa greget
Swara ditata adhedhasar karaktere tembung
Anteng
Mapanake jeda kanthi trep
Panganggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tertemtu serta bisa nuwuhake rasa kaendhahan diarani.....................
Wirama
Rasa
Tema
Busananing basa
Nada
Olehe nyambut gawe direwangi adus kringet. Ukara kasebut tegese...
Olehe nyambut gawe panggonan ing nggon panas banget
Olehe nyambut gawe rekoso banget
Nyambute gawe ing panggonan kanggo olag raga.
Olehe nyambut gawe nggarahi sehat.
Olehe nyambut gawe kepenak banget.
Ing ngisor iki kelebu purwakanthi guru basa , yaiku......
Bibit, bobot, bebet
Sluman, slumun, slamet
Desa mawa cara negara mawa tata
Rujak degan, degane kambil ijo
Ana awan ana pangan
Ing ngisor iki dasanamane menungsa, yaiku......
Anthariksa .
Jumantara
Janna
Ermawa
Jaladri
. “ing ngisor iki sebutane liyane pranatacara, kecaba.......
Pangendhaliwara
Pranata titi laksitaning adicara
Pambyawara
Pamedhar sabda
Pranata wicara
Struktur pembuka ing teks pewara kang runtut yaiku..............
Salam pembuka, panyapa, atur pakurmatan, atur puji syukur, pengajak miwiti acara
Salam pembuka, atur panuwun, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa
Salam pembuka, atur panuwun, atur puji syukur, atur pakurmatan, panyapa
Salam pembuka, panyapa , atur puji syukur, atur pakurmatan, miwiti
Salam pembuka, atur pakumatan, atur panuwun, atur puji syukur, pangajak miwiti acara
Jejibahane pranatacara kang paling abot yaiku.......
Mbuka acara
Nutup acara
Nata lan nulis rantamane acara
Nata lakune acara
Ngaturi peraga liya jumbuh karo ayahane
Sawijining pranatacara kudu nggatekake 4W yaiku wicara, wirasa, wirama, lan wiraga.
Kang diarani wicara yaiku............
Kudu mangerteni mungguh wirasaning basa.
Mijiling basa kang wijang, ririh, rereh lan pratitis.
Solah tingkah, tandang tanduk kudu subasita.
Nggunakake basa kang trep.
Nggunakake basa kang angel ditampa.
Ing ngisor iki adicara-adicara kang mbutuhake anane pranatacara, kejaba.....
Kesripahan
Pasamuan
Pengaosan
Tetepangan .
Pawiwahan
Sing kudu disingkiri dening pembiwara nalika nindakake pakaryan ing papan penghargyan yaiku........
Ngomong sing prasaja.
Omong samadya.
Omong datan bisa disela
Ngomong kanthi lila legawa.
Wicara kang tinata
Supaya bisa nyenengake, pembiwara kudu nduweni......
Selera humor.
Polatan kang serius.
Sandhangan kang apik.
Rupa kang bagus utawa ayu.
Anggon – anggon kang komplit
Nalika nindhakake ayahan pinangka pembiwara, busana lan ngadi sarira kudu.....
Sing penting nganggo klambi
Nganggo klambi kang bahane apik dhewe
Diselarasake karo kahanan
Nganggo klambi kang bahane larang dhewe
Merdheka sakduwene klambi
Pidhato sambutan iku ditindhakake dening sawijining paraga awit saka.......
Parangkat utawa kalungguhane.
Kepinterane ngluwihi wong liya.
Kesugihane beda karo wong liya
Kawasisane ora ana tandinge.
Ora kang bisa nindhakake
Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan....
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
purwaka basa
surasa basa
salam pambuka
wasana basa
pambagya harja
Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
purwaka basa
surasa basa
wasana basa
salam pambuka
pambagya harja
Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
Wawancara Berita
Wawancara Pribadi
Wawancara Eksklusif
Wawancara sambil lalu
Wawancara kliling
Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing montore arep bali, diarani …
Wawancara Berita
Wawancara Pribadi
Wawancara Eksklusif
Wawancara sambil lalu
Wawancara kliling
Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine, diarani …
Wawancara Berita
Wawancara Pribadi
Wawancara sambil lalu
Wawancara kliling
Wawancara Eksklusif
Bapak Ibu Guru ingkang dhahat kinormatan, sumangga adicara menika kapungkasan kanthi dedonga miturut kapitadosan sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken ……………. cekap. Tembung sowang-sowang tegese ….
madhep mantep
dhewe-dhewe
sesarengan
bebarengan
pambaaan
Wusananing atur dhumateng pengurus OSIS Pereode 2014/2015 ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka. Ukara “widada ingkang jinangka” tegese ….
kaleksanan kang dikarepake
ora ana alangan sawiji apa
ngepenakake ati
tansah nemu keslametan
ayem-ayem mawon boten enten salah
Waspadakna ukara ing ngisor iki!
(1) Kupat janure tuwa menawi lepat nyuwun pangapura.
(2) Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula.
(3) Tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta sedaya lepat kawula
(4) Kupat kecemplung santen, menawi lepat nyuwun pangapunten.
Kang kalebu wangsalan kanggo nutup adicara yaiku ….
(1), (2)
(3), (4)
(2), (3)
(1), (4)
sedanten leres
Perangane pranatacara kang isine njaluk pangapura mbok menawa anggone matur/ngomong ana kaluputan , diarani ….
Pambuka
Ngatuarke acara siji mbaka siji kanthi wijang/cetha
Panutup
Isi
paragraf
Kula minangka pranata adicara, mbok bilih wonten galap gangsuling atur saestu kula nyuwun pangapunten. Tembung galap gangsuling atur tegese….
kaluputan anggone matur/ngomong
kaluputan wektu
kaluputan sandhangan/ dandanan
kaluputan panggonan/ papan
keluputan sandang/klambi
Pranata adicara menika salah satunggaling paraga ingkang nggadhahi jejibahan … .
caos seserepan dhumateng para rawuh
caos panglipur dhumateng ingkang rawuh ing adicara
nglantaraken titilaksana ing satunggaling adicara
atur pangandikan ing salebetipun adicara
pranatacara saged ngrantam trep kaliyan kawontenan saha swasana.
Nalika sesorah wirasa dipatrapake karo swasana, upamane layatan boten sami kaliyan syukuran. Aja nganti gojegan. Kang ngono iku ateges wong sesorah iku nggatekake … .
wicara
wiraga
wirama
wirasa
sedanten leres
Nalika sesorah swantenipun ingkang trep, boten keseron, boten bengok-bengok, lan boten kelirihen, tegesipun tiyang sesorah menika nggatosaken … .
wicara
wiraga
wirama
wirasa
wirungu
Sinta ing taun iki kapilih minangka siswa teladhan ing sekolahku. Dheweke bisa kapilih dadi siswa teladhan amarga pancen prestasine ajeg mundhak, disiplin, tertib, lan ora tau nglanggar aturan sekolah. Pratelan kasebut diarani paragraf …
Deduktif
Induktif
Deduktif-Induktif
Intensif
Ekspositoris
Ora bisa dipercaya, ora bisa nyimpen wewadi, lan ora bisa diwenehi pangapura iku tumindake manungsa kang ora bener tumraping kekancan, apamaneh ing ngarsaning Gusti. Pratelan punika kalebet paragraf …
Deduktif
Induktif
Deduktif-Induktif
Intensif
Eksposisi
