NEW
Font size
WorksheetsULANGAN BHS. JAWA KLS. XI
Total questions: 40
Worksheet time: 35mins
Struktur guritan ana loro, yaiku ...
struktur batin lan struktur rokhani
struktur jasmani lan struktur fisik
struktur ekstern lan struktur intern
struktur bathin lan struktur fisik
struktur rokhani lan struktur jasmani
Ing struktur guritan, sikape pangripta marang pamaos ingaranan ...
rasa (feeling)
tema/makna (sense)
isi (konten)
nadha (tone)
amanat/tujuan/maksud (itention)
Sikape pangripta marang underane bab kang dumunung sajrone guritan arane ...
rasa (feeling)
tema/makna (sense)
isi (konten)
nadha (tone)
amanat/tujuan/maksud (itention)
Ritme iku mujudake ...
purwakanthi (persamaan bunyi) ing guritan
dhuwur endheke, dawa cendhake, banter alone uni (bunyi)
gegentenaning munggah mudhune swara sacara teratur
mimike wadana nalika maca endah sawijine guritan
wangsulan a, b, c bener
Metrum iku mujudake ...
purwakanthi (persamaan bunyi) ing guritan
dhuwur endheke, dawa cendhake, banter alone uni (bunyi)
gegentenaning munggah mudhune swara sacara teratur
mimike wadana nalika maca endah sawijine guritan
wangsulan a, b, c bener
Tembung netra iku nunggal teges karo tembung ...
irung
rambut
talingan
pikiran
mripat
"Kusung-kusung kaya kambrukan..."
Iki mawa purwakanthi ...
guru lagu
guru gatra
guru basa
guru sastra
guru swara
Tembung pepeteng iku klebu ing sajroning tembung ...
dwipurwa
dwiwasana
dwilingga
dwilingga salin swara
dwilingga semu
Tembung benyinyik iku klebu ing sajroning tembung ...
dwipurwa
dwiwasana
dwilingga
dwilingga salin swara
dwilingga semu
"Sumringah, bungah, daredah, mengangah"
Iki migunakake purwakanthi ...
guru lagu
guru gatra
guru basa
guru sastra
guru swara
Tembung sing ora kadunungan seselan in ...
sinayudan
sinendhal
sinembah
kinasih
paningaling
Tembung sing ora kadunungan seselan um ...
sumungkem
sempulur
sumembah
sumendhal
tumetes
Tumetesing waspa iku metune saka ...
irung
talingan
tutuk
mripat
kulit
Para dwija lagya mulang muruk putra bangsa. Para dwija ateges ...
para wong tuwa
para guru
para kyai
para tokoh masyarakat
para ulama
Sing kresna kumpul padha ... kaya dhandhang reraton.
rekta
seta
langking
wilis
pita
Ing kegiyatan iki dumadi balang-balangan suruh.
Iki tinemu ing adicara ...
dhahar kembul
kacar kucur
bobot timbang
gantalan
singep sindur
"Adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi ... kalis ing rubeda nir ing sambekala."
reja raharja
rahayu wilujeng
terang trawaca
suka rena
rila legawa
Minangka tetungguling kulawarga darbe tanggung jawab nyukupi sandhang pangan ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, dhuwit pralambang boga lan wastra.
Iki tinemu ing adicara ...
dhahar kembul
kacar kucur
bobot timbang
gantalan
singep sindur
Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro, karangkulake ing pamindhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh.
Iki tinemu ing adicara ...
dhahar kembul
kacar kucur
bobot timbang
gantalan
singep sindur
Adhiku lair ing dina anggara kasih, tegese lair ing dina ...
selasa legi
selasa kliwon
sabtu legi
sabtu kliwon
sabtu paing
Tanggap wacana utawa pidhato iku ingaranan uga ...
sesorah
sesanti
ceramah
pituduh
dhakwah
Sing kudune ora diendhani nalika nindakake tanggap wacana ...
asring kukur-kukur talingan
asring ndelok mendhuwur
asring ngobahake perangan awak
ndingkluk terus
nguwasani materi
Owah-owahaning pasuryan sing mranani nalika pidhato ...
ngguyu sing digawe-gawe
terus-terusan mesem
kawistara tegang/keweden
mbesengut/tumungkul
pasuryan biyasa wae
Tanggap wacana (pidhato) lumrahe diwiwiti kanthi ...
ngucap puji syukur
nyuwun pangapura
njlentrehake tujuan
uluk salam
ndedonga
"... kulawarga dhusun mriki rumaos kicalan kadang ingkang saestu taksih kabetahaken, namung kados pundi malih, kodrat sampun ginarisaken saengga kita kedah ikhlas nampi kanyatan punika. Mugi-mugi prekawis punika mboten andadosaken ringkihing imtak kita, satemah kirang prayogi."
Pada kasebut mujudake gatining sedyane tanggap wacana ...
pasrah lamaran
pasrah penganten
pindhah omah
ngundhuh penganten
caos bela sungkawa
Ing basa krama inggil, tembung "kowe" owah dadi ....
tetep kowe
sampeyan
ndika
panjenengane
panjenengan
Tuladha basa krama inggil (alus) sing trep klawan unggah-ungguhe ...
Kul dereng dhahar siyang
Adhik sampun tindak Malang
Ibu mundhut sirahe pitik
Tono kaliyan Tini mundhut es teh
Bapak nembe kemawon tindak
Adhik ... susu, kula ... es teh, lan bapak ... kopi.
Tembung-tembung sing trep kanggo nyampurnakake ukara kasebut ...
ngombe, nginum, ngunjuk
nginum, nginum, ngunjuk
ngombe, ngombe, ngombe
nginum, ngunjuk, ngunjuk
ngombe, ngombe, ngunjuk
Ibu kalawau dereng ... saking kantoripun.
teka
mulih
lunga
menyang
rawuh
Sing dudu titikane basa krama lugu (madya) ...
tembung-tembunge krama ora kecampur krama inggil
ater-ater ora dikramakake
panambang dikramakake
tembung ku owah dadi kula
tembung kowe owah dadi sampeyan
Sing kalebu sandhangan wyanjana yaiku ...
cakra, keret, pengkal
cakra, layar, pengkal
cakra, pengkal, pangkon
cakra, layar, pangkon
cakra, keret, pangkon
Sing kalebu sandhangan panyigeg wanda iku ...
cecak, wignyan, pengkal
cecak, cakra, wignyan
cecak, keret, pengkal
cecak, layar, wignyan
cecak, keret, wignyan
Cakra keret iku minangka gantine sandhangan ...
cakra wantah
cakra wulu
cakra suku
cakra taling
cakra pepet
Pasangan aksara Jawa sing manggone ing sisihe yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca, nya
na, dha, da, wa
Pasangan aksara Jawa sing wujude padha karo aksara legenane yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca, nya
na, dha, da, wa
Pasangan aksara Jawa sing kanthi ngilangake salah siji sikile saka aksara legenane yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca, nya
na, dha, da, wa
Pasangan aksara Jawa sing beda banget karo aksara legenane yaiku ...
ha, sa, pa
ka, ta, la
ra, ga, nga, ya
ba, ca
na, dha, da, wa
Tembung iki yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandhangan pengkal ...
puji syukur
yatim piyatu
yitna yuwana
nyai Dasimah
tumbas yoyo
Tembung iki yen ditulis aksara Jawa mbutuhake sandhangan cakra keret ...
preman
sakreta
mrenea
premen
brah-breh
Tembung ambyar, yen ditulis aksara Jawa mbutuhake pasangan ...
ma
ba
ya
ma - ba
ba - ya
