wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS Bahasa Jawa 1_1

Total questions: 30

Worksheet time: 18mins

Name
Class
Date
1.

Rekor MURI Nggawe Resapan Biopori

Dhek sasi Agustus 2014 Kementrian Lingkungan Hidup bebarengan karo Pamarentah Kota probolinggo nganakake Gerakan Untuk Lingkungan sing disingkat GAUL. Kegiyatan iki dipandhegani dening Pusat Pengelolaan Lingkungan Hidup Ekoregion Jawa. Dhek taun 2013 kepungkur, pranyata GSAUL wis kasil nindakake nggawe kerajinan saka bahan daur ulang sing diitindakake dening wong kang cacahe 1.141 lan kacathet minangka Rekor Museum Rekor Indonesia (MURI) No. 6063/R.MURI/VI/2013. Dene ing taun 2014 iki ing panggonan sing padha uga nindakake nggawe resapan biopori cacahe 15.000 bolongan kang ditindakake uga dening wong 15.000. Resapan biopori iku dijenengi Lubang Resapan Biopori (LBR) kang sumebar ing 600 RT (Rukun Tetangga). Kegiyatan iki mujudake bagian saka "Semangat Masarakat Sadar Lingkungan" (SMS Darling) kang katindakake dening Pamarentah Daerah Probolinggo lan uga wis kacathet minangka Rekor MURI.


Sing diwartakake jroning pawarta ing dhuwur yaiku ...........

a)

Nggawe kerajinan saka bahan daur ulang

b)

Nggawe resapan biopori

c)

Museum Rekor Muri Indonesia (MURI)

d)

Gerakan Untuk Lingkungan (GAUL)

2.

Rekor MURI Nggawe Resapan Biopori

Dhek sasi Agustus 2014 Kementrian Lingkungan Hidup bebarengan karo Pamarentah Kota probolinggo nganakake Gerakan Untuk Lingkungan sing disingkat GAUL. Kegiyatan iki dipandhegani dening Pusat Pengelolaan Lingkungan Hidup Ekoregion Jawa. Dhek taun 2013 kepungkur, pranyata GSAUL wis kasil nindakake nggawe kerajinan saka bahan daur ulang sing diitindakake dening wong kang cacahe 1.141 lan kacathet minangka Rekor Museum Rekor Indonesia (MURI) No. 6063/R.MURI/VI/2013. Dene ing taun 2014 iki ing panggonan sing padha uga nindakake nggawe resapan biopori cacahe 15.000 bolongan kang ditindakake uga dening wong 15.000. Resapan biopori iku dijenengi Lubang Resapan Biopori (LBR) kang sumebar ing 600 RT (Rukun Tetangga). Kegiyatan iki mujudake bagian saka "Semangat Masarakat Sadar Lingkungan" (SMS Darling) kang katindakake dening Pamarentah Daerah Probolinggo lan uga wis kacathet minangka Rekor MURI.


Sing nuduhake papan panggonan jroning pawarta ing dhuwur yaiku ...........

a)

Dhek sasi Agustus 2014

b)

Sumebar ing 600 RT

c)

Ing panggonan sing padha

d)

Pamarentah Kota Probolinggo

3.

Rekor MURI Nggawe Resapan Biopori

Dhek sasi Agustus 2014 Kementrian Lingkungan Hidup bebarengan karo Pamarentah Kota probolinggo nganakake Gerakan Untuk Lingkungan sing disingkat GAUL. Kegiyatan iki dipandhegani dening Pusat Pengelolaan Lingkungan Hidup Ekoregion Jawa. Dhek taun 2013 kepungkur, pranyata GSAUL wis kasil nindakake nggawe kerajinan saka bahan daur ulang sing diitindakake dening wong kang cacahe 1.141 lan kacathet minangka Rekor Museum Rekor Indonesia (MURI) No. 6063/R.MURI/VI/2013. Dene ing taun 2014 iki ing panggonan sing padha uga nindakake nggawe resapan biopori cacahe 15.000 bolongan kang ditindakake uga dening wong 15.000. Resapan biopori iku dijenengi Lubang Resapan Biopori (LBR) kang sumebar ing 600 RT (Rukun Tetangga). Kegiyatan iki mujudake bagian saka "Semangat Masarakat Sadar Lingkungan" (SMS Darling) kang katindakake dening Pamarentah Daerah Probolinggo lan uga wis kacathet minangka Rekor MURI.


Ing kegiyatan iki, GAUL nindakake nggawe resapan biopori kang cacahe ...........

a)

15.000

b)

1.141

c)

6.063

d)

2.014

4.

Nggawe resapan biopori mujudake conto sing becik, gampang lan murah kanggo mbudidaya .....

a)

banyu kali

b)

banyu sendang

c)

banyu segara

d)

bangy udan

5.

Cathetan kedadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sjroning tulisan ing medhiya cithak utawa medhiya elektronik diarani ......

a)

pawarta

b)

prastawa

c)

wedharan

d)

cathetan

6.

Cathetan pawarta iku kudu netepi anane wewaton sing diarani BAL (bener, akurat lan lengkap). Bener tegese pawarta sing diandharake ..............

a)

kudu bisa dipercaya

b)

pancen bener-bener ana lan dumadi

c)

kudu bisa diwartaake

d)

ora kliru anggene maca

7.

Sing kalebu teks informasi (pawarta) yaiku .......

a)

Manungsa urip iku pancen ora bisa uwal saka lingkungan, mulane kudu tansah njaga kalastarene lingkungan

b)

Masarakat sing manggon ing sakiwa tengene kali Brantas wingenane dikagetake anane ewon iwak kali sing pada mati

c)

Minangka dadi wong Jawa kudune rumangsa duwe kuwajiban memayu hayuning bawana

d)

Unen-unen memayu hayuning asale saka tembung 'memayu" kang tegese "njaga", hayuning kang ateges "keslametan", lan bawana kang ateges "jagad".

8.

Wacanen kang titi!

Pawarta 1:

Ngancik sasi Desember iki pirang-pirang tlatah ing Kabupaten Malang isih akeh ketekan udan. Kaya wingi sore kang dumadi ing kecamatan Pakis, dumadi banjir merga udan deres.


Pawarta 2:

Lumantar pawarta iki, tak anjurake marang sapa wae sing arep liwat dalan Wendit - Bugis bisa wurungake dhisik. Amarga dalane macet kang disebabake banjir. Akeh kendharaan sing macet keblebeg udan.


Pawarta 1 lan 2 ing dhuwur padha-padha martaake banjir ing kecamatan Pakis, yen pawarta 1 babagane anane banjir, ananging yen pawarta 2, martakaake ...........

a)

sebabe banjir

b)

iline banjir

c)

akibate banjir

d)

gedhene banjir

9.

Kudu kuta sukuri menawa ing tanah Jawa iki isih nduweni alas sing cukup amba. Kanthi mangkono alas kuwi nduweni piguna kanggo ..............

a)

njaga lestarine maneka warnane panguripane sing ana sajroning alas

b)

njaga kalestarene sumber banyu

c)

nyuda anane erosi, yaiku ambroling lemah sing diterak banyu udan

d)

pilihan a, b, lan c bener kabeh

10.

Krana kapinterane manungsa akeh kemajuwan ing babagan ngelmu lan kawruh kanggo .............. panguripane manungsa

a)

ngangelake

b)

nggampangake

c)

nglestareake

d)

nyugihake

11.

Teknologi njalari uripe manungsa bisa luwih gampang, nanging yen ora ngati-ati bisa ................. tumrap manungsa

a)

mbebayani

b)

mbebrayani

c)

migunani

d)

njalari

12.

Wacanen kang titi!


Pangkur


Sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik punika,

prayoga kaweruhana,

adat waton punika dipun kadulu,

miwah ingkang tata krama

den kaesthi siyang ratri


Pangkur iku salah siji jinis tembang ....

a)

dolanan

b)

tengahan

c)

macapat

d)

gedhe

13.

Wacanen kang titi!


Pangkur


Sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik punika,

prayoga kaweruhana,

adat waton punika dipun kadulu,

miwah ingkang tata krama

den kaesthi siyang ratri


Cacahing wanda saben gatra hroning tembang macapat diarani ....

a)

guru wanda

b)

guru gatra

c)

guru wilangan

d)

guru lagu

14.

Wacanen kang titi!


Pangkur


Sekar pangkur kang winarna,

lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,

ala lan becik punika,

prayoga kaweruhana,

adat waton punika dipun kadulu,

miwah ingkang tata krama

den kaesthi siyang ratri


Guru wilangan dan guru lagu tembang pangkur ing nduwur yaiku ....

a)

8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b)

8i, 8a, 8a, 8a, 7a, 8u, 7a

c)

12i, 6a, 8i, 8a

d)

12u, 6a, 8i, 12a

15.

'Miwah ingkang tata kraama, den kaesthi siyang ratri".

a)

unggah-ungguh

b)

dieling-eling

c)

awan bengi

d)

becik lan ala

16.

Watake tembang pangkur yaiku ........

a)

sereng, tegas

b)

nesu, muntab

c)

nglokr, sedhih

d)

grapyak, renyah

17.

Unen-unen kang ajeg panggonane )ora kena diowahi) lan mawa teges tartamtu diarani .....

a)

parikan

b)

wangsalan

c)

cangriman

d)

paribasan

18.

Bebasan iku pepindhan saemper pasemon, sing disemoni sipat utawa kahanane wong/barang. Yen saloka yaiku pepindhan saemper pasemon, nanging sing disemoni ......

a)

wonge utawa ulah kridane manungsa

b)

kewane utawa ulah kridane kewan

c)

sipat utawa kahanane manungsa

d)

sipat utawa kahanane kewan

19.

Wong sing marani bebaya kena diarani .....

a)

timun wungkuk jaga imbuh

b)

timun mungsuh duren

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kutuk marani sunduk

20.

Nyambut gae apa wae aja kesusu grusa-grusu lan aja sembrana. Tumandang gawe yen ditindakake kantgi kebak pangati-ati bakal becik lan nemoni keslametan. Ugemana tetembungan ....

a)

becik ketitik ala ketara

b)

yitna yuwana lena kena

c)

wani ngalah luhur wekasane

d)

busuk ketekuk pinter keblinger

21.

Nututi layangan pedhot, tegese .....

a)

Mburu barang cilik kelangan barang gedhe

b)

Mburu barang sepele sing ora ana ajone

c)

wong kang nglanggar walere dewe

d)

wong sing manut grubyuk

22.

Wong sing kegedhen penggayuh/kekarepan kena diparibasaake ..........

a)

kegedhen empyak kurang cagak

b)

kebanjiran segara madu

c)

kakehan gludhug kurang udan

d)

ngubak-ubak banyu bening

23.

Wong urip iku bakale ngundhuh wohing pakarti, becik ketitik ala ketara. Ukara iku ngemu paribasan kang ateges ........

a)

sing ati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka

b)

tumindak becik utawa ala ing tembe mburine bakal katon dewe-dewe

c)

Duwe kapinteran nanging babar pisan ora ana sing nganggoake

d)

wong sing uripe sangsara banget

24.

Wong diarani piguna iku menawa gelem ngamalake ngelmune marang wong liya tanpa golek sembulih kang luwih. Yen duwe kapinteran kuwi kudune ditular-tularake marang wong liya supaya migunani. Aja nganti kaya ...........

a)

busuk ketekuk pinter keblinger

b)

kandhang langit kemul mega

c)

kutuk marani sunduk

d)

wastra lungset ing sampiran

25.

Kowe kuwi dadi wong mbok aja ............, jalaran yen seneng adu-adu bakal digething wong.

a)

tumbak cucukan

b)

kadang konang

c)

tulung menthung

d)

nggenthong umos

26.

Ukara ngisor iki sing kalebu saloka yaiku .......

a)

ana catur mungkur

b)

becik ketitik ala ketara

c)

kebo kebotan sungu

d)

wis kebak sudukane

27.

Senajan nduweni kalungguhan luhur, panjenengane kawentar cedhak karo kawula alit. Malah caket uga karo golongane wong pidak pedarakan. Pidak pedarakan tegese ..............

a)

kawula alit

b)

kawula muda

c)

sesepuh

d)

bocah cilik

28.

Sarjana sujana Walanda sing bebarengan karo Raden Ngebehi Rangga Warsita nyusun bau sastra (kamus) Kawi-Jawi yaiku ......

a)

Sujana

b)

Sarjana

c)

Winter

d)

Walanda

29.

Adi karo Toni iku pancen tumbu oleh ................... menyang ngendi wae mesti bocah loro

a)

tutup

b)

panci

c)

cowek

d)

sutil

30.

Sekar pangkur kang winarna, tembung "winarna" tegese .......

a)

pelabuhan

b)

lelabuhan

c)

lelembut

d)

lelono