wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Remidi PAS BD Kls 7

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali emas marang bangsa lan negara.


Tembung bali cocoge ditulis

a)

mbaleni

b)

bola-bali

c)

mbalekake

d)

bali-bali

2.

Sing kalebu tuladha tembung panggandheng

a)

apa, pira, kaya

b)

Loro, akeh, sepuluh

c)

Apik, resik, padhang

d)

Karo, lan, nalika

3.

Panulise tembung sing bener yaiku

a)

Adhiku duwe petek cacahe limo

b)

Ajining dhiri dumunung ana ing lathi

c)

Wayah sore akeh kalong mabor golek pangan

d)

Para kadhang tani tumandhang gawe ing sawah

4.

Panulise tembung ing ukara ing ngisor iki sing bener

a)

Matane loro lara kabeh

b)

Kulo dereng neda wiwit enjing wau

c)

Ojo rame, bapakku sare

d)

Ing dhuwur mejo ono ulo ijo

5.

Tuladha ukara krama inggil

a)

Pak, awakmu dikongkon Ibu mangan

b)

Pak, sampeyan dikengken Ibu nedha

c)

Pak, panjenengan dipunaturi Ibu dhahar

d)

Pak, sampeyan dikengken Ibu dhahar

6.

Kang ora kalebu struktur teks deskripsi

a)

komplikasi

b)

Identifikasi

c)

Definisi

d)

Deskripsi Bagian

7.

Tembung "lungguh" yen diudhal manut swarane

a)

u miring - u jejeg

b)

u jejeg - u miring

c)

u miring - u miring

d)

u jejeg - u jejeg

8.

Tembung "ngrungokake" oleh wuwuhan

a)

ater-ater anuswara

b)

sisipan

c)

ater-ater tripurusa

d)

seselan

9.

(Jangkepana ukarane)

"Bu, panjenengan mangke .... saking sekolah jam pinten?

a)

kondur

b)

wangsul

c)

tindak

d)

bidhal

10.

Sing dudu tuladha ukara kriya tanggap

a)

Ibu mirsani TV

b)

Bukune dakwangsulake

c)

bonekane koktumbasake

d)

Kaca tingalipun dipunasta

11.

……. punapa pirsa menawi Pak Lurah kagungan jeruk kathah?

a)

Kowe

b)

Sampeyan

c)

Sliramu

d)

Panjenengan

12.

Pandhawa kang nduweni jeneng werkudara, yaiku...

a)

Arjuna

b)

Bima

c)

Karna

d)

Yudhistira

13.

teks kang nggambarake samubarang kanthi cetha lan rinci, diarani teks..

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

14.

Tembung sing digarisi mawa swara “a jejeg”

a)

Aku jane ngrasa nek dheweke isih tresna

b)

Rasane kaya kelangan

c)

slirane nggawani cah anyar

d)

bocahe digawakake kancane

15.

Tembung sing digarisi mawa swara e pepet – e pepet

a)

Ana kethek mangan gedhang

b)

ana lemper tak pangan kabeh

c)

Lemper dienggo nyambel

d)

Ana kethek ing mata kiwamu

16.

tembung kang nduweni teges ora salugune kaya dene "dawa tangane lan ciut atine" diarani tembung...

a)

saroja

b)

entar

c)

garba

d)

dasanama

17.

Ukara mawa tembung saroja

a)

dheweke pinter banget

b)

Sesantine Jawa Timur iku jer basuki mawa bea

c)

swasana bengi iki katon peteng dhedhet

d)

bocah kuwi dawa tangane

18.

tembung "onde-onde lan undur-undur" kalebu tembung...

a)

Dwilingga

b)

Dwilingga salin swara

c)

Dwiwasana

d)

Dwilingga semu

19.

kang kalebu ukara krama lugu yaiku...

a)

kula badhe kesah dhateng sekolah

b)

ibu tindak dhateng peken

c)

Bu, panjenengan dipunutus simbah

d)

bapak dhahar kula siram

20.

Pambarepe Pandhawa

a)

Arjuna

b)

Bima

c)

Karna

d)

Yudhistira