wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

HAI WAYANG

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Pilihen wayang Pandhawa ing ngisor iki!

a)
b)
c)
d)
2.

Lakon sing isine lelakuning para Pandhawa kalebu ing serat ....

a)

Mahabharata

b)

Ramayana

c)

Wedhatama

d)

Wulangreh

3.

sakjroning pagelaran wayang, Gunungan digunakake kanggo ....

a)

gantine nutup utawa nyigeg lakon.

b)

milih crita sing apik.

c)

selingan, supaya lakone ketok urip.

d)

swasanane ora dadi kisruh.

4.

Iringan pergelaran wayang kulit, lumrahe diarani ....

a)

Pengrawit

b)

Pemusik

c)

Teknisi

d)

Teknokrat

5.

Dhalang ing sajroning pagelaran wayang kulit duweni jejibahan ....

a)

minangka pangarsaning pagelaran sing wenang murba iringan, nglakokake boneka wayang, lan ngandharake crita.

b)

minangka pangulahing swara ing soud sistem, supaya kabeh sing diunjukake bisa dirungokake para miyarsa.

c)

minangka pangulahing boga (panganan), supaya ora padha kluwenen.

d)

minangka pawongan sing mung nata wayang ing dhuwure debog.

6.

Adiparwa ing sawijining parwa (bagian) crita Mahabarata yaiku ...

a)

bagian sepisanan ing sajroning 20 bagian liyane.

b)

bagian crita sing ngandharake leluhur kulawarga Bharata nganti carita para Pandhawa lan Korawa samangsa isih mudha.

c)

crita matine Gathotkaca ing palagan paprangan.

d)

crita Rama nalika ketemu lawan Sinta ing laku sayembara.

7.

Astadasaparwa duweni werdi

a)

15 bagian crita Mahabarata

b)

16 bagian crita Mahabarata

c)

17 bagian crita Mahabarata

d)

18 bagian crita Mahabarata

8.

Irah-irahan (judul) kitab Ramayana dadi pilihan lakuning katresnan Prabu Rama lan Dewi Sinta, amarga sejatine duweni werdi ...

a)

'rama' kuwi bapak lan 'ayana' kuwi katresnan. Werdine katresnane bapak maring anake.

b)

'rama' kuwi nama tokoh (paraga) lan 'ayana' kuwi kisah. Werdine lelakone Prabu Rama.

c)

'rama' kuwi nama wayang lan 'ayana' kuwi kisah. Werdine lelakone wayang.

d)

'rama' kuwi nama tokoh (paraga) lan 'ayana' kuwi katresnan. Werdine lelakone katresnane Prabu Rama.

9.

Suluk ing sajroning pergelaran wayang yaiku ....

a)

wujud susastra sing wujude memper gancaran (prosa).

b)

wujud susastra sing wujude memper lagu sing kudu ana iringane.

c)

wujud susastra sing isine kanggo ngiringi wong mangan.

d)

wujud susastra sing wujude memper puisi.

10.

Sumber pergelaran wayang Bima Maneges dipethik saka serat ....

a)

Bima Suci

b)

Cekel Endralaya

c)

Ramayana

d)

Sri Tanjung