wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PH Drama Kelas XI

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Perangan wiwitan crita kanggo nepungake tokoh, swasana lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks drama diarani...

a)

Owahaning crita

b)

Jejer

c)

Pungkasan crita

d)

Pasulayan

e)

Pangudhare prakara

2.

Perangan dumadine prakara sing kudu diadhepi dening paraga, ing struktur teks drama diarani...

a)

Pungkasane crita

b)

Jejer

c)

Owahing crita

d)

Pasulayan

e)

Pangudhare prakara

3.

Perangan pungkasane pasulayan utawa dredah, ing struktur teks drama diarani...

a)

Pungkasane crita

b)

Jejer

c)

Owahing crita

d)

Pasulayan

e)

Pangudhare prakara

4.

Ukara ing ngisor iki kang luput panulisane yaiku...

a)

Ngendi-endi akeh wong dodolan

b)

Hawane adhem banget

c)

Aku manthuk, ethok-ethok ngerti karepe

d)

Aku dadi gedheg-gedheg ora ngerti karepe

e)

Aku dadi deg-degan ra karuwan

5.

Teknik ngrakit teks drama kanthi ngowahi wujud karya gancaran menyang wujud pacelathon (dialog), diarani...

a)

Langsung

b)

Transformasi

c)

Transliterasi

d)

Njarwakake

e)

Terjemahake

6.

Ing ngisor iki kalebu jenise nilai moral kang ana ing teks drama, kajaba...

a)

Moral marang Gusti Kang Maha Kuwasa.

b)

Moral marang sapadha-padhane manungsa

c)

Moral marang dhiri pribadhi

d)

Moral marang alam lingkungan

e)

Moral marang kang ora katon

7.

Aku mindher karo kanca-kanca kang nduwe bakat macem-macem.


Ukara kasebut kadunungan tembung rangkep...

a)

dwilingga wantah

b)

dwilingga salin swara

c)

dwipurwa

d)

dwiwasana

e)

dwilingga semu

8.

“Bapak wis turu wiwit sore, sajake kesel banget.”


Ukara kasebut menawa diowahi dadi basa krama alus yaiku...

a)

Bapak wis sare wiwit sore, sajake sayah banget

b)

Bapak wis tilem wiwit sore, sajake sayah banget

c)

Bapak sampun sare wiwit sonten, ketingalipun sayah sanget

d)

Bapak sampun sare wiwit sonten, ketingalipun kesel sanget

e)

Bapak sampun tilem wiwit sonten, ketingalipun sayah sanget

9.

Tembung ing ngisor iki kang bener panulisane yaiku...

a)

Dhedhege gede duwur

b)

Adine wis bisa ngadheg

c)

Aku manthuk tanda setuju

d)

Esuk-esuk sarapan gethuk

e)

Dheweke mlayu amarga kewedhen

10.

Tembung ing ngisor iki kang luput panulisane yaiku..

a)

Aku lagi butuh dhuwit

b)

Bocah kuwo kerep dijewer lan ditendhang

c)

Aja seneng tukar padu karo kanca

d)

Wis padang ndhuk, ndhang tangi

e)

Kula didhawuhi bapak pados buku

11.

Bab kang kudu digatekake nalika mentasake teks drama kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba...

a)

Paraga kudu bisa ngatur swara supaya antawacana bisa keprungu kanthi cetha

b)

Paraga kudu bisa mitontonake polatan kaslarasake wewatakane jumbuh karo panjaluke teks drama

c)

Paraga kudu ngatonake polatan kang sombong lan galak

d)

Sakabehe polah tingkah paraga kudu mujudake obah mosik kang kaseja

e)

Polah tingkahe paraga kudu laras, imbang lan wajar kaya panjaluke naskah

12.

Mbah, mengko yen arep mulih ben diterke Mas Budi.


Ukara kasebut menawa diowahi dadi basa krama alus yaiku...

a)

Mbah, mengko yen arep kondur ben didherekake Mas Budi

b)

Mbah, mangke menawi badhe kondur kersanipun dipundherekaken Mas Budi

c)

Mbah, mengko yen arep mantuk ben didherekake Mas Budi

d)

Mbah, mangke menawi badhe mantuk kersanipun dipundherekaken Mas Budi

e)

Mbah, mangke menawi badhe wangsul kersanipun dipundherekaken Mas Budi

13.

"Bapak ora seneng mangan sega sing isih panas"


Ukara kasebut menawa diowahi dadi basa krama alus yaiku...

a)

Bapak mboten purun dhadar sekul ingkang taksih panas.

b)

Bapak mboten remen dhadar sekul ingkang taksih panas.

c)

Bapak mboten bungah dhadar sekul ingkang taksih panas.

d)

Bapak mboten remen dhadar sekul ingkang taksih benter.

e)

Bapak mboten kersa dhadar sekul ingkang taksih benter.

14.

Ukara ing ngisor iki kadunungan tembung rangkep dwilingga semu, yaiku...

a)

Kawit mau kok mlebu metu ngomah wae, jane arep na ngendi ta?

b)

Amarga bingung, aku mung wira-wiri mau

c)

Aku duwe andheng-andheng akeh banget

d)

Bola-bali dikandhani panggah ora digape!

e)

Wong kok gaweane mongan-mangan wae!

15.

Saben esuk aku mlaku-mlaku ngubengi desa.


Ukara kasebut kadunungan tembung rangkep...

a)

Dwilingga wantah

b)

Dwilingga salin swara

c)

Dwilingga semu

d)

Dwipurwa

e)

Dwiwasana

16.

Ibu... ...jajanan kathah saking peken.


Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku...

a)

Mbeta

b)

Tumbas

c)

Mundhut

d)

Tuku

e)

Nggawa

17.

Sing kalebu tembung dwilingga salin swara ngarep, kajaba...

a)

Sopa-sapa

b)

Ngomba-ngombe

c)

Bola-bali

d)

Wara-wiri

e)

Monthak-manthuk

18.

Sing kalebu tembung salin swara mburi, kajaba...

a)

Ngomba-ngombe

b)

Kosak-kosik

c)

Wira-wiri

d)

Monthak-manthuk

e)

Tura-turu

19.

Sing kalebu tembung salin swara ngarep mburi yaiku...

a)

Ngomba-ngombe

b)

Monthak-manthuk

c)

Kosak-kosik

d)

Wira-wiri

e)

Tura-turu

20.

Sing kalebu tembung dwi purwa yaiku...

a)

Kekudhung. Cengenges, pepayung

b)

Kekudhung, sesepuh, pepeteng

c)

Sesulih, jegigik, celuluk

d)

Reruwet, tetiga, cekukruk

e)

Reruwet, pepayung, jegegeg

21.

Tata carane nganalisis nilai moral sajrone teks drama, kajaba...

a)

Maca teks drama

b)

Nyathet unsur wigati sing ana sajrone drama

c)

Mbedakake nilai becik kang ana sajrone teks drama

d)

Nglompokake perangan nilai kang kalebu jinise nilai moral

e)

Ndeleng ekspresi para paraga

22.

Golekana panulisan sing bener sajrone ukara ing ngisor iki...

a)

Bocahe bagus tur gede dhuwur

b)

Wayah esuk srengengene jumedul saka wetan

c)

Aku rada wedi yen ngliwati papan kono

d)

Aku mantuk tanda setuju

e)

Ulat madep ati karep

23.

Apa wae sing kudu dilakoni sadurunge mentasake drama, kajaba...

a)

Netepake sutradara

b)

Netepake paraga

c)

Nyiapake properti

d)

Nyiapake juru paes

e)

Nyiapake penontone

24.

Sutradara iku sing gaweane...

a)

Ngatur/mimpin lakune drama

b)

Nulis naskah

c)

Meragakake tokoh

d)

Ngganteni tokoh sing ana alangan

e)

Meragakake paraga protagonis

25.

Ludruk, kethoprak, wayang, kalebu jinise drama...

a)

Komedi

b)

Tragedi

c)

Klasik

d)

Modern

e)

Tradhisional

26.

Panitia pagelaran drama kang tugase ngrekam lan njupuk gambar pagelaran kanggo dokumentasi, yaiku...

a)

Operator

b)

Sie kostum

c)

Sie dokumentasi

d)

Sie make-up

e)

Sie dekorasi

27.

Panitia pagelaran drama kang tugase nyathet bab wigati ana sesambungane karo pagelaran drama, yaiku...

a)

Ketua

b)

Sekretaris

c)

Bendhahara

d)

Sutradara

e)

Operator

28.

Kang dadi juru paes kanggo paraga pagelaran drama yaiku...

a)

Operator

b)

Sie kostum

c)

Sie dokumentasi

d)

Sie make-up

e)

Sie dekorasi

29.

Sing nduwe tugas ngatur biaya sajrone pagelaran drama yaiku...

a)

Ketua

b)

Sekretaris

c)

Bendhahara

d)

Sutradara

e)

Operator

30.

Sajrone jinise drama, ana jinise drama dhukaria, apa tegese...

a)

Drama edan-edanan

b)

Drama sing critane bungah terus

c)

Drama sing critane sedhih terus

d)

Drama sing critane sedhih lan bungah

e)

Drama sing critane horor

31.

Apa sing diarani drama sedhih iku...

a)

Drama edan-edanan

b)

Drama sing critane bungah terus

c)

Drama sing critane sedhih terus

d)

Drama sing critane sedhih lan bungah

e)

Drama sing critane horor

32.

Ugel-ugelku ok saiki kerep lara ya.


Ukara kasebut kadunungan tembung rangkep...

a)

dwilingga wantah

b)

dwilingga salin swara

c)

dwipurwa

d)

dwiwasana

e)

dwilingga semu

33.

Ing ngisor iki kalebu ciri-cirine basa lisan, kajaba...

a)

langsung

b)

ora kaiket dening gramatikal

c)

ora efektif

d)

ukarane dawa

e)

lagune situasional

34.

Ing ngisor iki kadunungan tembung dwilingga salin swara mburi yaiku...

a)

Kawit mau mlebu ngomah wae, jane karep na ngendi ta?

b)

Kawit mau kok mung mangan mengen wae, apa ora kuwaregen

c)

Kolang kalinge sekilo pira?

d)

Tugase akeh kok mung tura-turu wae!

e)

Bola-bali dikandhabi panggah angel.

35.

Tembung ing ngisor iki kang luput panulisane yaiku...

a)

Kathah kawula mudha kang mboten sadeg ngetrepake tata krama.

b)

Yen wis mati bandha donya ora bakal digawa

c)

Namung sekedhik ingkang mangertos bab basa krama alus

d)

Munggah mudhun gunung wis nate daklakoni

e)

Saiki durung mangsa rendeng

36.

Sing abang iki regane pira, Bu?


Yen diowahi dadi basa krama alus yaiku...

a)

Sing abrit niki regine pinten, Bu?

b)

Sing jene niki regine pinten, Bu?

c)

Ingkang abrit menika reginipun pinten, Bu?

d)

Ingkang jene menika reginipun pinten, Bu?

e)

Ingkang abrit niki regie pimten, Bu?

37.

Mesam-mesem wae jane ana apa kowe iki.


Ukara kasebut kadunungan tembung rangkep...

a)

dwilingga wantah

b)

dwilingga salin swara

c)

dwipurwa

d)

dwiwasana

e)

dwilingga semu

38.

Panitia sing kebagiyan nyiapake pakean sing arep digawe paraga drama yaiku...

a)

Operator

b)

Sie kostum

c)

Sie dokumentasi

d)

Sie make-up

e)

Sie dekorasi

39.

Wingi bapak lagi mulih saka omahe simbah.


Ukara kasebut dadekna krama alus...

a)

Wingi bapak saweg wangsul saking daleme simbah

b)

Wingi bapak nembe wangsul saking griyane simbah

c)

Kalawingi bapak nembe kondur saking dalemipun simbah.

d)

Kalawingi bapak nembe kondur saking daleme simbah.

e)

Kalawingi bapak nambe mantuk saking dalemipun simbah

40.

Bagian naskah drama kang lumrahe isi dudutan crita, kadhang kala ditambahi piweling lan atur panuwun yaiku...

a)

Pasulayan

b)

Koda

c)

Jejer

d)

Pangudhare prakara

e)

Dialog