wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

KELAS 9 PAT

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu ditulis kanthi wujud pacelathon lan dipentasake ing panggung diarani ... .

a)

Sinetron

b)

Drama

c)

Komedi

d)

Sendratari

2.

Konflik/masalah awal sing ndadekake crita wiwit lumaku, ana tantangan lan gayeng ing saben-saben adegan diarani ... .

a)

Komplikasi

b)

Klimak

c)

Anti klimak

d)

Ending

3.

Sing ora kalebu carane nulis teks drama yaiku ... .

a)

Milih tema

b)

Nemtokake plot

c)

Nemtokake paraga

d)

Milih busana

4.

Obahing awak awit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake paraga ing drama yaiku ... .

a)

Interpretasi

b)

Ekspresi

c)

Olah tubuh

d)

Olah swara

5.

Sawijine dhasar main drama yaiku ekspresi. Sing dimaksud ekspresi yaiku ... .

a)

Nginterpretasi naskah drama salaras karo tokoh sing diparagakake

b)

Sesambungan karo owah-owahan praen sing bisa nggambarake lan nguripake paraga ing drama

c)

Obahing awak awit saka pucuk rambut ngantos pucuk sikil sing bisa nuwuhake greget lan nguripake paraga ing drama

d)

Kejelasan, ketepatan vokal, artikulasi, lan intonasi

6.

Drama sing dipentasake lumantar obahe awak/ isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak. Drama kasebut diarani ... .

a)

Pantomim

b)

Dhagelan

c)

Opera

d)

Sendratari

7.

Cirine plot wis ngancik tumekan klimaks yaiku ... .

a)

Prakara dadi tambah ngambra-wara lan kebak reruwet

b)

Wiwit nemokake dalan kanggo ngudhari reruwet

c)

Wiwit anane prakara

d)

Kawusanane klimaks wudhar

8.

Kawusanane klimaks wudhar diarani ... .

a)

Komplikasi

b)

Klimaks

c)

Ending/resolusi

d)

Anti klimaks

9.

Ing omahe mbah kuntha kang wis bolong kabeh gedhege lan uga bocor gendhenge akeh bocah cilik sing padha cemruwit. Esuk iku bocah-bocah siap arep budhal ngamen.

Eko lan Rudi : hahaha...ha ha ha...

Mbah Kuntha : Heh, iki apa tha? Kok padha rame wae awit mau takrungokake?

Eko : Iki hlo mbah! Ngguyu Ridho sing jarene pengin sekolah supaya bisa dadi dhokter. Apa ora ngguyu mbah? Hahaha....

Pethikan teks drama ing ndhuwur miturut struktur teks kalebu perangane... .

a)

Eksposisi

b)

Klimaks

c)

Komplikasi

d)

Ending

10.

Ing waktu awan kuwi sing wis panas Eko, Ridho, lan kanca-kancane sing isih ngamen ing prapatan lampu merah padha drodhosan kringete gulune krasa garing, mula iku arep tuku es kanggo nelesi gulune. Nanging ora adoh saka panggone ana bocah neng pinggir dalan lan katone lagi bingung.

Paragraf ing ndhuwur miturut struktur teks kalebu perangane... .

a)

Eksposisi

b)

Klimaks

c)

Komplikasi

d)

Ending

11.

Mbah kuntha : Kowe dodolan koran, Dho?

Ridho : Inggih kula tetep dodolan koran ugi saderengipun bidhal menyang sekolah. Mangke wangsul sekolah kula tumut mas-mas ngamen. Supados saged bayar sekolah lan nyetor arta dhateng Mbah Kuntha damel Dhahar.

Pethikan teks drama rupa dhialoge Ridho ing ndhuwur migunakake basa ... .

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

12.

Mbah kuntha : Kowe dodolan koran, Dho?

Ridho : Inggih kula tetep dodolan koran ugi saderengipun bidhal menyang sekolah. Mangke wangsul sekolah kula tumut mas-mas ngamen. Supados saged bayar sekolah lan nyetor arta dhateng Mbah Kuntha damel Dhahar.

Pethikan teks drama rupa dhialoge Mbah Kuntha ing ndhuwur migunakake basa ... .

a)

Ngoko lugu

b)

Krama lugu

c)

Ngoko alus

d)

Krama alus

13.

Perangan ing teks drama lumrahe wujud teks gancaran njlentrehake ngenani ... .

a)

Latar

b)

Tema

c)

Plot

d)

Alur

14.

Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema ... .

a)

Golek inspirasi

b)

Nemtokake plot

c)

Nemtokake tokoh

d)

Nulis teks drama

15.

Struktur teks drama sing ngrakit perkara rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarani... .

a)

Tema

b)

Paraga

c)

Plot

d)

Amanat

16.

Teks sing ngandharake, nerangake, nggambarake sipat lan polahe paraga sing kudu diparagakake, latar/setting nalika kedadeyan lumaku ing teks drama wujude ... .

a)

Gancaran

b)

Dialog

c)

Puisi

d)

Geguritan

17.

Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani ... .

a)

Protagonis

b)

Figuran

c)

Pambyantu

d)

Narator

18.

Naskah sing dadi pedhoman ing pagelaran drama diarani... .

a)

Naskah drama

b)

Skenario drama

c)

Unsure drama

d)

Teks drama

19.

Struktur teks drama sing rupa nilai budhi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani ... .

a)

Tema

b)

Paraga

c)

Alur

d)

Amanat

20.

Yen ditulis latin sing bener... .

a)

Rido ngamen ing prapatan

b)

Ridho ngamen ing prapatan

c)

Rida ngamen ing prapatan

d)

Ridha ngamen ing prapatan

21.

Skenario drama kudu digunakake kanggo pedhoman. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa sing paling bener yaiku... .

a)
b)
c)
d)
22.

Laporan kagiyatan katulis minangka bukti yen sawijining kagiyatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kagiyatan katulis kanggo... .

a)

Dhokumen pribadi para siswa

b)

Dhokumen kanggo sekolah

c)

Pertanggungjawaban

d)

Latihan nulis laporan

23.

Struktur teks laporan kagiyatan sing runtut yaiku ... .

a)

Pambuka, panutup, isi

b)

Pambuka lan isi

c)

Pambuka, isi, panutup

d)

Isi, pambuka, panutup

24.

1) Kagiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 12-13 Desember 2020

2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil

3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar

4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalane sejarah.


Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan yaiku ing ukara nomer ... .

a)

1,2

b)

3,4

c)

1,3

d)

2,4

25.

Paugeran panulise teks laporan kagiyatan ing antarane yaiku... .

a)

Runtut manut strukture

b)

Tulisane kudu bener

c)

Nganggo basa sing endah

d)

Dilampiri dhata lan foto

26.

Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani ... .

a)

Ukara lamba

b)

Ukara camboran

c)

Ukara carita

d)

Ukara pakon

27.

Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku... .

a)

Budi tuku kaos, dene Ali tuku tas

b)

Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune

c)

Lamongan hawane panas, nanging Malang adhem

d)

Rani tuku wedhak nalika Budi mulih

28.

Ukara camboran iku kaperang dadi 2, yaiku .....

a)

Ukara carita lan ukara camnoran susun

b)

Ukara camboran susun lan ukara camboran sajajar

c)

Ukara carita lan ukara lamba

d)

Ukara lamba lan ukara pakon

29.

Ukara sing kedadeyan saka sagatra (sakalusa) diarani .....

a)

Ukara carita

b)

Ukara lamba

c)

Ukara camboran susun

d)

Ukara camboran sajajar

30.

Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara lamba yaiku ....

a)

Budi tuku kaos, dene Ali tuku tas

b)

Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune

c)

Lamongan hawane panas, nanging Malang adhem

d)

Rani ora melu piknik jalaran lara

31.

Ing ngisor iki kalebu tuladhane ukara camboran yaiku ....

a)

Rani ora melu piknik menyang WBL

b)

Rini sida piknik menyang WBL

c)

Rini tuku iwak asin kanggo oleh-oleh

d)

Rina ora tuku apa-apa, dene Rani tuku klambi

32.

Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing teks laporan kagiyatan yaiku ....

a)

Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang

b)

Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135

c)

Karyawisata wis kaleksanan kanthi lancar

d)

Kagiyatan karya wisata dileksakake tanggal 2 Maret 2015

33.

Ukara ngisor iki cocog kanggo bageyan isi ing teks laporan kagyatan, kajaba ....

a)

Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang

b)

Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135

c)

Pungkasane tulisan iki panulis nduwe pangajab

d)

Guwa Maharani manggone ing sisihe WBL

34.

Sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku ...

a)

Sumarno budhal menyang daleme simbah.

b)

Amarga bukune keri Dina nangis.

c)

Aku mampir toko buku Gramedia

d)

Murid-murid padha nglumpuk ing lapangan.

35.

Unsur 5W lan 1H ing teks laporan kagyatan ing antarane yaiku ...

a)

Apa, endi, sapa, apa-a, piye, lan maneh

b)

Apa, sapa, pripun, wingi, endi, lan piye

c)

Apa, sapa, geneya, kapan, endi, lan kepriye

d)

Apa, ana apa, apa-apa ana, kapan, endi, lan piye

36.

Minangka perangan utawa bageyan teks sing nerangake lelandhesan lan tujuwan di anakake kagyatan, diarani ....

a)

Bageyan pambuka

b)

Bageyan isi

c)

Bageyan panutup

d)

Bageyan do’a

37.

tulisan Aksara Jawa kasebut yen disalin ing Aksara Latin unine …………

a)

Yagadipura

b)

Yagadhipura

c)

Yasadhipura

d)

Yasadipura

38.

.................................

a)
b)
c)
d)
39.

panulise aksara latin sing bener yaiku... .

a)

Numpaka prau layar

b)

Tumapak prau layar

c)

Numpak prahu layar

d)

Numpak prau layar

40.

“pesisir Parangtritis”, panulise aksara Jawa sing bener yaiku... .

a)
b)
c)
d)