NEW
Font size
WorksheetsLatihan soal "Cerkak"
Total questions: 20
Worksheet time: 40mins
Cerkak inggih menika karangan cekak ingkang wujudipun …..
Prosa
Puisi
Geguritan
Plot
Alur
Ing ngandhap menika karya sastra Jawa ingkang boten kalebet prosa inggih menika…..
Cerkak
Cerbung
Geguritan
Dongeng
Novel
Salah satunggaling titikanipun saking cerkak inggih menika …..
Dawanipun kirang langkung 20000 tembung
Swasana saha setting ingkang maneka warna
Alur saha cariyosipun kompleks
Nggadhahi setunggal plot utawi alur
Paraga ingkang kathah
Unsur-unsur intrinsik cerkak inggih menika ……
Tema, paraga,alur, irah-irahan, raga
Irah-irahan, paraga, raga, jiwa
Alur, weling, paraga, irah-irahan
Alur, latar, paraga, jiwa, irah-irahan
Tema, paraga, watak, alur, latar, amanat
Underaning perkara ingkang sipatipun umum dipunwastani …..
Latar
Tema
Plot
Amanat
Judul
Plot kagolong unsur-unsur cerkak ingkang kawastanan unsur …..
Intrinsik
Konflik
Ekstrinsik
Tambahan
Biografi
Reroncening kadadeyan ing cariyos wiwit lekas ngantos pungkasan kawastanan …..
Irah-irahan
Paraga
Alur Carito
Latar
Watek
Perangan ingkang nerangaken papan utawi wekdal kadadosan ing cariyos dipunwasatani …..
Alur
Tema
Plot
Latar
Gaya Bahasa
Ing andhap menika ingkang kasebataken wonten ing crita cekak kanthi langsung, kajawi …..
Watak paragane
Paraga antagonis
Irah-irahan
Paraga protagonis
Biografi panganggit
Alur menika kaperang dados pinten-pinten tahapan, inggih menika …..
Wiwitaning perkawis
Klimaks
Anti Klimaks
Resolusi
Pungkasan
Ingkang kalebet unsur-unsur ekstrinsik saking cerkak inggih menika …..
Nilai-nilai ing salebeting cariyos
Setting
Alur
Piwulang
Cara panyerat nyariyosaken
Omah joglo daleme Ki Brajaguno awan iki wis sepi. Ora kaya yen saben esuk, utawa malah sore pisan. Jalaran saben esuk wektune para bakul sing pesen bathik padha teka njupuk pesenane, dene yen sore, wayahe para sales bathik padha setor asil dagangane. Kulawarga Brajaguno pancen kondhang minangka juragan bathik, mligine jarik kanggo nyamping. Saben wong sing liwat tlatah njeron beteng, mesthi menangi omah joglo, kulon Mangkuwilayan. Racake yen padha ngarani omah joglo iku dilarasake kari sing kagungan dalem, Joglo Brajagunan.
Unsur intrinsik ingkang katerangaken ing paragraf setunggal inggih menika …..
Tema
Irah-irahan
Alur
Paraga
Latar
KEBAT KLIWAT
Dening: Bey Saptomo
Omah joglo daleme Ki Brajaguno awan iki wis sepi. Ora kaya yen saben esuk, utawa malah sore pisan. Jalaran saben esuk wektune para bakul sing pesen bathik padha teka njupuk pesenane, dene yen sore, wayahe para sales bathik padha setor asil dagangane. Kulawarga Brajaguno pancen kondhang minangka juragan bathik, mligine jarik kanggo nyamping. Saben wong sing liwat tlatah njeron beteng, mesthi menangi omah joglo, kulon Mangkuwilayan. Racake yen padha ngarani omah joglo iku dilarasake kari sing kagungan dalem, Joglo Brajagunan.
Ki Brajaguno lan Nyi Brajaguno peputra loro cacahe. Sing mbarep lanang, arane Kadiyo umure udakara selikur taun. Banjur sing ragil, wadon, arane Sumirah sengkut mbiyantu wongtuwane ngurus perusahaan bathike.
Kulawarga Ki Brajaguno lan Nyi Brajaguno pancen dadi panutane tangga teparo. Joglo Brajagunan dadi parang jujugan sapa bae. Seka piyayi sepuh nganti nom-noman, wiwit drajat pangkate dhuwur nganti tekan buruh. Trah priyayi sumrambahe trah pidak pedarakan. Sasat kabeh tau lan kerep tekan omah joglo iku. Ngono iku merga gapyak semanake sing kagungan dalem. Senajan sugih lan mambu trah kraton, ning kasunyatane ora tau mbedak-mbedakake. Ngono iku banjur ditiru putra-putrane, Kadiyo lan Sumirah.
……………................................
Sudut pandang pethikan cerkak ing inggil inggih menika …..
Orang pertama sentral
Orang pertama sebagai pembantu
Orang ketiga
Orang ketiga serba tahu
Orang ketiga terbatas
Ki Brajaguno lan Nyi Brajaguno peputra loro cacahe. Sing mbarep lanang, arane Kadiyo umure udakara selikur taun. Banjur sing ragil, wadon, arane Sumirah sengkut mbiyantu wongtuwane ngurus perusahaan bathike.
Unsur intrinsik ingkang katingal saking pethikan cerkak ing inggil inggih menika …..
Alur
Latar
Paraga
Sudut Pandang
Tema
Kulawarga Ki Brajaguno lan Nyi Brajaguno pancen dadi panutane tangga teparo. Joglo Brajagunan dadi parang jujugan sapa bae. Seka piyayi sepuh nganti nom-noman, wiwit drajat pangkate dhuwur nganti tekan buruh. Trah priyayi sumrambahe trah pidak pedarakan. Sasat kabeh tau lan kerep tekan omah joglo iku. Ngono iku merga gapyak semanake sing kagungan dalem. Senajan sugih lan mambu trah kraton, ning kasunyatane ora tau mbedak-mbedakake. Ngono iku banjur ditiru putra-putrane, Kadiyo lan Sumirah.
Miturut pethikan cerkak ing inggil, kadospundi watakipun Ki Brajaguno?
Priyayi trah kraton
Gapayak semranak
Mbedak-bedakake marang wong liya
Pangkate dhuwur
Sugih
Topik ingkang kapanggihaken saking pethikan cerkak kanthi irah-irahan "Kebat Kliwat" kala wau inggih menika …..
Joglo Brajaguno
Kulawargane Ki Brajaguno
Perusahaan Bathike Ki Brajaguno
Juragan Bathik
Ki Brajaguno dadi panutan
ORA NYANA
Dening: Ardini Pangastuti BN
Aku ngeluk boyok sadurunge nglekar ing barak bareng kanca-kanca relawan liyane. Otot-ototku rasane kenceng kabeh, boyok pegel. Wis pokoke ora penak-penaka kae. Mbokmenawa dina iki anggonku nyambut gawe pancen rada keladuk. Kamangka sing jenenge tenaga kuwi ana takerane. Yen kuwate seket kilo, kudune ora perlu ngaya ngangkat sing ngluwihi bobot samono iku. Yen dipeksakake, akibate ya kaya ngene iki kesele. Nanging ora ana sing takgetuni. Aku seneng bisa melu gugur gunung, mbiyantu para warga desa ing papan iki sing lagi nampa pacoban arupa musibah tanah longsor.
Lagi limang menit nglekar, keprungu swarane lelagon kanthi wirama kang gumyak saka radhio cilik sing dikekep dening Sadmaka, kanca relawan sing teturon ana sacedhakku.
Lesung jumengglung/ sru imbal-imbalan/ lesung jumengglung/ manungkul mangungkung/ ngumandhang nggrebeki/ sajroning padesan/ thok…thok…thek thok…thokgung ….thok…
Swara kuwi rinasa ngremet-ngremet dhadha, ngrerujit jiwa. Kelingan marang desaku sing wis suwe taktinggalake. Desaku sing endah lan ayem tentrem. Nanging kaendahan alam padesan iku ora ana tegese tanpa ana Rey ing kana. Mula, sawise ibuku ora ana (wong tuwaku ya mung kari ibu), omah ing desa terus takdol, taktukokake perumahan ing kutha sing cedhak papanku makarya. Aku makarya ora melu wong, maksudku nyambut gawe mandhiri. Bukak usaha percetakan karo kanca-kanca. Dadi ora diprentah sapa-sapa. Mung butuh kesepakatan wae karo kanca-kanca. Mula aku bisa duwe wektu omber lan bisa melu dadi relawan kaya saiki. ………………………………………………………………
Sudut pandang saking pethikan cerkak ing inggil inggih menika ……
Orang pertama sentral
Orang ketiga terbatas
Orang ketiga serba tahu
orang pertama sebagai pembantu
Orang ketiga
Aku ngeluk boyok sadurunge nglekar ing barak bareng kanca-kanca relawan liyane. Otot-ototku rasane kenceng kabeh, boyok pegel. Wis pokoke ora penak-penaka kae. Mbokmenawa dina iki anggonku nyambut gawe pancen rada keladuk. Kamangka sing jenenge tenaga kuwi ana takerane. Yen kuwate seket kilo, kudune ora perlu ngaya ngangkat sing ngluwihi bobot samono iku. Yen dipeksakake, akibate ya kaya ngene iki kesele. Nanging ora ana sing takgetuni. Aku seneng bisa melu gugur gunung, mbiyantu para warga desa ing papan iki sing lagi nampa pacoban arupa musibah tanah longsor.
Latar panggonan saking pethikan cerkak ing inggil inggih menika …..
Desa
Kamar Omah
Omahe Sadmaka
Barak
Perumahan
Swara kuwi rinasa ngremet-ngremet dhadha, ngrerujit jiwa. Kelingan marang desaku sing wis suwe taktinggalake. Desaku sing endah lan ayem tentrem. Nanging kaendahan alam padesan iku ora ana tegese tanpa ana Rey ing kana. Mula, sawise ibuku ora ana (wong tuwaku ya mung kari ibu), omah ing desa terus takdol, taktukokake perumahan ing kutha sing cedhak papanku makarya. Aku makarya ora melu wong, maksudku nyambut gawe mandhiri. Bukak usaha percetakan karo kanca-kanca. Dadi ora diprentah sapa-sapa. Mung butuh kesepakatan wae karo kanca-kanca. Mula aku bisa duwe wektu omber lan bisa melu dadi relawan kaya saiki. ………………………………………………………………
Kadospundi watakipun paraga Mas Bas ingkang wonten ing pethikan cerkak kalawau …..
Gelem rekasa, gampang kesel
Sregep, gampang kesel
Sregep, tekun, mandhiri
Tekun, kuat
Gampang getun
Gatosna pratelan-pratelan menika!
1) Kedah wonten perkawis, konflik, ending
2) Damel cengkorongan
3) Angen-angen saking pengalaman
4) Mekaraken cengkorongan dados cerkak
Tata urutan damel cerkak inggig menika …..
1, 2, 3, 4
3, 2, 4, 1
3, 2, 1, 4
2, 3, 4, 1
2, 3, 1, 4
