WorksheetsTry out Bahasa Jawa Bagian 1
Total questions: 50
Worksheet time: 49mins
Mas Kumambang
Bambu runcing kang dadi gamaning jurit
Dene mungsuhira
Bedhil meriem kadya thahit
Unggul wit kersa
Cacahing wanda gatra kapisan tembang Macapat ing duwur ana ...
6
8
10
12
Dhik yanti bukumu (gawa) dhisik ya.
Tembung sajroning kurung ing ukara nduwur benere ... .
dak gawa
digawakake
kokgawa
gawanen
Becik ketitik ala ketara.Paribasan iku tegese ... .
kabeh pegawean kang ala bakal katon dhewe
kabeh penggawe ala, tembe mburi ketemu
kebeh pegawean becik mesti bakal ketitik
kabeh pegawean becik lan ala bakal katon dhewe
Malang, 3 Nopember 2020. ing layang kui di arani
adhangiyah
titi mangsa
peprenahan
satata basa
Gambar ing dhuwur iki tokoh wayang sing jenenge ...
bagong
semar
gareng
petruk
Wacanen sing tliti!
Gathutkaca iku putrane Werkudara karo Dewi arimbi. Gatutkaca nduwe jeneng liya : Bambang tetuka, Kacanegara. Gatthutkaca duwe kang mas jenenge Antareja lan adhine jenenge Antasena. Gathutkaca iku satriya ing Pringgondhani, satriya kang sekti mandraguna. Otot kawat balung wesi, bisa mabur tanpa elar amaraga nduwe gaman kotang antakusuma, nduwe caping Basunanda kang njalari udan ora kudanan yen panas ora kepanasan, bisa turu ing mega angkasa.
Paraga utama crita ing dhuwur yaiku ...
werkudara
gatukaca arimbi
gatutkaca
kurawa
Kolik priya priyagung Anjani Putra. Iki di arani purwakanthi
guru sastra p
lumaksita
guru sastra p, y
guru swara ya
Dilebokno malah metu batangane cangkriman kui apa ... .
jarum
susuk kondhe
benang
benik
Gambar ing duwur kui tokoh wayang sing jenenge ...
arjuna
nakula
werkudara
puntadewa
Atur pakurmatan, puji sukur marang Gusti Allah, lan atur panuwun kaucapake ing pidhato
Pambuka (purwaka)
Isi ( surasa basa)
Dudutan ( kesimpulan)
Panutup (wasana basa)
1. Sing nonton bal – balan jejel ... nganti stadione ora amot. Tembung saroja kang mathuk kanggo jangkepi tembung kuwi yaiku ...
rukun
riyel
uyel
reyel
Rotine dipangan fajar. Ukara kasebut kalebu ukara ...
tanduk
tanggap
camboran
saroja
ing ngisor iki sing kalebu tuladhane tembung rimbag rangkep dwilingga salin swara yaiku ...
bola bali
bapak - bapak
sesepuh
leluhur
Ayune mbak darti kkuwi kaya Dewi ratih nanging Baguse mas anto kaya ...
raden arjuna
bathara kamanjaya
raden werkudara
anoman
Mbak arni panccen ayu banget alise nanggal sepisan, untune miji timun idepe ....
Ngundhup turi
Nggandhewa pinenthang
Ngundhup mlati
tumenga ing tawang
Bocah kuwi pancen gedhe endase mulane ora di senengi kancane. Gedhe endase tegese ...
sombong
seneng colong jupuk
nesu banget
rekasa nyambut gawe
“Tulung menthung” tegese paribasan kuwi ...
Katone nulungi malah ngrusuhi
Samubarang gegayuhan mbutuhake wragan
Prekara cilik dadi gedhe
Wong kang ora bisa rukun
Wajik Kletik .............
Dadine murid sing prasaja
rasane legi
rupane abang
tanpa dinyana
gula jawa
Ibu ngagem sandhal kulit
Ukara andharan kasebut yen di owahi dadi ukara pitakon ... .
Sapa ngagem sandhal kulit?
Sapa ngasta sandhal kulit?
Sapa mundhut sandhal kulit?
apa ngagem sandal kulit
Kembange rontok sumebar dadi saklata. Tembung sumebar linggane ... .
ambyar
bubar
buyar
sebar
Adigang, adigung, adiguna. Paribasan iki tegese ...
a. Wong asor nanging sugih kapiteran
b Ngendelake kakuwatane,kaluhurane lan kapinterane
c. Tingkah polahe anak dadi tanggungan wong tuwo
d. Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine
Raden Werkudara satruya ing Jodhipati. Nanging Raden Sadewa satriya ing ....
Plangkawati
Sawojajar
Lesapura
Madukara
Emping mlinjo
saben dhaerah jinis panganan sing mligi. Kutha Malang kasuwur kripik tempe, Madiun krupuk uline, Sidoarjo petis urange dene kutha Magetan emping mlijone. Emping mlijone karemane para priyayi uga para plesir manca negara. Tumrap kadang tani padesan nandur wit mlinjo bisa murakabi kabutuhane urip.
Perangane wacan ing dhuwur surasa ( latar cerita) sing bener ... .
Karemane para priyayi
Didol marang plesir mancanegara
Murakabi kabutuhane urip
Misuwurake kutha sing ngasilake
anggonmu nata aja kotcuk, sing rapi.
Tembung kotcuk klebu tembung ... .
lingga
camboran
saroja
andhahan
Bu guru mangan rujak gobet. Ukara iki ngoko aluse
Bu guru nedha rujak gobet
Bu guru nedhi rujak gobet
Bu guru dhahar rujak gobet
Bu guru nyantap rujak gobet
Pungkasaning pidhato biasane nganggo ukara ... .
cekap semanten atur kula
mekaten atur kula sampun
cekap semanten lan nyuwun pangaksami
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bosok malah enak batangane cangkriman kui yaiku ... .
tape
salak
nanas
apel
Wiwa wite, lesmba dhonge, karwa pake batangane... .
tipak kebo lelene satus
uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
untu krwok larane ra karuan
pagere kobong, celenge mlayu
Burnas kopen batangane cangkriman kui ... .
Bubur panas kokopen
kasure teles pepenen
gusine menyonyo, untune kedawan
pagere kobong, watune mendhelis
Iki arep imunisasi, imunisasi saka tembung imun sing tegese kebal. Imunisasi tegese awak sing diwenehi kekebalan. Sing disuntikake ing awakmu arupa vaksin. Yen vaksin tetanus tegese, kowe mbesuk ben kebal yan samangsa kena serangan penyakit tetanus. Semono uga vaksin liyane. Dadi disuntik kuwi aja wedi, awit kanggo njaga kesehatanmu wiwit saiki nganti mbesuk.
Isine paragraf ing dhuwur yaiku ....
gunane imunisasi
diwenehi vaksin
serangan tetanus
njaga kesehatan
Dubang, Jiro, paklik, pakpuh . Diarani tembung ....
Camboran
Camboran tugel
Camboran wutuh
Saroja
Ing Tembang macapat, cacahe wanda saben sagatra diarani .....
guru lagu
guru gatra
guru wilangan
guru sastra
1. Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula –tula kata katali
Kadalu warsa kapatuh
Katutuh pan dadi awon
Tembang Gambuh ing dhuwur guru lagune .....
u, u , i, u, o
u, u, i, o, o
i, u, o, u, o
o, u, i , u, u
Wong kang ora bisa mbedakake rasane panganan sing enak lan sing ora enak diarani ....
Kandel ilate
Lunyu ilate
Dawa ilate
Mati ilate
Salamku kanggo Dhik Bagas
ing Surabaya
Salam Katur Dhik Bagas
Kanthi layang iki aku aweh kabar yen aku ing malang tansah ginanjar rahayu wilujeng.Muga – muga Dhik Bagas uga mangkono. Kejaba saka iku, aku wingi krungu kabar saka Mbak sri yen sampeyan ditampa ing SMP Negeri 1 Surabaya.
Dak kira cukup semene dhisik kabar saka aku, liya dina sambung maneh.
Malang, 1 Desember 2020
Kancamu Atamaja
Ukara pambuka ing layang kiriman iku ...
Kajaba saka iku . ..
Kanti layang iki
Salam katur ...
Mangkono kabar saka
Durung nganti jam enem Susanti lan ninda wis nyaponi kelas nganti resik .
Sing dadi katrangan wayah ukara ing duwur yaiku .....
durung nganti jam enem
susanti lan ninda
wis nyaponi
kelas nganti resik
Le, bapak pudhutna rokok !
Ukara iki klebu ukara ....
pakon
pitakon
crita
kandha
Nabok nyilih tangan” tegese paribasan kuwi ...
Wis kepenak malah golek rekasa
Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Rekasa merga kakehan anak
Kabiyasakane anak niru wong tuwane
Ing ngisor iki kalebu jinise rimbang rangkep (kata ulang), kajaba (kecuali) ...
Rimbag rangkep dwilingga
Rimbang rangkep dwisasmita
Rimbag rangkep dwipurwa
Rimbang rangkep dwiwasana
Ani maca buku LKS basa jawa, tembung maca krama inggile .....
baca
maos
ngampil
mundhut
Eyang soma ngunjuk toya klapa. Tembung toya tegese ....
degan
banyu
legen
duduh
Gatra “ Bapak pucung, dudu watu dudu gunung” ana pira wanda(suku kata/ucap) ?
6 wanda
12 wanda
10 wanda
11 wanda
Geguritan iku padha karo ..... basa Jawa.
puisi
pantun
paribasan
cangkriman
Esuk dhele, sore tempe. Apa tegese paribasan kuwi ?
Wong kang ora tetep atine (mencla – mencle)
Rebutan barang kang sepel
Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine
Wong asor nanging sugih
Simbah biyen seneng nginang, saben – saben mbuwang dubang...
Kudu abang
Dupa abang
Dudu abang
Idu abang
Urip kuwi sing becik kudu ... karo kancane.
Tembung saroja sing bener kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
Ayem tentrem
Tulung tinulung
Sayuk rukun
ih sinisihan
Kriwikan dadi grojogan , tegese ...
Perkara cilik dadi gedhe
Maune alon tambah banter
Iline banter banget
Pancurane tambah gede
Mati uripe manungsa kuwi (gantung) marang Gusti Allah. Tembung gantung katon...
Gumantung
Ginantung
Ganuntung
Ganintung
Yen wayah ulangan aja kulina (thingak). Tembung sajroning kurung yen didadekake tembung lingga salin swara yaiku ...
Thingak – thinguk
Thingak – thingak
Thinguk – thinguk
Thinguk – thingak
Kinanthi, Asmaradana, pucung, lan sinom kalebu jinise ..
Tembang macapat
Tembang gedhe
Tembang dolanan
Tembang tengahan
