wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA KLS 5

Total questions: 35

Worksheet time: 45mins

Name
Class
Date
1.

Paragraf ing dhuwur iku kagolong jenis … .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

2.
Nggambarake samubarang kanthi cetha kanthi nuduhake wujud, warna, ukuran, rasa, lan kahanan saengga pamaca kaya-kaya ngrasakake dhewe kedadeyan diarani teks… .
a)
narasi
b)
dheskripsi
c)
persuasi
d)
argumentasi
3.
Kanggo nglestarekake lingkungan, bocah-bocah kudu mbuwang uwuh ing panggon uwuh. Tembung kang diwenehi garis bawah iku tegese … .
a)
awune rokok
b)
dluwang
c)
sampah
d)
wungkuse jajan
4.
Basa kang endah utawa basa sastra karana dipaesi utawa dirumpaka diarani basa … .
a)
rinengga
b)
krama
c)
ngoko
d)
bagongan
5.
Tetembungan ing ngisor iki sing kalebu parikan yaiku … .
a)
yen mlaku lembehane mblarak sempal
b)
tandhange kaya bantheng ketaton
c)
tangane cekot
d)
kembang kencur tinandur tepine sumur, kudu jujur yen kowe kepingin makmur
6.
Ukara kang digunakake kanggo madhakake sumabarang kang ateges kaya diarani… .
a)
parikan
b)
panyendhu
c)
pepindhan
d)
panyandra
7.
Pramitha tangane … , mula yen njoged bisa luwes.
a)
manggis karengat
b)
nggandhewa pinenang
c)
mbalarak sempal
d)
nawon kemit
8.
Ukara ing ngisor iki kang kalebu panyendhu yaiku … .
a)
Danang kuwi bocah kesed. Senengane nggenthong umos mulo ora landhep pikire
b)
Murid-murid padha nganggo sragam putih yen disawang kaya mliwis baris
c)
Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murit kudu sregep sinau
d)
Fitri kuwi bocah kang ayu banget. Mripate ndamar kanginan, irunge ngudhup mlathi, lan eseme merak ati
9.
Salah sijine titikane teks dheskripsi yaiku … .
a)
pamaca ora bisa ngrasakake utawa ngangen-angen kadadeyan kang ana
b)
pamaca ora bisa nggambarake kedadeyan
c)
kabeh kedadeyan diurut kanthi urutan wektu
d)
nggambarake kedadeyan kanthi cetha
10.
Gancaran kang nerangake kegiyatan kanthi runtut lan jelas saengga sing maca kaya ngalami tenan diarani teks … .
a)
dheskripsi
b)
narasi
c)
eksposisi
d)
persuasi
11.

Paragraf ing dhuwur iku kagolong jenis teks… .

a)

dheskripsi

b)

narasi

c)

argumentasi

d)

persuasi

12.

Irah-irahan wacan ing dhuwur yaiku … .

a)

Desa Pujon

b)

Tetanen

c)

Sapi Perah

d)

Panguripan

13.
Ing tlatah erenge gunung sisih kidul ana sawijining desa. Tlatah nduweni teges … .
a)
desa
b)
wewengkon
c)
kutha
d)
bhumi
14.
Salah sijine ciri karangan narasi yaiku … .
a)
kahanan dicritakake kanthi rinci
b)
njlentrehake bab kanthi bukti kuwat
c)
njlentrehake bab kanthi cetha supaya wong liya percaya lan manut
d)
arupa prastawa utawa pengalaman penulise
15.
Supaya sapi perah dadi akeh mula perlu ditangkarake nganggo kawin suntik. Tembng ditangkarake nduweni teges … .
a)
dirumat
b)
diopeni
c)
didadekake akeh
d)
diobati
16.
Tuladhane ukara pitakon ing ngisor iki yaiku … .
a)
Tulung, gawakno iki!
b)
Waduh, sikilku kesandung!
c)
Aku duwe dolanan anyar.
d)
Ing ngendi omahmu?
17.
Rikmane bapak wis putih. Rikma tegese … .
a)
untu
b)
rambut
c)
kulit
d)
brengos
18.
Miturut pangertene, ukara sing bener yaiku … .
a)
narasi ekspositoris yaiku wacan kang menehi katrangan apa anane, dene narasi sugestif yaiku wacan kang ngracik kanthi runtut supaya bisa nggugah pangangen-angen sing maca
b)
narasi ekspositoris yaiku wacan kang ngracik kanthi runtut supaya bisa nggugah pangangen-angen sing maca , dene narasi sugestif yaiku wacan kang menehi katrangan apa anane
c)
narasi ekspositoris yaiku wacan kang ora menehi katrangan apa anane, dene narasi sugestif yaiku wacan kang ngracik kanthi runtut gawe nggugah pangangen-angen sing maca
d)
narasi ekspositoris yaiku wacan kang menehi katrangan apa anane, dene narasi sugestif yaiku wacan kang ora ngracik kanthi runtut gawe nggugah pangangen-angen sing maca
19.
Pak Rohadi lunga menyang Jakarta. Tembung kramane lunga yaiku … .
a)
rawuh
b)
ngasta
c)
tindak
d)
nitih
20.
Saben esuk saka pucuke Gunung Bromo … kumebul sundhul langit. Tembung sing cocok kanggo njangkepi ukara iku yaiku … .
a)
beluk
b)
sumuk
c)
bluluk
d)
kapuk
21.

Paragraf ing dhuwur kalebu jenis teks … .

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

persuasi

d)

argumentasi

22.
Karangan sing nyata banget lan disusun miturut obyek-obyek sing diamati diarani dheskripsi … .
a)
obyek
b)
kahanan
c)
proses
d)
sifat
23.
Saben sore simbah lungguh ing teras ngarep. Ukara kasebut yen diowahi nganggo krama inggil dadi … .
a)
Saben sore simbah lungguh ing teras ngajeng
b)
Saben sonten simbah lungguh ing teras ngarep
c)
Saben sore simbah pinarak ing teras ngarep
d)
Saben sonten simbah pinarak ing teras ngajeng
24.
Toni lagi lara thypus. Mula cayane abang dluwang. Abang dluwang tegese … .
a)
seger banget
b)
pucet banget
c)
seneng banget
d)
sedih banget
25.
Cilik-cilik gelange karet, isish cilik aja kesed. Ukara iku kalebu … .
a)
parikan
b)
panyendhu
c)
pepindhan
d)
panyandra
26.
Cipir mrambat kawat … . Ukara sing cocog kanggo ngganepi parikan iku yaiku … .
a)
wong ora waras
b)
ing ngisor tebu
c)
ora mampir pokoke liwat
d)
panganane sega
27.
Tetembungan utawa ukara kanggo nacad/nyemoni diarani … .
a)
parikan
b)
panyendhu
c)
pepindhan
d)
panyandra
28.
Bocah wadon kae ayune kaya widodari lan pikirane lantip, nanging gandane arum jamban. Mula yen cedhak karo kanca-kancane kabeh padha nutup irunge. Arum jamban tegese … .
a)
wangi banget
b)
mambu banget
c)
apik banget
d)
ayu banget
29.
Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung rawuh ngoko aluse … .
a)
wangsul
b)
budhal
c)
teka
d)
mangkat
30.
Sakwise diumbah nganggo pemutih klambi, sragame Bayu katon putih … .
a)
memplak
b)
mbranang
c)
meles
d)
royo-royo
31.
Wacan kang ngracik kanthi runtut nganti bisa ngunggah pangangen-angene wong kang maca, diarani narasi … .
a)
ekspositoris
b)
argumentasi
c)
informatif
d)
sugestif
32.

Teks ing dhuwur kalebu teks …

a)

dheskripsi

b)

narasi

c)

eksposisi

d)

persuasi

33.
Sopo jenenge bocah sing gae klambi biru iku? Ukara iku kalebu ukara… .
a)
andharan
b)
pitakon
c)
pakon
d)
tanduk
34.
Tetembungan kanggo ngalem kaendahan kayata kahananing manungsa diarani … .
a)
panyandra
b)
panyendhu
c)
pepindhan
d)
parikan
35.
Ing ngisor iki tuladhane parikan, kajaba … .
a)
manuk emprit nucuk pari, dadi murid sing taberi
b)
wajik kletik gula jawa, luwih becik sing prasaja
c)
wedang bubuk gulo jawa, wedang kopi rasane pait
d)
kembang jagung dipethik Cina, barang wis kadhung dikapakna