wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Mandiri 1

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Rukun Agawe Santosa


Kadangku . . . .

Donya iki dudu duwekku

Donya iki dudu duwekmu

Mula aja rebutan panguwasa

Aku lan kowe ora bisa urip ijen

Aku lan kowe kudu urip bebarengan

Sayuk rukun Gotong royong

Jroning geguritan ing nduwur ana tembung “bebarengan” sing teges…

a)

mlaku bareng

b)

jejer bareng

c)

guyup rukun

d)

jail methakil

2.

Waspadakna ciri-ciri teks ing ngisor iki !

1.Paraga luwih saka siji

2.Ana tanda petik sapasang

3.Njelasake objek kanthi rinci

4.Nganggo ukara langsung

5.Migunakake basa krama inggil

6.Nyritakake kedadeyan kanthi urut lan rinci

Kang kalebu ciri-ciri teks dialog yaiku nomer…

a)

1, 2. 3

b)

1, 2, 4

c)

2, 4, 6

d)

3, 4, 5

3.

Ratu Ayodya, Prabu Dasarata peputra Rama sing sabanjure nggenteni dadi ratu ing kang jejuluk Prabu Rama.Kanggo ngganepi jejering urip Prabu Rama nggarwa Dewi Sinta putri saka Prabu Janaka ing Manthili

Garwane Prabu Rama iku putri saka kraton…

a)

Dwarawati

b)

Pancawati

c)

Manthili

d)

Ayodya

4.

Waspadakno ciri-ciri teks ing ngisor iki!

1.Pamaca utawa sing ngrungokake kaya ngrasakno dewe

2.Nyritakake kedadeyan kang dumadi

3.Njelasake objek kanthi jelas

4.Ngamot alasan lan sebab

5.Nglibatno panca indra

Ciri-ciri teks ing ndhuwur sing kalebu ciri-ciri teks dheskripsi yaiku…

a)

1, 2, 3

b)

2, 3, 4

c)

1, 3, 5

d)

1, 3, 4

5.

Tembang dolanan yaiku tembang sing ora kaiket guru gatra, guru lagu, guru wilangan lan isine kanggo dolanan bocah-bocah. Salah siji tuladhane tembang dolanan yaiku…

a)

Pucung

b)

Jamuran

c)

Asmaradhana

d)

Dhandhanggula

6.

Kanggo nulis ukara “karang abang” sandhangan sing digunakake yaiku . . . .

a)

taling

b)

suku

c)

cecak

d)

wulu

7.

“Kartika, bukuku Pepak Basa sida (silih) apa ora?”

Ater-ater tripurusa kang trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku . . .

a)

dak-

b)

kok-

c)

di-

d)

ng-

8.

Amarga kedadeyan kuwi bocah sakelas padha (guyu).

Tembung kang oleh seselan-um sing trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku…

a)

dakguyu

b)

gumuyu

c)

ginuyu

d)

diguyu

9.

Adhik numbasaken es lilin kagem mbak Santi.

Tembung linggane “numbasaken” yaiku…

a)

numbas

b)

tumbas

c)

numbasaken

d)

tumbasaken

10.

Jogane wis resik amarga daksapu.

Ukara iki kalebu ater-ater tripurusa yaiku dak- kang ateges…


a)

aku

b)

kowe

c)

kowe lan aku

d)

nunjukake wong ke telu

11.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Jalaran kepengin asung renaning galih ingkang bapa kanthi iku Prabu Rama ninggal Praja tunuju alas Dhandaka, kadherekaken ingkang garwa Dewi Sinta saha ingkang rayi raden Laksmana. Nalika ing tengah wana garwane ditinggal sing nunggu Raden Laksmana.Marga pokale ratu buta Rahwana,Laksmana kapeksa ninggal Dewi Sinta,wusana kanthi malih rupa, Rahwana bisa nyidra Dewi Sinta kagawa menyang Alengka dipingit ing taman Argasoka.

Jenise teks ing ndhuwur yaiku…

a)

Argumentasi

b)

Dheskkripsi

c)

Eksposisi

d)

Narasi

12.

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Jalaran kepengin asung renaning galih ingkang bapa kanthi iku Prabu Rama ninggal Praja tunuju alas Dhandaka, kadherekaken ingkang garwa Dewi Sinta saha ingkang rayi raden Laksmana. Nalika ing tengah wana garwane ditinggal sing nunggu Raden Laksmana.Marga pokale ratu buta Rahwana,Laksmana kapeksa ninggal Dewi Sinta,wusana kanthi malih rupa, Rahwana bisa nyulik Dewi Sinta kagawa menyang Alengka dipingit ing taman Argasoka.

Watake buta Rahwana yaiku…

a)

ngalembana

b)

pengasih

c)

kejem

d)

sabar

13.

Gatekake wacan ing ngisor iki !

Kronologi kedadeyan kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng pantai Parangtritis. Saking dolanan banyu, katelu

korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung laut. “Wektu adus dumadakan katelu korban keseret ombak menyang kidul,” ujar Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY. Untunge, korban cepet bisa dievakuasi dadine ora ana korban jiwa jero kedadeyan iki.

Brigadier Suharto ngelengake kanggo para wisatan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakake keslametan wektu nglangi.

Cacahe korban ing kacilakan sing ana wacan ing ndhuwur yaiku…

a)

papat

b)

telu

c)

loro

d)

siji

14.

Gatekake wacan ing ngisor iki !

Kronologi kedadeyan kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng pantai Parangtritis. Saking dolanan banyu, katelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung laut. “Wektu adus dumadakan katelu korban keseret ombak menyang kidul,” ujar Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY. Untunge, korban cepet bisa dievakuasi dadine ora ana korban jiwa jero kedadeyan iki.

Brigadier Suharto ngelengake kanggo para wisatan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakake keslametan wektu nglangi.

Teks ing ndhuwur kalebu jenis teks…

a)

Argumentasi

b)

Dheskripsi

c)

Informasi

d)

Persuasi

15.

Ukara sing ora nggunakake tembung saroja yaiku…

a)

Muga-muga tansah rahayu slamet anggonmu jejodhowan!

b)

Ibuku saiki nggawe jajan dadar gulung ing pawon mburi.

c)

Delengen gabahe isih tumpuk undhung ing gudang.

d)

Dedeg piadege gedhe dhuwur tur gagah prakosa.