wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Basa Jawa (Jinising Basa Rinengga)

Total questions: 10

Worksheet time: 3mins

Name
Class
Date
1.

Tembung-tembung kang wis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani....

a)

Entar

b)

Pepindhan

c)

Bebasan

d)

Wangsalan

e)

Paribasan

2.

Tembung kang karakit saka rong tembung sing tegese meh padha lan bisa nuwuhake makna kang luwih teges diarani....

a)

Kawi

b)

Purwakanthi

c)

Saroja

d)

Saloka

e)

Pepindhan

3.

Jinising basa rinengga kang titikane utawa ciri-cirine nganggo tembung kaya, lir, kadya, pindha, lan liya-liyane kang ngemu teges kaya diarani....

a)

Purwakanthi

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Pepindhan

e)

Paribasan

4.

Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tembung kawi, kajaba....

a)

Sasana

b)

Taksaka

c)

Tyas

d)

Kayun

e)

Banyu

5.

Saka ukara ing ngisor iki kang kalebu jinis purwakanthi guru swara yaiku....

a)

Ngrukti bumi nastiti murih lestari

b)

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa

c)

Runtang-runtung rerentengan

d)

Kinasihan kadya mimi lan mintuna

e)

Rinengga ing busana kang edi endah

6.

Sih kinasihan kaya angganing mimi lan amintuna.

Tembung kang kacetak kandel kuwi kalebu basa rinengga jinis....

a)

Purwakanthi

b)

Saloka

c)

Entar

d)

Saroja

e)

Paribasan

7.

Tuladhane tembung saroja yaiku....

a)

Dawa tangane, adus kringet

b)

Putih memplak, ayem tentrem

c)

Gagah prakosa, gedhe endhase

d)

Dhuwure kaya otak-otak mega

e)

Colong jupuk, tipis lambene

8.

Rinengga ing busana edi endah

Tembung kang kacetak kandel kuwi tegese....

a)

Endah banget

b)

Katon semburat

c)

Ora resik

d)

Sarwa tresna

e)

Gumlegar banget

9.

Kolik priya, priyagung Anjani putra.

Ukara ing ndhuwur kuwi klebu basa rinengga jinis....

a)

Purwakanthi guru lumaksita

b)

Saloka

c)

Purwakanthi guru sastra

d)

Paribasan

e)

Pepindhan

10.

Gebyar-gebyar pating pancurat pating cumlorot kadya taranggana silih sasana, agemane sri panganten sarimbit.

Ukara kang kacetak kandel kuwi minangka gambarane klambi kang digawe manten sarimbit kaya....

a)

Gumebyar kaya cahyane rembulan kang lagi ndadari

b)

Klambine sri panganten cahyane kaya lampu sokle cumlorot

c)

Gumebyar kaya inten kang kena sunare srengenge

d)

Gumebyar kaya kalapis emas

e)

Gumebyar kaya cahyane lintang kang alihan