wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Penilaian Tembang Kinanthi (Kelas 8D)

Total questions: 15

Worksheet time: 1hrs 15mins

Name
Class
Date
1.

Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling.


Apa tegese tembung kaprawiran ing pada ka-1 kasebut?

a)

Kapinteran

b)

Kasenengan

c)

Kasugengan

d)

Karahayon

2.

Ing ngisor iki sing kalebu pituduh gawe tembang kinanthi yaiku ….

a)

Panulise kudu wong sing saka katurunan ningrat

b)

Basa sing dianggo kudu nganggo basa karma sing endah

c)

Tulisane kudu apik supaya bisa diwaca dening wong liya

d)

Ndhapuk ukara kang cacahe wanda padha karo paugeran kang ana

3.

Cacahing tembang macapat saben salagu arane ….

a)

Pada

b)

Gatra

c)

Wanda

d)

Wilangan

4.

Nyritakake isine tembang iku kudu ….

a)

Ringkes

b)

Runtut

c)

Cetha

d)

Dawa

5.

Tegese ukara aja sukan-sukan yaiku ….

a)

Aja kerasukan

b)

Aja seneng-seneng wae

c)

Aja seneng tumandang gawe

d)

Aja seneng ngandha wong liya

6.

Yen wus tinitah wong agung,

ywa sira gumunggung dhiri,

aja nyelaki wong ala,

kang ala lakunireki,

nora wurung ngajak-ajak

satemah anenulari.


Ukara satemah anenulari nduweni teges ….

a)

Bisa nulari

b)

Bisa ditiru

c)

Bisa disinau

d)

Bisa ngatasi

7.

Sing dikarepake guru gatra yaiku ….

a)

Arane cacahe tembang macapat saben salagu

b)

Cacahe larikan ing tembang macapat

c)

Tibane swara ing pungkasane gatra

d)

Cacahe wanda saben sagatra

8.

Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung linakwan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mumfa’ati badaneki.


Gatra ka-3 pada kasebut guru lagune yaiku ….

a)

A

b)

I

c)

U

d)

E

9.

Sing dikarepake guru wilangan yaiku ….

a)

Cacahing tembang macapat

b)

Cacahing wanda ing sapada

c)

Cacahing wanda saben sagatra

d)

Cacahing larik saben satembang

10.

Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung linakwan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mumfa’ati badaneki.


Guru wilangan pada tembang Kinanthi ing ndhuwur yaiku ….

a)

8

b)

7

c)

6

d)

5

11.

Apa sebabe ora kena cedhak karo wong ala?

a)

Amarga bisa ketularan ala

b)

Amarga bisa kekancan raket

c)

Amarga bisa mundhak lantip

d)

Amarga bisa tambah kapinterane

12.

ywa sira gumunggung dhiri,


Apa tegese tembung gumunggung ing dhiri miturut pada tembang Kinanthi kasebut?

a)

Tumindak

b)

Gumedhe

c)

Pikir

d)

Laku

13.

Menawa dipituturi becik iku kudu kepriye?

a)

Dirasani

b)

Disawang lan dituturi

c)

Ditiru lan ditindakake

d)

Dicritakake marang wong liya

14.

Tembang macapat sing gatrane ana 6 yaiku tembang ….

a)

Gambuh

b)

Kinanthi

c)

Pocung

d)

Mijil

15.

Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling.


Apa tegese tembung nendra ing pada ka 1 kasebut?

a)

turu

b)

dolan

c)

nangga

d)

mangan