NEW
Font size
Worksheetsukk kls VII b. Jawa
Total questions: 46
Worksheet time: 1hrs 6mins
Teks kanggo soal
Gunungan ing ndhuwur tandhu disunggi dening para abdi Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Gunungan iku isine werna-werna kasil bumi, kacang-kacangan, woh, kang dadi simbul rasa sukure raja Keraton Solo lan tandha weweh marang rakyate. Gunungan kuwi metu saben Sasi Syawal kanggo mengeti Dina Riyaya Idul Fitri. Ing taun iki, acara digelar ing tanggal 2 Syawal 1438 Hijriyah. Kraton Surakarta kepengin ngleluri budaya rebutan gunungan iki.
Gunungan iku dikirab saka Kori Kemandungan, banjur liwat ing Siti Hinggil, Alun-alun Lor, banjur didongani ing emper mesjid. Sawise didongani, gunungan digawa menyang latar mesjid supaya dibagi-bagi marang masarakat sing kawit esuk padha ngenteni. Tanpa diaba-aba, masarakat banjur padha rebutan gunungan mau. Enom tuwa lanang wadon padha rebutan.
1. Underan (tema) saka teks ing dhuwur yaiku ....
kapercayan
kabudayan
pendidikan
bebrayan

1. Ancas (tujuan) dianakake gunungan manut wacan yaiku kanggo ....
pralambang kamakmuraning negari lan tandha peparing saking raja dhateng rakyatipun
tandha panguwasaning raja dhateng rakyatipun amargi keratonipun dados makmur
mujudaken raos sukur lan tandha kasil bumi ingkang sakalangkung kathah
mujudaken raos sukur lan tandha peparing saking raja dhateng rakyatipun
Teks kanggo soal nomer : 1 – 5
Gunungan ing ndhuwur tandhu disunggi dening para abdi Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Gunungan iku isine werna-werna kasil bumi, kacang-kacangan, woh, kang dadi simbul rasa sukure raja Keraton Solo lan tandha weweh marang rakyate. Gunungan kuwi metu saben Sasi Syawal kanggo mengeti Dina Riyaya Idul Fitri. Ing taun iki, acara digelar ing tanggal 2 Syawal 1438 Hijriyah. Kraton Surakarta kepengin ngleluri budaya rebutan gunungan iki.
Gunungan iku dikirab saka Kori Kemandungan, banjur liwat ing Siti Hinggil, Alun-alun Lor, banjur didongani ing emper mesjid. Sawise didongani, gunungan digawa menyang latar mesjid supaya dibagi-bagi marang masarakat sing kawit esuk padha ngenteni. Tanpa diaba-aba, masarakat banjur padha rebutan gunungan mau. Enom tuwa lanang wadon padha rebutan.
1. Gunungan kang dadi rebutan masarakat iku dikirab lan metu ing wektu ....
setaun sepisan
saben wulan
dinten riyaya
mboten temtu
Gambar ing ngisor iki kang nuduhake paraga Raden Rama yaiku ...
Kraton Surakarta kepengin ngleluri budaya rebutan gunungan iki.
Dasanama (sinonim) tembung ngleluri yaiku ….
nyengkuyung
nyembadani
nguri-uri
ngawontenaken
Gunungan ing ndhuwur tandhu disunggi dening para abdi Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Gunungan iku isine werna-werna kasil bumi, kacang-kacangan, woh, kang dadi simbul rasa sukure raja Keraton Solo lan tandha weweh marang rakyate. Gunungan kuwi metu saben Sasi Syawal kanggo mengeti Dina Riyaya Idul Fitri. Ing taun iki, acara digelar ing tanggal 2 Syawal 1438 Hijriyah. Kraton Surakarta kepengin ngleluri budaya rebutan gunungan iki.
Gunungan iku dikirab saka Kori Kemandungan, banjur liwat ing Siti Hinggil, Alun-alun Lor, banjur didongani ing emper mesjid. Sawise didongani, gunungan digawa menyang latar mesjid supaya dibagi-bagi marang masarakat sing kawit esuk padha ngenteni. Tanpa diaba-aba, masarakat banjur padha rebutan gunungan mau. Enom tuwa lanang wadon padha rebutan.
Pitutur luhur (pesan) saka teks ing dhuwur yaiku ....
perlu ngleluri budaya tinggalane leluhur
para warga supados remen budaya modern
wigatosipun nyengkuyung budaya manca
nglirwakaken budaya para leluhur
Ritual sedhekah Laut iku kanggo mujudake rasa syukur para misaya mina (nelayan) marang Gusti Allah SWT awit wis paring rejeki saka asiling panen iwak. Kejaba iku sedhekah laut uga minangka tradhisi masyarakat nelayan kanggo nyenyuwun marang Allah SWT supaya saben wayah panen iwak bisa oleh asil kang maremake, lan para nelayan uga bisa tansah slamet.
Ubarampe kang dibutuhake ana ing upacara Sedhekah Laut, yaiku : endhas kebo, jajan pasar, sandhangan wong wadon, wedang putih, wedang ireng, kembang setaman, jajan pasar.
Mumpangate adicara sedhekah laut kanggo para mudha yaiku nglatih ....
remen dhahar iwak wonten ing pundi kemawon
tansah trensa budaya Jawi lan syukur dhateng Allah SWT
purun guyub rukun dhateng sedherek lan tangga teparo
mangertosi bab tata krama ing gesang bebrayan
Ritual sedhekah Laut iku kanggo mujudake rasa syukur para misaya mina (nelayan) marang Gusti Allah SWT awit wis paring rejeki saka asiling panen iwak. Kejaba iku sedhekah laut uga minangka tradhisi masyarakat nelayan kanggo nyenyuwun marang Allah SWT supaya saben wayah panen iwak bisa oleh asil kang maremake, lan para nelayan uga bisa tansah slamet.
Ubarampe kang dibutuhake ana ing upacara Sedhekah Laut, yaiku : endhas kebo, jajan pasar, sandhangan wong wadon, wedang putih, wedang ireng, kembang setaman, jajan pasar.
Ancas utawi tujuanipun nindakaken upacara adat Sedhekah Laut inggih menika kangge nyenyuwun marang Gusti Allah SWT amrih....
paring rejeki saking asiling panen pantun ingkang kathah
para nelayan tansah guyub rukun anggenipun pados ulam
paring rejeki saking asiling panen ulam ingkang maremaken
nyekapi kabetahan ingkang kangge upacara adat kala wau
Upacara Tedhak Sitèn menika kangge lare ingkang umuripun watawis pitung wulan lan dipunwontenaken amargi wonten kapitayan bebrayan Jawa menawi siti menika nggadhahi teges ghoib ingkang dipunjagi Bathara Kala. Kangge ngawekani kedadosan ingkang mboten sae, mila dipunwontenaken upacara ngenalaken putra-putrinipun dhateng Bathara Kala minangka dewa ingkang njagi siti. Anggenipun nglampahi upacara menika, langkung sae miturut weton lairipun.
Ubarampé kangge upacara Tedhak Sitèn kathah, kadosta: pengaron, kurungan, klasa, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna lan bancakan.
Underan (tema) saka teks ing dhuwur yaiku ....
pendidikan
unggah-ungguh
budi pekerti
upacara adat
Upacara Tedhak Sitèn menika kangge lare ingkang umuripun watawis pitung wulan lan dipunwontenaken amargi wonten kapitayan bebrayan Jawa menawi siti menika nggadhahi teges ghoib ingkang dipunjagi Bathara Kala. Kangge ngawekani kedadosan ingkang mboten sae, mila dipunwontenaken upacara ngenalaken putra-putrinipun dhateng Bathara Kala minangka dewa ingkang njagi siti. Anggenipun nglampahi upacara menika, langkung sae miturut weton lairipun.
Ubarampé kangge upacara Tedhak Sitèn kathah, kadosta: pengaron, kurungan, klasa, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna lan bancakan.
Ancas (tujuan) upacara adat tedhak siten, inggih menika kangge ....
nyukani tetedhan lan bebingah dhateng warga masyarakat
ngenalaken putra-putri marang Bathara Kala ingkang njagi siti
nyukani ngertos dhateng masyarakat yen wonten putra ingkang sae
ngenalaken putra-putri dhateng warga masyarakat supados gesang mulya
Upacara Tedhak Sitèn menika kangge lare ingkang umuripun watawis pitung wulan lan dipunwontenaken amargi wonten kapitayan bebrayan Jawa menawi siti menika nggadhahi teges ghoib ingkang dipunjagi Bathara Kala. Kangge ngawekani kedadosan ingkang mboten sae, mila dipunwontenaken upacara ngenalaken putra-putrinipun dhateng Bathara Kala minangka dewa ingkang njagi siti. Anggenipun nglampahi upacara menika, langkung sae miturut weton lairipun.
Ubarampé kangge upacara Tedhak Sitèn kathah, kadosta: pengaron, kurungan, klasa, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna lan bancakan.
Ing ngandhap menika ubarampe ingkang wonten ing upacara Tedhak siten ....
pengaron, karpet, bakaran pitik cemani, andha tebu, jadah pitung werna, bancakan
pengaron, kurungan, klasa, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna, bancakan
pengaron, kurungan, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna, bancakan
pengaron, kurungan, klasa, pitik walik, andha tebu, jadah pitung werna, bancakan
Upacara Tedhak Sitèn menika kangge lare ingkang umuripun watawis pitung wulan lan dipunwontenaken amargi wonten kapitayan bebrayan Jawa menawi siti menika nggadhahi teges ghoib ingkang dipunjagi Bathara Kala. Kangge ngawekani kedadosan ingkang mboten sae, mila dipunwontenaken upacara ngenalaken putra-putrinipun dhateng Bathara Kala minangka dewa ingkang njagi siti. Anggenipun nglampahi upacara menika, langkung sae miturut weton lairipun.
Ubarampé kangge upacara Tedhak Sitèn kathah, kadosta: pengaron, kurungan, klasa, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna lan bancakan
Pranyatan sing ora trep karo isine wacan ing dhuwur yaiku ....
upacara tedhak sitèn menika kangge lare ingkang umuripun watawis pitung wulan
wonten kapitayan bebaryan jawi menawi siti menika dipunjagi bathara kala
tujuan upacara ngenalaken putra-putrinipun dhateng bathara kala
anggenipun nglampahi upacara menika, langkung awon miturut weton lairipun
Upacara Tedhak Sitèn menika kangge lare ingkang umuripun watawis pitung wulan lan dipunwontenaken amargi wonten kapitayan bebrayan Jawa menawi siti menika nggadhahi teges ghoib ingkang dipunjagi Bathara Kala. Kangge ngawekani kedadosan ingkang mboten sae, mila dipunwontenaken upacara ngenalaken putra-putrinipun dhateng Bathara Kala minangka dewa ingkang njagi siti. Anggenipun nglampahi upacara menika, langkung sae miturut weton lairipun.
Ubarampé kangge upacara Tedhak Sitèn kathah, kadosta: pengaron, kurungan, klasa, bakaran pitik, andha tebu, jadah pitung werna lan bancakan
Upacara tedhak siten ora perlu dianakake.
Tanggapan kang trep saka ukara ing dhuwur yaiku ....
ora perlu dianakake, amarga wis ora trep karo budaya jaman saiki
kadhangkala ditindakake supaya para sesepuh ora kuciwa
perlu dilestarikake, amarga sarana kanggo nguri-uri budaya jawa
ora perlu dilestarikake, amarga mbutuhake ragad kang gedhe
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.
( Serat Wulangreh)
Panganggit serat Wulangreh pupuh Sinom yaiku ....
Sunan Pakubuwana II
Sunan Pakubuwana III
Sunan Pakubuwana IV
Sunan Pakubuwana V
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.
( Serat Wulangreh)
Guru lagu lan guru wilangan gatra 2 saka tembang kasebut yaiku ....
7a
7i
8a
8i
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.
( Serat Wulangreh)
parandene jroning tyas,
Dasanama tembung tyas saka tembang Sinom ing dhuwur yaiku ....
batin, remen
ati, manah
sregep, tlaten
tlaten, pinter
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.
( Serat Wulangreh)
Tembang ing dhuwur isine nggambarake watak manungsa kang ….
umuk lan gumedhe
lembah manah
cukat trengginas
andhap asor
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.
( Serat Wulangreh)
Kabisan sun dekek ngarsa, tegese yaiku ....
kaangkuhane kang diseleh ngarep
andhap asore kang diseleh ngarep
kapinterane kang diseleh ngarep
bodhone kang diseleh ngarep
Gatekna gatra saka tembang ing ndhuwur!
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
Gatra kasebut nduweni karep ....
bodhone ditutupi, pintere dikatonake
pinter ditutupi, bodhone dikatonake
bodhone lan pintere dikatonake kabeh
pinter lan bodhone ditutupi kabeh
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dekek ngarsa,
isin menek denarani,
balilu ing sujanmi,
nanging batiningsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa parandene sugih carita.
( Serat Wulangreh)
Pitutur kang tinemu saka tembang ing dhuwur yaiku ....
manungsa perlu tumindak umuk lan gumedhe
dadi wong aja gelem yen diarani bodho
manungsa kudu duwe sipat andhap asor
urip kudu rumangsa pinter supaya ora disepelekake
Wektu kuwi Dewi Sinta lagi ana ing wana Dhandhaka karo Rama lan Lesmana. Dumadakan dheweke weruh kidang kencana.
Lagi sepisan kuwi Dewi Sinta weruh kidang kang wulune kaya emas kanthi rambut ing gulune kang dawa uga kaya emas, saengga manawa gulune kidang iku obah ndadekake wulune katon endah banget.
Dewi Sinta kepranan atine banjur nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kuwi. Kanthi rasa seneng Rama bakal nyembadani panyuwune garwane kuwi. Sadurunge Rama mburu kidang mau, luwih dhisik weling marang adhine yaiku Lesmana supaya ora ninggalake Dewi Sinta ing kahanan kaya ngapa wae.
Teks crita ing dhuwur dijupuk saka babon crita wayang ....
Kurawa
Pandhawa
Mahabarata
Ramayana
Wektu kuwi Dewi Sinta lagi ana ing wana Dhandhaka karo Rama lan Lesmana. Dumadakan dheweke weruh kidang kencana.
Lagi sepisan kuwi Dewi Sinta weruh kidang kang wulune kaya emas kanthi rambut ing gulune kang dawa uga kaya emas, saengga manawa gulune kidang iku obah ndadekake wulune katon endah banget.
Dewi Sinta kepranan atine banjur nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kuwi. Kanthi rasa seneng Rama bakal nyembadani panyuwune garwane kuwi. Sadurunge Rama mburu kidang mau, luwih dhisik weling marang adhine yaiku Lesmana supaya ora ninggalake Dewi Sinta ing kahanan kaya ngapa wae.
Pranyatan kang ora trep karo isine pethikan ing ndhuwur yaiku ....
Dewi Sinta iku garwane Raden Rama
Raden Lesmana iku adhi ipene Dewi Sinta
Dewi Sinta dicekelaken Kidang Kencana dening Rama
Raden Rama iku kakange Raden Lesmana
Wektu kuwi Dewi Sinta lagi ana ing wana Dhandhaka karo Rama lan Lesmana. Dumadakan dheweke weruh kidang kencana.
Lagi sepisan kuwi Dewi Sinta weruh kidang kang wulune kaya emas kanthi rambut ing gulune kang dawa uga kaya emas, saengga manawa gulune kidang iku obah ndadekake wulune katon endah banget.
Dewi Sinta kepranan atine banjur nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kuwi. Kanthi rasa seneng Rama bakal nyembadani panyuwune garwane kuwi. Sadurunge Rama mburu kidang mau, luwih dhisik weling marang adhine yaiku Lesmana supaya ora ninggalake Dewi Sinta ing kahanan kaya ngapa wae.
Wos (isi) saka carita kasebut yaiku ....
Dewi Sinta kesengsem endahing kidang kencana
Dewi Sinta ngoyak kidang kencana menyang Alengkadiraja
Raden Lesmana ngoyak kidang kencana menyang alas
Prabu Rama kesengsem endahing kidang kencana
Sadurunge Rama mburu kidang mau, luwih dhisik weling marang adhine yaiku Lesmana.
Basa krama aluse yaiku ....
Saderenge Rama mbujeng kidang kala wau, langkung rumiyin weling dhateng rayine inggih menika Lesmana
Saderengipun Rama mbujeng kidang kala wau, langkung rumiyin weling dhateng rayinipun inggih menika Lesmana
Saderenge Rama mbujeng kidang kala wau, langkung rumiyin weling dhateng adhinipun inggih menika Lesmana
Saderenge Rama mbujeng kidang kala wau, langkung rumiyin weling dhateng rayinipun yaiku Lesmana
Tembung lan dasanamane kang bener kabeh yaiku ....
Garwa : bojo, semah, rayi
kepranan : kepikut, kepincut, kesengsem
weruh : sumerep, ningali, midhanget
ati : tyas, manah, penggalih
Wektu kuwi Dewi Sinta lagi ana ing wana Dhandhaka karo Rama lan Lesmana. Dumadakan dheweke weruh kidang kencana.
Lagi sepisan kuwi Dewi Sinta weruh kidang kang wulune kaya emas kanthi rambut ing gulune kang dawa uga kaya emas, saengga manawa gulune kidang iku obah ndadekake wulune katon endah banget.
Dewi Sinta kepranan atine banjur nyuwun marang Rama supaya nyekel kidang kuwi. Kanthi rasa seneng Rama bakal nyembadani panyuwune garwane kuwi. Sadurunge Rama mburu kidang mau, luwih dhisik weling marang adhine yaiku Lesmana supaya ora ninggalake Dewi Sinta ing kahanan kaya ngapa wae.
Pitutur luhur (amanat) saka teks ing dhuwur yaiku ….
remen tetulung dhateng sesami
ampun gampil kepincut dhatenng kaendahan
sedaya panyuwun kedah keturutan
kedah nuruti sedaya panyuwunipun tiyang sanes
Prabu Dasamuka iku raja ing negara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Sawijining dina Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Nanging satriya loro iku ora nglanggati. Sarpakenaka tetep nggodha, mula Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol.
Prabu Rahwana dhawuh marang abdine yaiku Kalamarica supaya memba dadi Kidang Kencana. Nalika lagi lungguh sakloron, Sinta weruh ana Kidang Kencana banjur nyuwun Raden Rama supaya nyekel. Rama mburu Kidang Kencana, sadurunge weling marang adhine Laksmana supaya nunggoni Sinta. Sawise dienteni sawetara wektu Rama ora mbalik, Sinta dadi sumelang lan dhawuh adhine supaya nusul. Kamangka Rama weling supaya nunggoni Sinta.
Nalika ngenteni Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Sinta menehake kembang mlathi ing rambute, nanging sanalika astane disaut lan digawa mabur. Wong wadon tuwa iku ora liya Prabu Rahwana. Ing awang-awang Sinta direbut dening Jathayu. Dumadi paprangan antarane Prabu Rahwana lan Jathayu. Nanging Jathayu kalah digdaya. Sinta digawa menyang Alengka.
Wos (isi) paragraf 2 ing dhuwur yaiku ....
Prabu Dasamuka raja Alengka menika sedherekipun wonten tiga
Dewi Sinta kepencut dhateng endahing Kidang Kencana
Sinta maringaken sekar mlathi dhateng tiyang estri
paprangan Prabu Rahwana kaliyan Jathayu
Prabu Dasamuka iku raja ing negara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Sawijining dina Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Nanging satriya loro iku ora nglanggati. Sarpakenaka tetep nggodha, mula Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol.
Prabu Rahwana dhawuh marang abdine yaiku Kalamarica supaya memba dadi Kidang Kencana. Nalika lagi lungguh sakloron, Sinta weruh ana Kidang Kencana banjur nyuwun Raden Rama supaya nyekel. Rama mburu Kidang Kencana, sadurunge weling marang adhine Laksmana supaya nunggoni Sinta. Sawise dienteni sawetara wektu Rama ora mbalik, Sinta dadi sumelang lan dhawuh adhine supaya nusul. Kamangka Rama weling supaya nunggoni Sinta.
Nalika ngenteni Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Sinta menehake kembang mlathi ing rambute, nanging sanalika astane disaut lan digawa mabur. Wong wadon tuwa iku ora liya Prabu Rahwana. Ing awang-awang Sinta direbut dening Jathayu. Dumadi paprangan antarane Prabu Rahwana lan Jathayu. Nanging Jathayu kalah digdaya. Sinta digawa menyang Alengka.
Gambaran swasana kang gawe kageting ati yaiku ing ukara ....
Sarpakenaka tetep nggodha, mula Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol
Nalika lagi lungguh sakloron, Sinta weruh ana Kidang Kencana banjur nyuwun Raden Rama supaya nyekel
Sinta menehake kembang mlathi ing rambute, nanging sanalika astane disaut lan digawa mabur
Nanging Jathayu kalah digdaya. Sinta digawa menyang Alengka.
Prabu Dasamuka iku raja ing negara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Sawijining dina Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Nanging satriya loro iku ora nglanggati. Sarpakenaka tetep nggodha, mula Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol.
Prabu Rahwana dhawuh marang abdine yaiku Kalamarica supaya memba dadi Kidang Kencana. Nalika lagi lungguh sakloron, Sinta weruh ana Kidang Kencana banjur nyuwun Raden Rama supaya nyekel. Rama mburu Kidang Kencana, sadurunge weling marang adhine Laksmana supaya nunggoni Sinta. Sawise dienteni sawetara wektu Rama ora mbalik, Sinta dadi sumelang lan dhawuh adhine supaya nusul. Kamangka Rama weling supaya nunggoni Sinta.
Nalika ngenteni Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Sinta menehake kembang mlathi ing rambute, nanging sanalika astane disaut lan digawa mabur. Wong wadon tuwa iku ora liya Prabu Rahwana. Ing awang-awang Sinta direbut dening Jathayu. Dumadi paprangan antarane Prabu Rahwana lan Jathayu. Nanging Jathayu kalah digdaya. Sinta digawa menyang Alengka.
Saka teks ing dhuwur watake Jathayu yaiku ....
remen dialem tiyang
galak dhateng Prabu Rahwana
wantun mbelani bebener
mboten sekti
Prabu Dasamuka iku raja ing negara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Sawijining dina Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Nanging satriya loro iku ora nglanggati. Sarpakenaka tetep nggodha, mula Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol.
Prabu Rahwana dhawuh marang abdine yaiku Kalamarica supaya memba dadi Kidang Kencana. Nalika lagi lungguh sakloron, Sinta weruh ana Kidang Kencana banjur nyuwun Raden Rama supaya nyekel. Rama mburu Kidang Kencana, sadurunge weling marang adhine Laksmana supaya nunggoni Sinta. Sawise dienteni sawetara wektu Rama ora mbalik, Sinta dadi sumelang lan dhawuh adhine supaya nusul. Kamangka Rama weling supaya nunggoni Sinta.
Nalika ngenteni Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Sinta menehake kembang mlathi ing rambute, nanging sanalika astane disaut lan digawa mabur. Wong wadon tuwa iku ora liya Prabu Rahwana. Ing awang-awang Sinta direbut dening Jathayu. Dumadi paprangan antarane Prabu Rahwana lan Jathayu. Nanging Jathayu kalah digdaya. Sinta digawa menyang Alengka.
Paraga antagonis saka crita kasebut yaiku ....
Prabu Rahwana
Raden Rama
Raden Laksmana
Dewi Sinta

Saka teks ing dhuwur tuwuh konflik batin nalika ....
Sinta dhawuh dhateng Laksmana supados madosi Rama
Sinta nyuwun dipun cepengaken Kidang Kencana
Prabu Rahwana mbekta Sinta dhateng Alengka
Jathayu kalah digdaya perang kaliyan Prabu Rahwana
Prabu Dasamuka iku raja ing negara Ngalengka. Sedulure ana telu, yaiku Kumbakarna, Wibisana, lan Sarpakenaka. Sawijining dina Sarpakenaka kepranan kebagusane Raden Laksmana lan Raden Rama. Nanging satriya loro iku ora nglanggati. Sarpakenaka tetep nggodha, mula Raden Laksmana duka. Irunge Sarpakenaka dipluntir nganti pothol.
Prabu Rahwana dhawuh marang abdine yaiku Kalamarica supaya memba dadi Kidang Kencana. Nalika lagi lungguh sakloron, Sinta weruh ana Kidang Kencana banjur nyuwun Raden Rama supaya nyekel. Rama mburu Kidang Kencana, sadurunge weling marang adhine Laksmana supaya nunggoni Sinta. Sawise dienteni sawetara wektu Rama ora mbalik, Sinta dadi sumelang lan dhawuh adhine supaya nusul. Kamangka Rama weling supaya nunggoni Sinta.
Nalika ngenteni Rama lan Laksmana, Sinta weruh wong wadon tuwa. Sinta menehake kembang mlathi ing rambute, nanging sanalika astane disaut lan digawa mabur. Wong wadon tuwa iku ora liya Prabu Rahwana. Ing awang-awang Sinta direbut dening Jathayu. Dumadi paprangan antarane Prabu Rahwana lan Jathayu. Nanging Jathayu kalah digdaya. Sinta digawa menyang Alengka.
Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku ...
menawi mboten cocog kedah duka
kedah nuruti panyuwunan garwa
menawi gadhah pepenginan kedah keturutan
kedah wantun mbelani bebener
Pak Marga : “Pus, piye critane anggonmu wisata menyang Tlaga Sarangan?”
Bu Marga : “Iya Pus, Ibu yan kepengin pirsa?”
Puspita : “Wah, ngremenaken sanget, Pak. Sesawanganipun endah sanget. Boten namung wisatawan nglebet negari, nanging ugi wonten ingkang saking manca.”
Pak Marga : “Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kok ngerteni bab Tlaga Sarangan?”
Puspita : “O, menika Pak. Tlaga Sarangan mapan ing tapel wates Jawi Tengah kaliyan Jawi Timur. Prenahipun wonten ing Magetan sisih kilen ing lerenging Redi Lawu. Dene suhunipun 18 – 23 derajat Celcius.”
Bu Marga : “ Wah ... wah ... kok apal temen, Pus.”
Puspita : “Inggih, Bu. Kaleresan kula nembe damel laporan wisata Tlaga Sarangan.”
Papan dununge panggonan kanggo wisata Tlaga Sarangan iku manggon ana ing .....
sisih kilenipun Magetan ing lereng Redi Lawu
lerengipun Redi Lawu sisih kilen Jawi Tengah
papan ingkang suhunipun 18 -23 derajat Celcius
tapel wates Jawi Tengah kaliyan Jawi Timur
Pak Marga : “Pus, piye critane anggonmu wisata menyang Tlaga Sarangan?”
Bu Marga : “Iya Pus, Ibu yan kepengin pirsa?”
Puspita : “Wah, ngremenaken sanget, Pak. Sesawanganipun endah sanget. Boten namung wisatawan nglebet negari, nanging ugi wonten ingkang saking manca.”
Pak Marga : “Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kok ngerteni bab Tlaga Sarangan?”
Puspita : “O, menika Pak. Tlaga Sarangan mapan ing tapel wates Jawi Tengah kaliyan Jawi Timur. Prenahipun wonten ing Magetan sisih kilen ing lerenging Redi Lawu. Dene suhunipun 18 – 23 derajat Celcius.”
Bu Marga : “ Wah ... wah ... kok apal temen, Pus.”
Puspita : “Inggih, Bu. Kaleresan kula nembe damel laporan wisata Tlaga Sarangan.”
Gatekna tabel ngisor iki!
- Tlaga Sarangan dirawuhi wisatawan asing lan domestik
- Puspita iku bocah kang senengan mung dolan-dolan menyang papan wisata.
- Tlaga Sarangan iku kalebu papa wisata kang hawane adhem
- Puspita iku kalebu bocah sing sregep
Pranyatan kang trep karo isine pacelathon yaiku angka ....
1, 3, 4
1, 2, 3
1, 2, 4
2, 3, 4
Pak Marga : “Pus, piye critane anggonmu wisata menyang Tlaga Sarangan?”
Bu Marga : “Iya Pus, Ibu yan kepengin pirsa?”
Puspita : “Wah, ngremenaken sanget, Pak. Sesawanganipun endah sanget. Boten namung wisatawan nglebet negari, nanging ugi wonten ingkang saking manca.”
Pak Marga : “Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kok ngerteni bab Tlaga Sarangan?”
Puspita : “O, menika Pak. Tlaga Sarangan mapan ing tapel wates Jawi Tengah kaliyan Jawi Timur. Prenahipun wonten ing Magetan sisih kilen ing lerenging Redi Lawu. Dene suhunipun 18 – 23 derajat Celcius.”
Bu Marga : “ Wah ... wah ... kok apal temen, Pus.”
Puspita : “Inggih, Bu. Kaleresan kula nembe damel laporan wisata Tlaga Sarangan.”
Wos (isi) pacelathon kasebut yaiku ....
Puspita damel laporan wisata kangge Bapak lan Ibunipun
Kawontenan ing Tlaga Sarangan sesawanganipun endah sanget
Puspita didangu Bapak Ibunipun babagan Tlaga Sarangan
Papan dunungipun Tlaga Sarangan ing Magetan lereng Redi Lawu
Pak Marga : “Pus, piye critane anggonmu wisata menyang Tlaga Sarangan?”
Bu Marga : “Iya Pus, Ibu yan kepengin pirsa?”
Puspita : “Wah, ngremenaken sanget, Pak. Sesawanganipun endah sanget. Boten namung wisatawan nglebet negari, nanging ugi wonten ingkang saking manca.”
Pak Marga : “Coba Bapak kepengin pirsa, apa kang kok ngerteni bab Tlaga Sarangan?”
Puspita : “O, menika Pak. Tlaga Sarangan mapan ing tapel wates Jawi Tengah kaliyan Jawi Timur. Prenahipun wonten ing Magetan sisih kilen ing lerenging Redi Lawu. Dene suhunipun 18 – 23 derajat Celcius.”
Bu Marga : “ Wah ... wah ... kok apal temen, Pus.”
Puspita : “Inggih, Bu. Kaleresan kula nembe damel laporan wisata Tlaga Sarangan.”
Basa kang digunakake dening paraga ing pacelathon kasebut yaiku ....
Bapak Ibu ngoko, Puspita krama alus
Bapak Ibu krama alus, Puspita ngoko
Bapak Ibu krama alus, Puspita krama alus
Bapak Ibu ngoko, Puspita ngoko
Dinten Setu wulan kepengker Bapak kaliyan Ibu Joko ... dhateng Semarang nitih kreta, ... dhateng Cilacap malih dinten Senen.
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ...
kesah, wangsulipun
kesah, konduripun
tindak, konduripun
tindak, wangsulipun
Kula sampun ngendika dhateng Simbah badhe kondur jam gangsal sonten.
Tembung ngendika lan kondur saka ukara kasebut durung bener, sing bener yaiku ....
matur, mulih
matur, wangsul
sanjang, mulih
sanjang, wangsul
43. Gatekna pacelathon ngisor iki!
Pak Guru : “Omahmu ing ngendi
Ar, kok anggonmu mangkat sekolah mlaku?”
Arlita :
“ ... kula caket sekolah Pak. Mila kula mangkat sekolahipun cekap ... mawon.”
Tembung kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....
Dalem, tindak
Dalem, mlampah
Griya, tindak
Griya, mlampah
43. Gatekna pacelathon ngisor iki!
Rahma : “Nuwun sewu Bu, badhe
... menapa Ibu ... buku Serat Ramayana? ”
Bu Lela : “ Iya,
aku duwe buku Serat Ramayana. Arep dijupuk kapan?”
Tembung kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku ....
nyuwun priksa, gadhah
nyuwun priksa, kagungan
taken, gadhah
taken, kagungan
43. Ing mancanegara, gamelan ora mung awates seni musik, nanging wis kanggo terapi utawa sarana olah rasa lan batin tumrape wong kang lagi nandhang lara utawa tatu amarga nampa lelakon urip kang ora kepenak. Mangkono kang dipratelakake dening Rahayu Supanggah, komposer kondhang. Malah ing mancanegara, gamelan wis didadekake wulangan ing pawiyatan.
Sejatine gamelan iku saliyane ngamot seni, uga ngamot piwulang budaya. Piwulang budaya antarane karukunan, rasa guyub, kejujuran, ora mbedak-bedakake senajan beda lan liya-liyane. Piwulang iki kabeh kandhut ing gamelan. Nalika wong nabuh gamelan, kabeh duwe cekelan lan antuk jejibahan tabuhan dhewe-dhewe, nanging tetep laras mlaku bareng. Kabeh rukun, guyub, sarta ngajeni siji lan sisjine.
Pigunane gamelan tumrape wong manca yaiku ?
alat musik
seni musik lan kanggo terapi
seni musik
kesenengan
Salah sijine warga, Wariyem, uga melu seneng nalika rebutan gunungan. Mesthi bae anggone rebutan ora gampang, amarga kudu rebutan karo atusan wong. Sanajan angel, Wariyem tetep entuk perangan saka gunungan iku.
“Aku seneng lan percaya bakal entu berkah.” ngono kandhane.
Pethikan ing jero tanda pethik iku,basa krama alus kang bener yaiku!
Kula remen lan pitados badhe pikantuk berkah
Kula bungah lan percaya badhe angsal berkah
Kula remen lan percaya badhe angsal berkah
Kula seneng lan pitados bakal pikantuk berkah
Tur duk ingsun maksih bocah,
akeh kang amituturi,
lakuning wong kuna-kuna,
lalabetan ingkang becik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking ngebuk,
iku kang aran kojah,
suprandenen ingsun iki,
teka nora nana undhaking kabisan.
Tegese lalabetan ingkang becik yaiku ?
sederek ingkang sae
barang-barang sing apik
budi pekerti ingkang sae
sedaya kesaenan
Tur duk ingsun maksih bocah,
akeh kang amituturi,
lakuning wong kuna-kuna,
lalabetan ingkang becik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking ngebuk,
iku kang aran kojah,
suprandenen ingsun iki,
teka nora nana undhaking kabisan.
Senajan wis entuk kojah pirang-pirang, kepriye kahanan “ingsun” ing tembang kasebut?
mung seneng dolan-dolan
akeh kang mituturi
sinau ing sekolah
mbiyantu bapak ibu
Gatekna pacelathon ngisor iki!
Pak Joko : “ Manut panemumu, sapa sing paling gedhe lelabuhane ing crita Kidang Kencana, Rul?
Nurul : “ Manut pamanggih kula, Resi Jatayu Pak.”
Pak Joko : “Apa sebabe?”
Nurul : “ Amargi Resi Jatayu purun ngorbanaken nyawanipun kangge Dewi Sinta Pak. Tumindak mekaten mboten perkawis gampil Pak.”
Pak Joko : “Iya bener kandhamu. Yen Rahwana kepriye?”
Nurul : “Menawi Rahwana menika tumindakipun lepat Pak. Amargi nindakaken perkawis ingkang saged damel tunanipun tiyang sannes.”
Unggah-ungguh basa kang dienggo ing paraga ing ndhuwur yaiku ?
Pak Joko nganggo basa krama alus lan Nurul ngoko
Pak Joko nganggo basa ngoko lan Nurul ngoko
Pak Joko nganggo basa krama lan Nurul krama
Pak Joko nganggo basa ngoko lan Nurul krama alus
Gatekna wacan ngisor iki!
Cacahe prastawa sing dadi jalaran yaiku ?
1
2
3
4