Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

JAVAQUIZ

Total questions: 30

Worksheet time: 15mins

Name
Class
Date
1.

Anyemak jaman saiki

Trapsilane mudha-mudhi

Yen srawungan tanpa tepi

Keladuk weweka sepi

Beda lawan jaman nguni

Sarwa-sarwi ngati-ati


Pesen sing arep disampekake geguritan ing dhuwur yaiku ……..

a)

Yen sesrawungan sing sembrono

b)

Yen sesrawungan sing ati-ati

c)

Sesrawungan sing tanpa tepi

d)

Aja sesrawunngan sing ati-ati

2.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

resik lan sehat cancut tali wanda

nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

ora mung padha gumuyu

ora tinggal glanggang colong playu

tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

rukun agawe santosa

guyub rukun kaya sapu sada


Tembung kang kacithak kandrl tegese ....

a)

urip sing selaras

b)

diangkat dhuwur

c)

endah didulu

d)

gotong royong

3.

Bu Guru : “Rud, kowe apa wis nggarap tugas?”

Rudi : ...........

Bu Guru : “Kena apa?”

Rudi : Kala wingi nengga kalihan ngrawat ibu gerah.”


Jangkepana pacelathon ing dhuwur nganggo basa krama lugu sing trep!

a)

Dereng Bu

b)

Sampun Bu

c)

Durung Bu

d)

Wis Bu

4.

..............................

Kacarita, ing Jenggala Raden Inu Kertapati pirsa yen Dewi Sekartaji calon garwane ilang, panjenengane sedhih banget. Saka prajurit andhahane, panjenengane oleh lapuran yen ing Grojogan Mrambat ana wong wadon ayu sing seneng tetulung jenenge Roro Kuning.

Raden Inu Kertapati yakin yen Roro Kuning iku sejatine Dewi Sekartaji. Raden Inu Kertapati banjur kadherekake para prajurit mapag Dewi Sekartaji. Sawise ketemu, Dewi Sekartaji kaboyong didadekake garwa ing kraton. Sadurunge kondur ing kraton Raden Inu Kertapati dhawuh, “Besuk yen ana rejane zaman papan iki diarani Grojogan Roro Kuning!”


Latar suasana crita rakyat ing dhuwur yaiku ..............

a)

sengit, bungah

b)

mbebayani, susah

c)

sedih, bungah

d)

rame, bungah

5.

Sapa wae paraga ing crita rakyat “Grojogan Roro Kuning” ing nomer 4?

a)

Roro Jonggrang, Raden Inu Kertapati

b)

Raden Inukertapati lan Dewi Roro Kuning

c)

Dewi Sekartaji lan Raden Panji Asmarabangun

d)

Raden Inukertapati lan Dewi Sekartaji

6.

Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima,wangune kaya kupu. Swiwine digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat. Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng. Layangane Bima wis suwe mumbul gleyang-gleyong ing akasa. Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng padha keplok-keplok. Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.


Ukara utama teks dheskripsi ing dhuwur yaiku ..............

a)

Bima melu adu ngumbulake layangan

b)

Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake

c)

Layangane Bima,wangune kaya kupu

d)

Sing ndeleng padha keplok-keplok

7.

Jamuran

Jamuran ya gegethok

Jamur apa ya gegethok

Jamur gajih brejijih saara-ara


Tembang ing ndhuwur kalebu tembang dolanan. Titikane utawa ciri-cirine tembang dolanan yaiku ....

a)

Basane angel dimangerteni bocah-bocah

b)

Basane ora jelas lan ora gampang diapalne bocah-bocah

c)

Lagune penak dirungokake, basane prasaja nanging angel dingerteni bocah-bocah

d)

Basane gampang dingerteni, lagune uga gampang diapalake bocah-bocah

8.

Alun-alun ing kuthaku diapit karo bangunan penting. Ing sisih wetan ana pendhapa kabupaten kang endah asri. Ing sisih kulon ana masjid jami’ lan penjara. Yen madhep mangidul katon tharik-tharik toko pecinan. Dene ing sisih elore ana kantor Pulisi lan gedhung sekolah SMP Negeri 1.


Ide pokok wacan ing dhuwur yaiku .....

a)

Alun-alun ing kuthaku diapit bangunan penting

b)

Ing sisih elor alun-alun ana kantor pulisi

c)

Ing sisih kulon ana masjid jami' lan penjara

d)

Ing sisih wetan ana pendhapa kabupaten.

9.

Indonesia Scouts Challenge mujudake kegiatan kemah lan maneka warna lomba kanggo adhik-adhik Penggalang Ramu kelas IV lan V SD. Kegiatan iki kaleksanan wiwit tingkat kabupaten, provinsi, lan nasional. Sapa kang menang ing tingkat kabupaten bakal dikirim lomba ing tingkat provinsi.

Puncak kegiatane ISC, saben regu kang makili provinsine bakal budhal lomba ing tingkat national championship kang digelar watara wulan Agustus 2016. Regu putra lan putri kang paling apik bakal nyandhang predhikat juwara nasional. Minangka bebungahe, regu-regu juwara mau duwe kalodhangan dijak dolan menyang Amerika Serikat sarta diparingi tabungan pendhidhikan.


Wosing pawarta ing dhuwur ngenani .....

a)

Kegiatan ISC pramuka penggalang yaiku lomba kejuaraan olahraga

b)

Indonesia Scouts Callenge yaiku lomba cerdas cermat pramuka penggalang.

c)

Kegiatan kemah lan maneka warna lomba Pramuka Penggalang sing kasebut Indonesia Scouts Callenge

d)

Indonesia Scouts Challenge sing dionokake ing Amerika Serikat.

10.

Sardi iku biyen uripe mlarat kesrakat, nanging saiki ......

a)

malang megung

b)

sugih brewu

c)

atut runtut

d)

akuh kukuh

11.

Budhe nembe rawuh saking Semarang. Tembung "budhe" kalebu tembung camboran wancah yaiku saka tembung .....

a)

Bu + dhe

b)

Ibu + budhe

c)

Ibu + dhewe

d)

Ibu + gedhe

12.

Ora padha karo kanca-kancane kang katon sumyah gumbira, Sodin wiwit mau mung lungguh ijen. Praupane peteng kaya ana bab sing didhelikake.


Tembung kang kacithak miring tegese ....

a)

praupane katon susah

b)

praupane ireng

c)

praupane rusuh

d)

praupane katon elek

13.

Wulang estri kang wus palakrami

Lamun pinitados

Amengkoni mring balewismane

Among putra marusentanabdi

Den angati-ati

Ing sadurungipun


Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ....

a)

kinanthi

b)

mijil

c)

sinom

d)

pucung

14.

Bener luput ala becik lawan begja,

Cilaka mapan saking,

Ing badan priyangga,

Dudu saka wong liya,

Pramila den ngati-ati,

Sakeh dirgama,

Singgahana den eling.


Guru wilangan lan guru lagune gatra pungkasan tembang durma ing dhuwur yaiku .....

a)

12a

b)

6a

c)

8i

d)

7i

15.

Pucung

Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,

dawa kaya ula,

pencokanmu wesi miring,

sing disaba si pucung mung turut kutha.


Batangane tembang pucung ing dhuwur yaiku .....

a)

sabuk

b)

kalung

c)

sepur

d)

bis

16.

Mangkono ilmu kang nyata,

Sanyatane mung we reseping ati,

Bungah ingaran cubluk,

Sukeng tyas yen den ina,

Nora kaya si punggung anggung gumunggung,

Ugungan sadina dina,

Aja mangkono wong urip.


Kang dadi wosing tembang pangkur ing dhuwur yaiku ....

a)

Menungsa sing seneng dipuji iku sejatine ilmune dhuwur , iku ilmu sing sak bener-benere ilmu

b)

Ilmu kang nyata yaiku ilmu kang nentremne ati, seneng marang gunggungan.

c)

Menungsa urip sejatine kudu nganggo ilmu kang nyata, seneng marang gunggungan wong liya.

d)

Menungsa urip mestine nganggo ilmu kang bener yaiku sing nentremake ati, andhap asor, ora mung seneng dipuji

17.

Werkudara, Saya Santosa Nadyan Dipiala


Werkudara ya Bimasena iku muride Bathara Bayu. Nduweni ajian sepi angin, bisa lumampah kang bantere kaya parane angin. Satriya gagah prakosa iki watake kendel tur wani. Tansah kukuh bakuh mbelani bebener. Swarane gedhe-anteb mrebawani lan ora nate basa marang sapa bae. Werkudara nggunakake basa alus mung marang Dewa Ruci, guru sejatine.

Werkudara tansah mbangun turut dhawuhe Ibu Kunthi lan sesepuh liyane. Setya lan bekti marang Gurune, Resi Durna. Amarga becik bebudene, kuwat santosa tur sekti mandraguna, Kurawa dadi gething banget lan uga wedi marang Werkudara. Mula saka iku bola-bali Kurawa lan Patih Sengkuni gawe cilakane Werkudara. Kurawa tansah culika, kepengin merjaya Werkudara supaya luwih gampang ngalahake Pandhawa. Nadyan dipiala, ora malah sengsara nanging kosokbaline, Werkudara tambah santosa

lair lan batine.


Paraga utama ingi crita pewayangan ing dhuwur yaiku ....

a)

Patih Sengkuni

b)

Werkudara

c)

Resi Durna

d)

Bathara Bayu

18.

Budhe blonjo ing Pasar Lawang. Tembung Pasar Lawang yen ditulis nganggo aksara jawa dadi .....

a)
b)
c)
d)
19.

Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.

Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged (tercemar). Supaya ora kekurangan banyu resik ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit – witan sakiwa tengene sumber! Aja mbuwang sampah lan limbah menyang kali! Mula saka iku ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan kang trep kanggo crita ing dhuwur yaiku ....

a)

Ngrumat Wit-Witan Kanggo Nanggulangi Polusi

b)

Ngopeni Kali Sing Kenek Polusi

c)

Njaga Karesikan Lingkungan

d)

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan

20.

Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.

Ukara utama wacan ing dhuwur yaiku ....

a)

Banyu mujudake sumber panguripan

b)

Banyu kali kenek polusine uwuh, limbah pomahan, lan limbah pabrik.

c)

Jaman saiki angel banget golek banyu kang resik bebas polusi

d)

Makhluk sing urip ora bakal bisa urip tanpa banyu.

21.

Bupati Trenggalek Emil Elestianto Dardak ngirim pesen ringkes marang kantor berita Antara, ngandharake yen wis dumadi prahara lemah longsor lan banjir bandhang. Lemah longsor lan banjir bandhang nrajang telung kecamatan ing kabupaten Trenggalek, yaiku kecamatan Munjungan, Gandungsari, lan Kampak.

Prahara banjir bandhang lan tanah longsor mau kelakon ing dina Selasa, 16 Agustus 2016 pukul 22.00 WIB, sawise udan deres meh sedina sewengi ora leren. Prahara lemah longsor kang nggawa korban jiwa 1 asal desa Senden Kecamatan Kampak, lagi surut lan bisa ditangani ing dina Rabu, 17 Agusutus 2016.


Apa sing nyebabake anane prahara mau?

a)

Banyu kali sing kebak uwuh

b)

udan deres meh sedina sewengi

c)

Wit-witan ono ing alas kang ditebangi

d)

Amarga gununge gundul

22.

Paragraf I

Bhineka Tunggal IKa tegese maneka warna nangng nyawiji ing tekad lan karep. Maneka warna suku bangsa, agama, basa, lan budaya. Bhineka Tunggal Ika semboyan kang nyawijiake bangsa Indonesia. Yen nganti ana wong Indonesia isih ngundamana perkara SARA marang wong padha Indonesia ora pantes ngaku wong Indonesia. Yen ora Bhineka Tunggal Ika dudu Indonesia.


Paragraf 2

Mligi ing jagading basa, seni, lan budaya Jawa bae uga maneka warna. Saben Propinsi ing Pulau Jawa, saben kutha, kabupaten, kecamatan, lan saben desa nduweni ciri khas dhewe-dhewe. Tuladhane padha wayange tetep ana ciri khase antarane gagrag wayang Jawa Tengah, Jawa Timuran lan Yogyakarta.


Sakwise maca wacan ing paragraf 1 lan 2 ig dhuwur coba golekono bedane!

a)

Bhineka Tunggal IKa semboyan bangsa Indonesia lan maneka warna budaya ing tanah Jawa

b)

Bhineka Tunggal Ika maneka warna lan ligi jagading basa Jawa

c)

Maneka warna suku bangsa, basa, lan agama lan saben propinsi ing Pulau Jawa

d)

Yen ora Bhineka Tunggal Ika lan tuladha wayang ana ciri khase.

23.

Dadi manungsa sing ngati-ati

Ngati-ati lan ugi wapada

Waspada marang uwuhe.

Amarga uwuh iku.

Menawi ora dirumati.

Iso nggawe cilaka.

Elingo wektumu.

Kanggo ngerumati donya.

Marang uwuh waspada lang ngati ati.

Urip slamet ing donya.


Watak tembang macapat ing ndhuwur yaiku ...

a)

Luwes, manis

b)

sereng, kebak kanepson

c)

trenyuh, sedih

d)

Lucu

24.

Pangkur

Mingkar mingkuring angkara,

Akarana karenan mardi siwi,

Sinawung resmining kidung,

Sinuba sinukarta,

Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung,

Kang tumrap wong tanah Jawa,

Agama ageme aji


Sinonim tembung kang kacithak kande ing ndhuwur yaiku ....

a)

Mbolak mbalik tembung

b)

Akeh tembung-tembung

c)

Carane ndhidhik anak

d)

Disambut dislametake

25.

Sinom

Lakune bocah sekolah

Sinau rino lan wengi

Kudune bocah sekolah

Mesti pinter lan setiti

Nanging jaman saiki

Sinaune ora luhur

Karo seneng dolanan

Ora bisa migunani

Mung bisa njaluk lan nyusahke wong tuwa


Guru wilangan lan guru lagune tembang sinom ing ndhuwur yaiku .....

a)

8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u, 7a, 8i, 12a

b)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

c)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 8a, 8i, 12a

d)

8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 10a

26.

Gegayuhan/kekarepan sing ora imbang karo kekuatane. Paribasan kang mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku .....

a)

Ana catur mungkur

b)

Durung becus, selak besus

c)

Cocak ngunal elo

d)

Punjul ing apapak, mrojol ing akarep

27.

Asu gedhe menang ..................

Ukara kang trep kanggo ngiseni ukara rumpang ing dhuwur yaiku .....

a)

Suarane

b)

awake

c)

kerahe

d)

wujude

28.

Emboke wuda anake tapihan

Batangane cangkriman ing dhuwur yaiku ....

a)

clana

b)

andha

c)

pring

d)

nanas

29.

Cangkriman : Sing endhek didhudhuki, sing dhuwur .....

Batangane : timbangan

Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku .....

a)

diurugi

b)

dipendhem

c)

dibuwang

d)

dicopot

30.

Lampu apa yen dipateni metu wonge?

Cangkriman ing dhuwur batangane ....

a)

Lampu toko

b)

Lampu cempluk

c)

obor

d)

sentolop