wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Bahasa Jawa Kelas 5A

Total questions: 60

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Wong sing neng sekolah, penggawehane ngulang murid-murid yoiku?

a)

Polisi

b)

Dokter

c)

Guru

d)

Penjaga

2.

"Taman safari prigen" panggonan plesir awujud?

a)

Pasar

b)

Kebun binatang

c)

Sekolah

d)

Pabrik

3.

Pegunungan iku panggonan wisata seng akeh?

a)

Wit witane

b)

Sapi e

c)

Setan e

d)

Sampah e

4.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

5.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

6.

Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?

a)

basa ngoko lugu

b)

basa krama lugu

c)

basa ngoko alus

d)

basa krama alus

7.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

8.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

9.

Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!

a)

mundhut

b)

nyuwun

c)

tanglet

d)

njaluk

10.

Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…

a)

Priyayi kakung marang garwane.

b)

Srawunge wong dewasa kang wis kulina.

c)

Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.

d)

Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.

11.

Ingkang atur sesorah sambutan inggih puniko ...

a)

ketua karang taruna

b)

ketua RT

c)

ketua panitia pentas seni

d)

ketua kelas

12.

" Saking asiling pirembagan wulan kepengker katetepaken benjing enjing badhe kerja bakti. "


Wulan kepengker tegese ...

a)

sasi ngarep

b)

sasi mburi

c)

sasi wingi

d)

sasi sukmben

13.

Paribasan ingkang gegayutan kaliyan gotong royong inggih puniko ...

a)

adigang - adigung adiguna

b)

rawe - rawe rantas malang - malang putung

c)

kutuk marani sunduk

d)

rukun agawe santosa crah agawe bubrah

14.

Negara Indonesia kondhang gemah ripah ...

a)

loh kang tinandur

b)

loh jinawi

c)

ayem tentrem

d)

kreta raharja

15.

Karangan kang nggambarake salah sawijining objek kasil pengamatan yaiku ....

a)

Deskripsi

b)

Eksposisi

c)

Narasi

d)

Persuasi

16.

Wacana kang njlentrehake prastawa kanti runtut arane ....

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Argumentasi

d)

Eksposisi

17.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

18.

Teks kang ngandarake fakta, kamomot ing media cetak lan elektronik, isine kedadeyan utawa prastawa kang lagi dadi omongan, diarani teks ...........

a)

persuasi

b)

slogan

c)

pawarta

d)

pariwara

19.

Gambar kang ana sisih kiwa iki klebu jinise .........

a)

iklan

b)

pawarta

c)

gambar carita

d)

slogan

20.

Ing ngisor iki ukara sing klebu jenise pariwara/iklan yaiku ......

a)

ngundhuh wohing pakarti

b)

lemah longsor mendhem puluhan omah

c)

ayo njaga lestarine alam!

d)

banjir nrajang pirang-pirang desa

21.

Bapak pucung, saben dina tansah bingung,

Badanira panjang,

Tutuk ira pesagi,

Saben dina pucung nguntal buntut ira


Tembang ing dhuwur satemene cangriman. Batangane ......

a)

tali

b)

ula

c)

sabuk

d)

kalung

22.

Ukara ngisor iki tulada teks pawarta wujud andaran ngenai kedadean yoiku ...

a)

Gunung kelud njeblug ing tanggal 14 Februari 2014

b)

Banjir bandang wingi sore dinuga amrga alas kulon kae gundul

c)

Jaman saiki udan panas ora pas wancine

d)

Ibu seneng banget dina iki

23.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
24.
a)

ana dina ana upa

b)

ana alangan mungkura

c)

ana catur mungkur

d)

mingkar-mingkuring angkara

25.

Karangan kang isine nggambarake sawijining kahanan, yaiku...

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Eksposisi

d)

Persuasi

26.

Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........

a)

ukarane mamerake

b)

ukarane nyenengake

c)

ukara mentes

d)

ukarane ngujuk-ujuki

27.

Wujude gancaran, isine ngajak, ngelingake, mamerake. Ciri-ciri iki minangka cirine teks .......

a)

narasi

b)

slogan

c)

persuasi

d)

deskripsi

28.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Kang ngasilake oksigen yaiku ..............

a)

kewan ingon-ingon

b)

banyu kang resik

c)

tanduran sing subur

d)

manungsa

29.

Panguripan ing ngendhi wae mesthi mbutuhake oksigen. Ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen supaya paru-parune sehat. Kang bisa mrodhuksi oksigen yaiku tanduran sing subur ................


Ukara inti paragrap ing dhuwur kang bener yaiku ............

a)

ora mung manungsa, kewan uga butuh oksigen

b)

oksigen bisa nyehatake paru-paru

c)

tanduran kang mridhuksi oksigen

d)

panguripane ing ngendi wae mesthi mbutuhake oksigen

30.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ...........

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

persuasi

d)

fabel

31.

Ing ngisor iki titikane pariwara / iklan sing bener yaiku .........

a)

ukarane mamerake

b)

ukarane nyenengake

c)

ukara mentes

d)

ukarane ngujuk-ujuki

32.

Basa rinengga yaiku...

a)

Basa sing dipaesi utawa basa kang endah

b)

Basa Jawa kang alus banget

c)

Basa kang angel dingerteni

d)

Basa Jawa kang nduweni teges akeh

33.

"Warga Desa Mojotrisno ayem tentrem lan guyub rukun. Kabeh padha seneng tetulung marang sapadha"


Tembung ayem tentrem lan guyub rukun kalebu tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Bebasan

d)

Paribasan

34.

"Pak Tarno adus kringet kanggo nguripi kaluwarga lan nyekolahke anake.


Tembung adus kringet kalebu tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Paribasan

d)

Bebasan

35.

Ing ngisor iki kang kalebu tembung entar yaiku...

a)

Colong Jupuk

b)

Cilik atine

c)

Alus tangane

d)

akal budi

36.

Jenang gula, aja lali karo kanca


Unen-unen ing ndhuwur kalebu tembung...

a)

Wangsalan

b)

Paribasan

c)

Bebasan

d)

Pepindhan

37.

Tangane Ratih aluse kaya sutra.


Ukara ing ndhuwur ngemu tembung...

a)

Pepindhan

b)

Entar

c)

Saroja

d)

Wangsalan

38.

Tembung loro padha tegese digawe karo sajrone ukara diarani tembung...

a)

Entar

b)

Saroja

c)

Dasanama

d)

Wangsalan

39.

Tembung saroja nduweni fungsi kanggo...

a)

nambahi rasa mbangetake

b)

nambahi rasa cetha

c)

menehi rasa endah

d)

nggambarake kahanan

40.

Tembung entar ing ngisor iki kang nduwe teges ceriwis/akeh omonge yaiku...

a)

Tipis lambene

b)

Entheng ilate

c)

Kandhel Lambene

d)

Entheng lambene

41.

tembung-tembung kang uwis ora padha tegese sakawit lan nuwuhake teges anyar diarani...

a)

entar

b)

pepindhan

c)

bebasan

d)

paribasan

42.

ukara ing ngisor iki kang kalebu basa rinengga yaiku...

a)

Kowe iki nek mangan kok kemlothek sajake kesusu tenan.

b)

Nalika wis bali tekan omah aja lali gek ndang ngasuh.

c)

Pancen tenan nek bisa dadi patuladhan wong saben dinane tansah sinau.

d)

Sadar nek wis telat, ing dalan Budi mlayu-mlayu kaya kidang diuber singa.

43.

ukara ing ngisor iki kang ngemot tembung entar yaiku...

a)

sapa sing salah kudu ngalah

b)

polatane katon sumringah amarga nembe entuk beasiswa saka sekolah

c)

saiki lagi mangsa udan, kamangka dalane lunyu tenan mula sing ngati-ati

d)

bapak nek kerja nganti adus kringet, kemlucur tenan

44.

tuladhane tembung saroja yaiku...

a)

dawa tangane, adus kringet

b)

putih memplak, ayem tentrem

c)

gagah prakosa, gedhe endhase

d)

dhuwure kaya otak-otak mega

45.

Ing ngisor iki sing kalebu urut-urutane nulis paragraf deskriptif yaiku...

a)

Nemtokake tema

b)

Nemtokake tujuwan karangan

c)

Ngempalake dhata kanthi cara ngamati

d)

Nemtokake pawarta sing wis nate dialami

46.

Q. Basa kang digunakake sajrone teks laporan asli observasi yaiku

a)

Objektif

b)

Ringkas LAN cetha

c)

Apa anane

d)

Besok lan cetha

47.

Q. Teks laporan asli observasi kudu ditulis lelandhesan kasunyatan yaiku ...

a)

Konotatif

b)

Fakta

c)

Informatif

d)

Komunikatif

48.

Q. Teks laporan asli observasi kudu "komunikatif" tegese yaiku...

a)

Asipat apa anane

b)

Bisa dadi sumber pawarta

c)

Gampang dipahami

d)

Ditulis kanthi sampurna lan jangkep

49.

Q. Sakdurunge gawe cengkorongan teks palapur adil observasi kang kudu ditindakake luwih dhisik yaiku...

a)

Gawe irah-irahan

b)

Nulis pambuka

c)

Nyusun isi

d)

Nulis panutup

50.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Irah-irahan teks ing dhuwur yaiku .........

a)

banyu resik

b)

ngopeni banyu

c)

ngopeni banyu sumber penguripan

d)

banyu kali sumber panguripan

51.

Sriani pancen ayu, pipine .....

a)

nanggal sepisan

b)

nduren sajuring

c)

mucuk eri

d)

ngandan andan

52.

Bocah iku alise nanggal sepisan, drijine .....

a)

nanggal sepisan

b)

nduren sajuring

c)

mucuk eri

d)

ngandan andan

53.

Pawarta kang diwartakake lumantar media cetak biasane ana ing…….

a)

Radio, televisi

b)

Televisi, tabloid

c)

koran, majalah

d)

tabloid, radio

54.

Koran kang terbit saben dina iku diarani uga….

a)

Kalawarti

b)

Ariwarti

c)

sasiwarti

d)

pekenari

55.

Warta / kabar kang diterbitake ora saben dina , kala-kala yaiku…..

a)

Ariwarti

b)

Kalawarti

c)

nasional

d)

lokal

56.

Salah siji titikane (ciri-ciri) wacan narasi yaiku……….

a)

Urut wektu / kronologis

b)

Nyeritakake pengalaman

c)

nyeritakake dedongengan

d)

nggambarake kahanan, panggonan

57.

Pawarta / berita lesan bisa di temokake lumantar…….

a)

Koran

b)

poster

c)

majalah

d)

siaran radio

58.

Pawarta sing becik iku kudu sing……

a)

Basane ringkes lan cetho

b)

Basane dawa lan cetho

c)

direka-reka supaya narik

d)

narik kawigaten

59.

Pawarta sing faktual tegese pawarta sing …..

a)

Narik kawigaten

b)

Di babar lan dijlentrehake apaanane

c)

anyar lan lagi dadi omongan

d)

basane ringkes lan cetha

60.

Ekosistem

Ekosistem yaiku sesambungan imbal balik anatarane unsur-unsur hayati karo nonhayati ing sajroning lingkungan. Ekosistem mujudake sawijine interaksi kompleks lan nduweni panyusun kang maneka warna.sawijine ekosistem adhedasar paedah lan susunane dumadi saka komponen autotrof, heterotrof, abiotik,lan dekomposer


Sing diarani ekosistem yaiku ....

a)

Kebutuhan unsur-unsur hayati karo nonhayati

b)

Imbal balik antarane unsur-unsur hayati karo nonhayati ing sajroning lingkungan.

c)

Organisme kang ngurekake bahan organic

d)

Organisme kang bias gawe panganan dewe