NEW
Font size
WorksheetsREMIDI PAS
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan.
Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambimolet)
Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer.
Salim : Padha… Aku iya. Amerga… aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg)
Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak duraka kowe iku Lim… Lim…, dikongkon mbokmu jaga toko kok malah dolan.
Saka punggelan teks drama ing dhuwur setting panggonan lan wayahe, yaiku ...
Ing ngarep omah wayah isuk
Ing bug prapatan wayah bengi
ing bug prapatan wayah sore
ing tengah desa wayahe sore
Rudi turu ing amben, nglindur njerit-njerit njaluk tulung ibune. Ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah Rudi.
Ibu : Le… tangi le! (karo ngoyak-ngoyak rudi)
Rudi : Ibu… (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang buk.
Ibu : Dibakar apa ta le? wong awit mau awakmu turu wae ngono lho.
Rudi : Dadi aku mau mung nglindur buk? (bungah) Alhamdulilah…. (ngrangkul ibune)
Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane....
eksposisi
klimaks
komplikasi
ending
Badri mlaku alon-alon kanthi ngelamun ing trotoar. Koran saktumpuk digendhong ing pundhake durung ana sing payu. Dina iku ora kaya padatan, panase nylomot bunbunan nganti gosong. Raine rada gosong, gulune asat, ngelak lan luwe. Swara kendharaan ing prapatan pasar Manukan iku gemrubug nambahi ati susah.
Pethikan teks drama ing dhuwur yen katitik saka struktur teks kalebu peranganane
eksposisi
klimaks
komplikasi
ending
Obah mosike praen nalika meragake teks drama diarani ….
interpretasi
ekspresi
olah tubuh
olah vokal
Perangan ing teks drama lumrahe wujud teks gancaran njlentrehake ngenani ....
latar
tema
plot
alur
Sing kudu dilakoni nalika nulis teks drama sawise nemtokake tema yaiku ...
golek inspirasi
nemtokake plot
nemtokake tokoh
nulis teks drama
Struktur teks drama sing ngrakit perkara/masalah rakitan crita drama wiwit awal nganti akhir diarani ....
tema
tokoh
plot
amanat
Sing dadi paraga utama kang nduweni watak lan perilaku apik diarani ...
protagonis
antagonis
titragonis
figuran
Naskah sing dadi pedhoman ana ing pementasan drama diarani....
struktur drama
skenario drama
unsur drama
teks drama
Struktur teks drama sing rupa nilai budi pekerti sing bisa dijupuk saka isine drama diarani ....
tema
tokoh
alur
amanat
Mbah Kuntha: (Mbah Kuntha kang wis biasa ora tau dibasani karo bocah-bocah sing ana omahe, kejaba Ridho sing kulina basa karo wong sing luwih tuwa. Mbah Kuntha uga mung bisa mesem)
Ridho : Mboten mas! Inggih kula tetep dodolan koran ugi saderengipun bidhal menyang sekolah. Mengke wangsul sekolah kula tumut mas-mas ngamen. Supados saged bayar sekolah lan nyetor arta dhateng mbah Kuntha damel nedha.
Pethikan teks drama rupa dhialoge Ridho ing dhuwur migunakake basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Sudra: Menawi ngaten Mbah, panjenengan menawi tindakan kedah wonten ingkang ngancani, supados aman, mboten wonten kedadosan ingkang mbebayani kados kalawau.
Mbah Surantani:Iya Le, pancen bener sing mbokkandhakake. Iki mau bojoku lagi masak, anakku padha wis kerja dhewe-dhewe lan putuku ya padha sekolah. Karepku ngono wae supaya ora
ngrepoti sapa-sapa. Lha…jebul kok malah ngrepoti kowe kabeh. Sepurane ya Le Mbahe ki? Matur nuwun sakapitulunganmu, aku ora durung bisa mbales kebecikanmu…,Muga-muga Gusti Allah ingkang mbales ya, Le?
Pethikan teks drama rupa dialoge Mbah Surantani ing dhuwur migunakake basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Budhe tindak menyang pasar, mundhut klambi anyar.
Ukara ing dhuwur miturut unggah-ungguhe kalebu jinis ...
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Surabaya?
ukara ing dhuwur miturut unggah-ungguhe migunakake ....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Simbah mboten kersa dhahar amargi nembe .....
Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur miturut unggah-ungguhe yaiku...
sakit
lara
gerah
kesah
Ing ngisor iki gunane basa krama ing pasrawungan kajaba ....
Kanggo cecaturan antarane wong enom marang wong tuwa.
Kanggo cecaturan kanca karo kanca raket
Kanggo cecaturan antarane abdi marang bendarane
Kanggo cecaturan ibu marang bapak.
Adhiku wingi .... roti ing toko Imelda. Tembung sing trep kanggo ngisi ukara iku miturut unggah-ungguhe ngoko lugu yaiku ...
tuku
tumbas
mundhut
mendhet
Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kajaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo ....
dhokumen pribadi para siswa
pertanggungjawaban
dhokumen kanggo sekolah
latihan
Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku ...
pambuka, panutup, isi
pambuka lan isi
pambuka, isi, panutup
isi, pambuka, panutup
1) Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 April 2015
2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil.
3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.
4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah.
Ukara sing trep kanggo bagean pambuka ing laporan kegiatan yaiku ing ukara nomer ....
1,2
3,4
1,3
2,4
Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku ...
runtut manut strukture
tulisane kudu bener
nganggo basa sing endah
dilampiri dhata lan foto
Ukara kang cocog kanggo bagean panutup ing teks laporan kegiatan yaiku ....
Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang.
Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135.
Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar.
kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.
Ukara sing nyritakake kahanan sawenehing bab marang wong liya diarani ...
ukara lamba
ukara camboran
ukara carita
ukara pakon
Ukara ngisor iki kalebu tuladhane ukara lamba, yaiku ...
Budi tuku kaos, dene Ali tuku tas.
Para siswa ngrungokake pengumuman saka gurune.
Lamongan hawane panas, nanging Malang adhem.
Rani ora melu piknik jalaran lara.
Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane ukara camboran yaiku ….
Rani ora melu piknik menyang WBL.
Rini melu piknik menyang WBL, dene Rina ora melu amarga lara.
Rini tuku iwak asin kanggo oleh – oleh.
Rina ora tuku apa – apa kanggo oleh – oleh.
Ngendikanipun Bapak, Budhe Marni badhe rawuh mriki. Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa ngoko alus ....
Sanjangipun Bapak Budhe Marni ajeng dugi mriki.
Ngendikane Bapak, Budhe Marni arep rawuh kene.
Jarene Bapak Budhe Marni arep teka kene.
Jarene Bapak Budhe marni arep sowan kene.
Pidhato kang kudu ditindakake kanthi maca teks lan ora kena uwal saka teks kasebut, diarani pidhato ….
resmi
ora resmi
setengah resmi
guyonan
Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane bisa kaleksanan iku kalebu ing perangan ….
salam pambuka
pangarep-arep
purwabasa
panutup
Bapak Kepala Sekolah ingkang minulya, Bapak / Ibu Guru ingkang kula hurmati, Bapak / Ibu wali murid kelas sanga, sarta para kanca siswa-siswi kelas sanga ingkang sanget kula tresnani. Puji syukur mangga sareng-sareng kita unjukaken dhumateng ngarsa Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kathah sanget kenikmatan saengga wonten ing siang punika kita saget makempal ngrawuhi adicara pepisahan siswa-siswi kelas sanga.
Pethikan teks pidhato ing dhuwur kalebu perangan .....
Adangiyah
surasa
purwaka
wasana basa
Kula angaturaken agunging panuwun dhumateng para Bapak dhalah Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit kelas pitu ngantos sapunika sampun lulus kelas sanga.
Tembung nggulawenthah ing ukara dhuwur tegese ....
Ngayomi lan ngayemi
Ndhaku lan ngadhopsi
Nuturi, nyeneni lan ngandhani
Ndhidhik, mbimbing, lan ngopeni
Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur nyuwun sih agunging pangaksami. Perangan pidhato kaya kasebut kalebu....
surasa basa
purwa basa
wasana basa
pangarep-arep
Pawongan kang kajibah ngandharake wigatining pahargyan minangka wakiling sohibul hajad diarani ....
pranatacara
panitiswara
pamedhar sabda
paminta sraya
Basa kang kang digunakake dening pambyawara/pranatacara ana ing adicara penganten asring nggunakake basa kang arang digawe ana ing bebrayan. Basa mau kepenak dirungokake sarta endah, basa kang kaya mangkono mau diarani basa ….
basa krama inggil
basa mataraman
basa ngoko alus
basa rinengga
”Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa migunani. Rekayasa dasanamane ....
usaha
milihi
budidaya
milahi
Basa ngoko alus ing ngisor iki kang panulise bener yaiku ....
Mas Nanang diutus Pak Broto nyaosake undangan ing omahe H. Misbah.
Menawi Panjenengan badhe tindak, mangke kula pamitake Ibu.
Yen kowe arep dhahar segane ing wakul.
Mau esuk Eyang wis dakparingi dhahar kacang ijo!
Kabeh pepalang bakal disingkirake. Kahanan kaya ing dhuwur ditembungake kanthi paribasan ....
Jer basuki mawa bea
Rawe-rawe rantas, malang-malang putung
Becik ketitik, ala ketara
Gemi, nastiti lan ngati-ati iku laku utama.
Kethoprak lan ludruk iku diarani kesenian tradhisional, amarga....
Mung urip ing jaman sadurunge Indonesia merdika
Mung bisa nggelarake crita panguripane bangsawan kraton.
Digelar kanthi migunakake alat musik tradhisional, busana tradhisional, diiringi kanthi tetembangan, lan nggelar crita jaman kawuri.
Digelar migunakake musik modern, busana modern lan nggelar crita modern.
Kethoprak urip ngrembaka lan ngalami jaman kencana rukmi watara tahun 1950 an ing daerah....
Banyuwangi
Probolinggo
Surabaya
Ngayogyakarta
Ludruk mujudake kesenian tradhisional asal saka ....
Jawa Tengah
Jawa Timur
Jawa Barat
Ngayogyakarta
Bedane ludruk lan kethoprak manggon ing ....
Tari Rema lan tabuhan gamelan teknik Jawa Timuran.
Kethoprak diawali tari gambyong, ludruk diawali tari gandrung.
Kethoprak migunakake iringan jula-juli.
Ludruk ora dibukani tari remo.
