NEW
Font size
WorksheetsULANGAN BAHASA JAWA
Total questions: 15
Worksheet time: 8mins
Wacanen crita ing ngisor iki!
Prabu Yudhistira iku ratu ing negara Ngamarta. Garwane asma Dewi Drupadi. Yudhistira ratu kang jujur, ora tau nesu, lembah manah, lan seneng ngalah. Sajrone dadi ratu, Yudhistira tansah tumindak adil lan ngutamakake kepentingan warga. Mula negarane gemah ripah loh jinawi, tata tentrem, karta raharja, wargane guyub rukun lan sengkut makarya.
1. Latar swasana ing cerita dhuwur yaiku ....
A. seneng banget
B. rame banget
C. padha makarya
D. ayem tentrem
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi premati!
Wektu iku banter lakune
Kari etungan dina paribasane
Taberia sinau, ndonga aja lali
Murih kasembadan kang den udi
2.Isi geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. mlaku banter karo ndonga
B. ngetung dina lan sregep sinau
C. sregep sinau supaya kasil
D. kasembadan kang den kaudi
Wacanen kanthi patitis!
Saben tanggal 13 sasi Syawal ing Guwa Kreo dianakake Sesaji Rewanda. Sesaji Rewanda mono mujudake pakurmatan kanggo kethek (rewanda) kang ana ing Guwa Kreo. Prastawa budaya iku dadi tontonan kolosal ing kana. Sing nonton sasat ora kamot amarga wong-wong ing Semarang lan sakiwa tengene tumplek blek nonton upacara mau.
3.Isi wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Guwa Kreo akeh ketheke melu upacara Sesaji Rewanda
B. upacara Sesaji Rewanda kanggo ngurmati kethek ing Guwa Kreo
C. tontonan kolosal ing Guwa Kreo nyenengake warga Kutha Semarang
A. prastawa budaya dadi tontonan warga sakiwa tengene Kutha Semarang
Jaman samana, ana negara kang aran Ngambar Arum. Sang Raja sedhih penggalihe jalaran Sang Prameswari mbabarake putra kang ala rupane lan cacat awake. Mula saka kuwi diparingi jeneng Jaka Kendhil. Kabeh mau awit pokale garwa selire sang Raja, kang aran Dewi Dursilawati. Dewi Dursilawati njaluk pitulungan dhukun supaya nyihir putra mahkota. Dheweke kepingin anake sing dadi putra mahkota.
Nadyan ala, Jaka Kendhil kuwi apikan marang sapa wae lan seneng tetulung marang wong kang nandhang susah. Mulane Jaka Kendhi duwe sedulur kang akeh lan disenengi wong akeh.
4.Manut carita ing dhuwur watake Dewi Dursilawati yaiku ....
A. apikan marang sapa wae
B. seneng tetulung lan licik
C. tetulung marang wong susah
D. drengki srei lan licik
Wacanen tembang iki!
Gambuh
Sekar Gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
5.Tembung kang kacithak miring ing tembang dhuwur mau tegese....
A. ora becik
B. gawe gela
C. gawe rekasa
D. gawe kuciwa
Wacanen crita iki kanthi patitis!
Sawijine dina Dewi Kunthi nglairake putrane sing nomer loro. Nalika lair jabang bayi wujude bungkus sing ora salumrahe kaya bayi liyane. Bungkus iki jebule angel dibukak ….
6. Wacan ing dhuwur nyritakake bab ....
A.laire Bima Bungkus
B.jabang bayi wujud bungkus
C. laire Dewi Kunthi
D. bungkuse angel dibukak
7.Ukara ing ngisor iki sing trep miturut unggah-ungguh basa yaiku ....
A. Ibu kondur saking Jakarta ngasta oleh-oleh.
B. Ibu kondur saking Jakarta nggawa oleh-oleh.
C. Ibu kondur saking Jakarta tuku oleh-oleh.
D. Ibu kondur saking Jakarta entuk oleh-oleh.
8. Simbah lagi ngendika karo putune.
Ukara ing dhuwur yen diowahi dadi basa krama inggil kang bener yaiku ....
A. Simbah nembe ngendika kaliyan putune.
B. Simbah nembe matur kaliyan putune.
C. Simbah nembe matur kaliyan wayahipun.
D. Simbah nembe ngendika kaliyan wayahipun.
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Pangkur
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardisiwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarto
Mrihketarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa
Agama ageming aji
9.Isi cakepan tembang ing dhuwur yaiku....
A.wong tuwa ndhidik anak kanthi sabar
B.wong tuwa nuruti kekarepane anak
C. wong tuwa manut karo anak
D. wong tuwa ndhidik anak kudu bener
Kawitane Resi Bisma uga ora sumadiya maju perang lumawan Srikandi, nanging amarga diserang terus mula banjur genti nyerang. Srikandi ora bisa nandhingi kasektene Resi Bisma, jalaran pancen Resi Bisma iku pilih tandhing. Resi Bisma luwih unggul ing samubarange. Nalika wus sawentara wektu Srikandi arep kalah, sukmane Dewi Amba banjur ngaton lan sumusup marang awake Srikandi. Dewi Amba nagih janjine Bisma kang nalika semana wus merjaya Dewi Amba tanpa sengaja. Dewi Amba banjur menehi Cupu Manik marang Srikandi. Nalika mengerteni Cupu Manik mau, Resi Bisma banjur kelingan janjine marang Dewi Amba. Mula Resi Bisma banjur ora mbales nyerang Srikandi.
10. Amanat crita wayang ing dhuwur yaiku ….
A.aja seneng perang
B.aja seneng gumedhe
C. yen janji kudu diugemi
D. nganggoa gaman sing ampuh
Nalika dumugi peken, Dinda badhe mandhap sukunipun kesrimpet lajeng dhawah, . jengkunipun tatu ngedalaken rah. Lajeng Dinda dipun tulungi tiang saha dipun obati tatunipun. Awit saking raos remenipun diajak Ibu tindak peken, sakitipun boten dipunraosaken menapa malih badhe dipun tumbasaken sepatu anyar. Cekak cinarita sasampunipun sedaya kabetahan sampun tinumbas , Dinda lan Ibunipun lancing wangsul numpak gocar.
11. Pengalaman kang nyenengake ana ing wacan ing dhuwur yaiku ....
A.Diajak Ibu menyang pasar.
B.Sikile Dinda metu rahe.
C.Dawah saking Gocar.
D.Ditulungi wong rikala dawah.
12. Pengalaman ing ngisor iki, kalebu pengalaman ora nyenengake yaiku ….
A. Kala wingi aku menang lomba nggambar ing kecamatan. Aku oleh hadiah piala lan sertifikat saka panitia.
B. Minggu wingi adhiku lara demam berdarah. Adhiku mondhok ing omah sakit seminggu suwene.
C.Nalika ulang taun, aku diwenenhi kejutan dening bapak lan ibu. Aku diwenenhi sepeda anyar.
D. Bapak nembe kondur saka Surabaya. Bapak ngasta oleh-oleh roti lapis kasenenganku lan adhiku.
Kanggo mahargya dina Pendidikan Nasional ana ing sekolahanku bakal dianaake lomba kebersihan kelas kang dilaksanaake dino Sebtu. Kelas VI nduweni krenteg sesuk dina Jumat bakal nganakake kerja bakti ngresiki kelas. Dina Senin sakwise upacara rampung diumumake kasile lomba kebersihan kelas sing dadi juara 3 yaiku kelas V, juara 2 yaiku kelas III lan sing dadi juara 1 yaiku kelas VI. bocah- bocah kelas VI atine katon bungah amarga bisa dadi juara 1.
13.Topik cerita ing wacan duwur yaiku ...
A. Pengumuman lomba kerja bakti ing sekolah ngresiki kelas dianakake dina Senin.
B. Lomba reresik kelas bakal dianakake dina Jumat ana ing sekolahanku.
C. Mahargya dina Pendidikan Nasional bakal dianaake lomba ing sekolahanku.
D. Kanggo mahargya dina Pendidikan Nasional dianakake lomba reresik kelas.
“Wasana cekap semanten atur kula mbok bilih lepat kula nyuwun pangapunten.
Kupat dicampur santen, sadaya lepat nyuwun pangapunten “.
14.Perangan sesorah ing dhuwur diarani ....
A.salam pambuka
B.pambuka
C. salam panutup
D. panutup
Gatekna urutan sesorah ing ngisor iki!
1. Wassalamu’alaikum warrahmatullahi wabarakatuh.
2. Bapak Ibu Guru ingkang tuhu kinurmatan, para kadang siswa ingkang kinasih.
3. Wasana cekap semanten atur kula. Mbok bilih wonten atur ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agenging pangaksami.
4. Kanthi punika panitia rumaos entheng anggenipun nindakaken acara. Mugi-mugi acara perpisahan punika saged kaleksanan kanthi sae.
5. Kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng sadaya ingkang sampun paring pambiyantu amrih regenging adicara perpisahan punika.
6. Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
15. Supaya dadi sesorah kang runtut , urutane kang bener yaiku ....
A.6, 2, 4, 3, 5, lan 1
B.1, 2, 3, 4, 5, lan 6
C.6, 2, 5, 4, 3, lan 1
D. 1, 5, 3, 4, 2, lan 6
