wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Panatacara

Total questions: 40

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

1.Perangan teks panatacara kang trep yaiku.......

a)

Salam pambuka – puji syukur – sapa aruh – ancasing gati – panutup – salam panutup

b)

Salam pambuka – puji syukur – ancasing gati – panutup – salam panutup

c)

Salam pambuka – atur pakurmatan – atur puji syukur – surasa basa –panutup

d)

Salam pambuka – surasa basa - salam panutup

e)

Pambuka – surasa basa - panutup

2.

2.Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening sadaya kulawarga.

1.Adicara ingkang sapisan inggih punika pambuka

2.Adicara ingkang kaping kalih, inggih punika atur pambagyaharja saking kulawarga

3.Ndungkap adicara ingkang kaping tiga inggih punika paring sabda saking kulawarga penganten kakung

Pethikan teks panatacara ing dhuwur sinebut .....

a)

Salam pambuka

b)

Puji syukur

c)

Sapa aruh

d)

Ancasing gati

e)

Pangarep-arep

3.

Ing titi wanci punika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicara inggih punika

1.Atur pambuka

2. Atur pangandikan saking ketua panitia

3. Pentas seni saking kelas X lan XI

4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII

5. Atur pangandikan saking kepala sekolah SMK Pembangunan

6. Panutup

Pethilan ing dhuwur urutan adicara ............

a)

Selapan

b)

Dina Kartini

c)

Supitan

d)

Haji

e)

Perpisahan

4.

Ing ngisor iki sing ora kalebu sebutan liya saka pambiwara yaiku .............

a)

Panatacara

b)

Panatacara

c)

Pranata adicara

d)

Protokol

e)

Pariwara

5.

Ayahan pambiwara yaiku mbiwarakake laku-lakune tata cara lumantar ..........

a)

Kala warti

b)

Wicara lugu

c)

Ariwarti

d)

Layang kabar

e)

Majalah

6.

Supaya rancag anggone nglantarake lakune adicara ing sajroning tatacara mula pambiwara kudu makarya bebarengan karo .............

a)

. Pamong praja

b)

Hamong tamu

c)

Pimpinan panitia

d)

Punggawaning desa

e)

Seniman budayawan

7.

Acara kang dibiwarakake dening pambiwara iku jumbuh karo .............

a)

Rancangane dhewe

b)

Reka-rekane dhewe

c)

Rencanane dhewe

d)

Gagasane dhewe

e)

Rancangan pamonging karya

8.

Pambiwara jroning wicara ana sawijining karya iku lumrahe ...........

a)

Kudu sora

b)

Klesak klesik wae

c)

Samadya jumbuh karo swasana

d)

Sora banget

e)

Lirih banget

9.

Pambyawara kudu bisa ajur ajer lan njumbuhake swasana la papan panggonan. Tembung ajur ajer duweni teges ...............

a)

Ajur mumur

b)

Nyawiji karo sapa wae

c)

Ajur tanpa tilas

d)

Ajur tenan

e)

Ajur tanpa aran

10.

Pambiwara anggone migunakake basa kaudiya nganggo basa kang leres. Basa kang leres tegese ............

a)

Basa kang dakik-dakik

b)

Basa sing angel dimaknani

c)

Basa sing angel dimangerteni

d)

Basa kang jumbuh karo paugeraning paramasastra

e)

Basa kang rucah

11.

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyura, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga.

Tembung ing wacan, kang kagaris ngisor duweni teges ............

a)

Kenya kewes

b)

Kenya jeneng sulistya

c)

Wanita pinilih

d)

Kenya ganti busana

e)

Wanita kang ayu

12.

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ambabar gendhing Ktw. Sekarteja laras slendro pathet manyura, katingal ana wanodya sulistya ing warni mijil saking panti busana, kakanthi manjing sasana rinengga.

Wacan ing dhuwur minangka kaprigelan kawruh basa kang kudu diduweni panatacara. Prathelan iku kalebu tuladha tembung ..........

a)

Saroja

b)

. Panyandra

c)

Parikan

d)

Sanepa

e)

Pepindhan

13.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka pranata adicara ngaturaken agunging samudra pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur. Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula.

Pethikan wacan ing dhuwur, ing perangan pranata adicara kalebu perangan……….

a)

Panutup adicara

b)

Salam pambuka

c)

Pambuka adicara

d)

Salam panutup

e)

Sapa aruh

14.

Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula. Ukara kasebut minangka basa rinengga, yaiku kalebu ...

a)

Saroja

b)

Panyandra

c)

Parikan

d)

Sanepa

e)

Pepindhan

15.

Ing ngisor iki sikep kang kudu diduweni dening pranata adicara, yaiku …….

a)

Katon grusa grusu

b)

Solah bawa digawe-gawe

c)

Wigih-wigih

d)

Sembada ing karya

e)

Ora tanggap dening kahanan

16.

Tumrap sawijining panata cara ngendikan ing sangarepe wong akeh kanthi ngadeg prayogane kudu sikep ............

a)

Ngapurancang

b)

Tangan obah wae

c)

Ndoyong

d)

Besengut

e)

Obah terus

17.

Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun nyigeg saha jumeneng wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, boten karana kiranging raos pakurmatan dhumateng panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, nanging awit nampi ayahan supados nglantarake reroncening acara pahagyan dinten punika.

Pethikan atur pranata adicara ing dhuwur kalebu ing perangan ............

a)

Purwaka basa

b)

Surasa basa

c)

Wasana basa

d)

Panutup

e)

Sapa aruh

18.

Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun nyigeg saha jumeneng wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, boten karana kiranging raos pakurmatan dhumateng panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, nanging awit nampi ayahan supados nglantarake reroncening acara pahagyan dinten punika.

Tembung “nyigeg" ing pethikan pranata adicara kasebut ateges ........

a)

Jumeneng

b)

Ngadeg

c)

Ngendheg

d)

Metu

e)

Golek

19.

Pranata adicara iku pagaweyan kanthi ngendikan ing sangarepe wong ake, menawa dadi pranata adicara kudu duweni solah bawa kang becik lan....... Tembung kang trep yaiku ....

a)

Ngapurancang

b)

Saksenenge dhewe

c)

Ndoyong

d)

Nengsemake

e)

Obah terus

20.

Nalika dadi pranata adicara ing sawijining adicara, anggone menehi sapa aruh kang bener yaiku diwiwiti saka .........

a)

Wong sing wis tepung luwih dhisik

b)

Wong kang duwe gelar luwih dhisik

c)

Wong sing pangkate dhuwur nganti sing pangkate luwih endhek

d)

Wong kang dikenali lan duwe sesambungan kang cedhak

e)

Wong kang menehi bayaran marang pranata adicara

21.

Menawa dadi pranata adicara anggone ngadeg kudu jejeg, ora kendho lan ora dhoyong. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Mawastha

b)

Magatra

c)

Malaksana

d)

Maraga

e)

Malaghawa

22.

Ing ngisor iki kang ora kalebu kaprigelan maca panatacara yaiku ................

a)

Mahami wacan

b)

Wigah wigih

c)

Swara kang cetha

d)

Nganggo intonasi, nada lan tekanan kang trep

e)

Pracaya marang dhiri pribadi

23.

Wiwit esuk ibu nindakake pakaryan ana pawon. Diwiwiti adang sega, ngodhog wedhang, kelan lodheh, nguleg sambel lan goreng tempe supaya bocah-bocah isa sarapan.

Saka wacan ing dhuwur tembung kang kagaris ngisor kalebu tembung .....................

a)

Pepindhan

b)

Panyandra

c)

Yogyaswara

d)

Rura basa

e)

Entar

24.

Duwe sedulur kang dawa tangane pancen kudu dawa ususe lan jembar dhadhane. Saka ukara kuwi tembung kang kagaris ngisor kalebu tembung .....................

a)

Pepindhan

b)

Panyandra

c)

Yogyaswara

d)

Rura basa

e)

Entar

25.

Pak Suta kagungan anak loro kedhana kedhini. Putra putrine saiki dadi siswa siswi ing sekolah kang dipengini bocah loro kuwi. Tembung kang kagaris saka ukara kuwi kalebu tembung .....................

a)

Pepindhan

b)

Panyandra

c)

Yogyaswara

d)

Rura basa

e)

Entar

26.

Bocah kang mlakune kaya macan luwe kuwi pranyata duweni polah kaya kitiran. Tembung kang kagaris saka ukara kuwi kalebu tembung .....................

a)

Pepindhan

b)

Panyandra

c)

Yogyaswara

d)

Rura basa

e)

Entar

27.

Aruh-aruh marang kabeh para tamu undangan anggone sapa aruh mau diwiwiti saka wong sing paling tuwa nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur nganti sing endhek. Pratelan iku minangka perangan panatacara kang kalebu perangan ..............

a)

Ancasing gati

b)

Pambuka

c)

Panutup

d)

Sapa aruh

e)

Puji syukur

28.

1. Taruna taruni 6. Yaksa yaksi

2. Ajur mumur 7. Adem ayem

3. Polahe kaya kitiran 8. Nulis layang

4. Mikul soto 9. Lakune kaya macan luwe

5. Adol rungon 10. Lambe tipis

Tembung-tembang ing dhuwur kang klebu tuladha pepindhan yaiku nomer ......

a)

1 lan 6

b)

2 lan 10

c)

3 lan 9

d)

4 lan 8

e)

5 lan 7

29.

1. Taruna taruni 6. Yaksa yaksi

2. Ajur mumur 7. Adem ayem

3. Polahe kaya kitiran 8. Nulis layang

4. Mikul soto 9. Lakune kaya macan luwe

5. Adol rungon 10. Lambe tipis


Tembung-tembang ing dhuwur kang klebu tuladha yogyaswara yaiku nomer ......

a)

1 lan 6

b)

2 lan 10

c)

3 lan 9

d)

4 lan 8

e)

5 lan 7

30.

1. Taruna taruni 6. Yaksa yaksi

2. Ajur mumur 7. Adem ayem

3. Polahe kaya kitiran 8. Nulis layang

4. Mikul soto 9. Lakune kaya macan luwe

5. Adol rungon 10. Lambe tipis


Tembung-tembang ing dhuwur kang klebu tuladha rura basa yaiku nomer ......

a)

1 lan 6

b)

2 lan 10

c)

3 lan 9

d)

4 lan 8

e)

5 lan 7

31.

Menawa dadi pranata adicara anggone nindakake ayahan kudu bisa ngendhaleni acara saka wiwitan nganti pungkasan. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Mawastha

b)

Mawwat

c)

Malaksana

d)

Maraga

e)

Malaghawa

32.

Menawa dadi pranata adicara anggone mlaku sapecak sajangkah kudu luwes mrabawani ora ingah ingih nanging uga ora ngisin-isini. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Mawastha

b)

Mawwat

c)

Malaksana

d)

Maraga

e)

Malaghawa

33.

Nalika dadi pranata adicara anggone nindakake ayahan ora grogi, ora wedi obahe awak mung samadya wae. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Mawastha

b)

Mawwat

c)

Malaksana

d)

Maraga

e)

Malaghawa

34.

Menawa dadi pranata adicara anggone nindakake ayahan kudu trampil kepara trengginas, ora ngleler nanging ora grusa grusu. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Mawastha

b)

Mawwat

c)

Malaksana

d)

Maraga

e)

Malaghawa

35.

Nalika dadi pranata adicara kudu bisa nyandang panganggo kang trep pantes lan jangkep, solah bawane uga luwes lan ora digawe-gawe. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Magatra

b)

Mawwat

c)

Malaksana

d)

Matanggap

e)

Malaghawa

36.

Nalika dadi pranata adicara kudu bisa tanggap ing sakabehe swasana, uga bisa gawe grengsenge swasana. Babagan kasebut dening Rama Sudi Yatmana diarani ...........

a)

Magatra

b)

Mawwat

c)

Malaksana

d)

Matanggap

e)

Malaghawa

37.

Panatacara ngaturaken marang tamu menawa adicara rampung lan nyuwun pangapura yen wonten kalepatan. Ukara kasebut ing perangan teks panatacara kalebu perangan............

a)

Purwaka basa

b)

Surasa basa

c)

Ancasing gati

d)

Panutup

e)

Sapa aruh

38.

Paraga panatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicara kang dianggit lan kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe. Ukara kasebut ing perangan teks panatacara kalebu perangan............

a)

Purwaka basa

b)

Surasa basa

c)

Ancasing gati

d)

Panutup

e)

Sapa aruh

39.

Panatacara nalika macakake teks panatacara kudu bisa mbedakake aksara konsonan ing tembung-tembung. Abjad kasebut kayata dha lan da, ta lan tha. Perangan iku kalebu kaprigelan babagan .....

a)

Swara kang cetha

b)

Nggunakake pangucap kang trep

c)

Ngreteni tandha waacan kanthi trep

d)

Nggunakake intonasi, nada lan tekanan kang trep

e)

Pamedhote frasa kang trep

40.

Kaprigelan kang digunakake panatacara nalika ngatur endhek dhuwur, mandeg teruse, banter rindike swara maca naskah panatacara iku diarani babagan .............

a)

Swara kang cetha

b)

Nggunakake pangucap kang trep

c)

Ngreteni tandha waacan kanthi trep

d)

Nggunakake intonasi, nada lan tekanan kang trep

e)

Pamedhote frasa kang trep