NEW
Font size
WorksheetsGladhen US Jawa 2
Total questions: 15
Worksheet time: 23mins
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Mingkar-mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji.
Watak tembang Pangkur ing ndhuwur dituduhake ing ngisor iki, yaiku ....
Sereng ngelmu
Nesu lumrah
Wani jiwa
Welas Asih
Trengginas
Setitekna tembang Pangkur ing ngisor iki!
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Sumengah sesongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki
Pitutur luhur kang trep kanggo tembang Pangkur ing ndhuwur, kajaba …
Aja seneng pamer
Aja seneng sesumbar
Aja seneng degsura marang liyan
Aja nggugu karepe dhewe
Aja ngumbar janji
…………. omah sing duwe gagrag arsitektur joglo, saliyane iku uga ana omah sing diyasa nganggo gagrag arsitektur liya, kaya ta: limas, dara gepak, joglo trajumas, lan yasan liya upamane sasana suka.
Omah adat Jawa sing isih pepak lan nduwe aji-aji budaya Jawa ya iku sing nduwe 3 perangan yasan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 yasan liya sing rada cilik lan mapan rada ing arepan yasan pendhapa. Perangan tengah ana pringgitan lan perangan mburi dhewe ana dalem
Salah sijine ruwangan kang wujude kaendahan yaiku omah kang bentuke persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Dene kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi).
Saking cuplikan teks kasebut, nilai kang mratelakake teks yaiku ……
Budaya
Estetika
Sosial
Moral
Agama
Gatosaken sekar Sinom ing ngandhap punika!
Nulada laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
Werdine tembung Nulada laku utama, inggih punika….
Tansah prihatin
Nulada tumindak ingkang sae
Tansah damel remenipun tiyang sanes
Kedah saged meper hawa napsu
Kalampahanipun panggayuh punika wonten remen tapa brata
Gatekna pethilan crita Bima Bungkus ngisor iki!
Wolung tahun (8 tahun) suwine Bima ana ing sajroning bungkus, ora kinira kaya ngapa penggalihing Dewi kunti saha Prabu Pandhudewanata. Ora ana sawijining gaman apa wae kang bisa mecah bungkus. Kurawa melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakaken Sibungkus.
Wataking Kurawa kang digambarake saka tugelan crita kasebut yaiku…..
Licik (picik)
Sabar
Seneng mbiyantu
Tresna asih
Blakasuta (apa anane)
Gatekna teks pranatacara ing ngisor iki!
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula dherekaken hangrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending-gendhing Jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Tetembungan kang kacethak kandhel ana ing tugelan teks pranatacara ing dhuwur nduweni teges…..
Bali ing ngomahe dhewe-dhewe
Dhahar kang wis kasediyakake
Lungguh saksenenge
Salaman marang temantene
Ngrungakake gendhing
Gatekna tembang Kinanthi ngisor iki!
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi weryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip
Adhedhasar cakepan sekar ing nginggil, guru wilangan lan guru lagunipun ingkang leres inggih punika ….
8u, 8a, 8i, 8a, 8i, 8a
A. 8u, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
8u, 8i, 8a, 8a, 8i, 8i
8u, 8a, 8i, 8i, 8a, 8i
Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki!
Si Pengung nora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok tan alangka longkangipun
Siwasis waskitha ngalah
Ngalingi marang sipingging
Surasane saka tembang kasebut yaiku.....
wong pinter nanging kalah karo wong bodho
wong pinter sing keminter
wong pinter bakal ngalah marang wong bodho sing keminter
wong bodho sing sadar bodhone
wong bodho kudu ngalah marang wong pinter
Gatekna tugelan cerkak ing ngisor iki!
Yen pancen kowe kendhel yo mbok adepana kana, aja mung nggrundhel dhewe ning mburine dhewe kaya ngana. Kandhane Parti. Ora kaya ngana Ti, aku ki ya jane mung melasna, kok ya ana wong kaya ngana, Dheweke ki kok ora ndhuwe rasa wedi. Bengak-bengok ngunek-unekke wong tuwane dhewe. Kok ya ora kelingan mbiyene nalika semana, wong tuwane mondar-mandir golek utangan kanggo ngragati dheweke. Saiki wae barang rumangsa wes dadi wong ana wani karo wong tuwa…..
Nilai apa sing ana ing sajroning tugelan cerkak kasebut?
didaktis
estetis
sosialis
moralistis
religius
Gatekna pawarta ing ngisor iki!
Hasile ujian tigang dasa murid jurusan IPS salah satunggaling sekolah ing Pekalongan nolak nglampahi ujian ulang. Alesane sedaya gadah pamanggih menawi hasil ujian kalaksanan boten mawi tumindak jujur. Kamis (25/3). Saperangan siswa badhe paring laporan kasus menika wonten ing kepala Dinas Pendidikan.
Apa sing diwartakake ana pawarta kasebut?
Kamis (25/3)
Telungpuluh murid jurusan IPS
Hasil ujian kang ora jujur
Dinas Pendidikan
Ing Pekalongan
Omah Adat Joglo
Seni wewangunan saka Jawa Tengah pancen nduweni daya tarik dewe. Maneka modhel wewangunan sing beda-beda disuguhake dening saben dhaerah sing ana ing Tanah Jawa. Omah Joglo kalebu salah sijine Omah adat sing ana ing Tanah Jawa. Perangan ngarep dhewe ing jenis omah iki diarani pendhapa. Fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki tanpa ngemu teges yaiku aweh pralambang luhure pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kakadangan. Ruwangan ing saburine diarani pringgitan, kalebu papan umum kang fungsine kanggo pagelaran wayang. Dalem Agung minangka ruwangan kanggo kulawarga, mula awujud tinutup kang nudhuhake urusan kulawarga iku dirembug kanthi bebarengan lan ora kudu wong liya ngrti urusaning kulawarga. Perangan mburi dhewe diarani gandhok, fungsine kanggo masak, dhahar lan kamar kanggo adus, mula dumunung tinutup ana ing mburi.
Salah sijine perangan omah adat Jawa kang ngemu ancas yen manungsa iku duwe kuwajiban nguri-uri budaya yaiku……
pendhapa
pringgitan
dalem agung
krobongan
gandhok
Gatekna tugelan crita Bima Bungkus ngisor iki!
.... 8 tahun suwine Bima ana ing sajroning bungkus, ora kinira kayangapa galihing Dewi kunti saha Prabu Pandhu dewanata. Ora ana sawijining gaman apa wae kang bisa mecah bungkus. Kurawa melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakaken Sibungkus.
Wataking Kurawa kang digambarake saka tugelan crita kasebut yaiku…..
licik
blakasuta
tresna asih marang liyan
seneng mbiyantu sedulur kang nandhang susah
sabar
Gatekna tembang sinom ing ngisor iki!
Nuladha laku utama
Tumprape wong tanah Jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Pitutur luhur ana ing tembang kasebut yaiku supaya kitha bisa nuladha tumindak becik saking Panembahan Senopati kejaba……
bisa nahan hawa lan napsu
ngibadah kang tekun
gawe tentreming ati marang liyan
amemangun karya amrih ngayuh kakuasaan
ngupaya kanthi temen
Gatekna tembang sinom ing ngisor iki!
Nuladha laku utama
Tumprape wong tanah Jawi
Wong agung ing ngeksiganda
Panembahan senopati
Kepati amarsudi
Sudane hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Pitutur luhur ana ing tembang kasebut yaiku supaya kitha bisa nuladha tumindak becik saking Panembahan Senopati kejaba……
bisa nahan hawa lan napsu
ngibadah kang tekun
gawe tentreming ati marang liyan
amemangun karya amrih ngayuh kakuasaan
ngupaya kanthi temen
Gambar tata cara upacara adat Jawa mantu, nalika penganten kakung ngesok kabeh bulu bekti bumi yaiku ...
Siraman
Midodaren
Kacar kucur
Sungkeman
Upacara wiji dadi
