wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Materi legendary Bs Jawa kls 8

Total questions: 21

Worksheet time: 11mins

Name
Class
Date
1.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

2.

Wong sing diajak wawancara priyayine luwih tuwa,basa sing digunakake yaiku...

a)

Basa ngoko lugu

b)

Basa krama lugu

c)

Basa ngoko alus

d)

Basa krama alus

3.

Ing ngisor iki sing kudu di siyapake sadurunge nindakake wawancara, kajaba ..

a)

Nemtokake narasumber

b)

Nemtokake tema

c)

Nemtokake biaya

d)

Nemtokake tujuwan

4.

"Ana perlu apa kok sajak wigati banget" Tembung wigati tegese ...

a)

Temenan

b)

Gumun

c)

Pengin

d)

Penting

5.

Wong kang asring nganggo basa rinengga ing pagelaran wayang kulit , yaiku ...

a)

Dhalang

b)

Pambyawara

c)

Pamedhar sabda

d)

Pranatacara

6.

Kegiatan dialog antarane narasumber karo pewawancara kang tujuwane golek pawarta diarani ...

a)

Diskusi

b)

Komperensii

c)

Wawanrembug

d)

Seminar

7.

Adit tumbas roti menawi ibu ....rasukan

a)

Mundhut

b)

Dhahar

c)

Nedha

d)

Tuku

8.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

9.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

10.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

11.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Tembung "kawentar" tegese....

a)

Punggawa

b)

Dikepung

c)

Terkenal

d)

Dijenengi

12.

Gagasan utawa pikiran kang dadi dasare carita diarani....

a)

Tema

b)

Alur

c)

Setting/ Latar

d)

Penokohan

13.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Sapa kang diarani punggawa Kadipaten?

a)

Ki Joyodrono

b)

Raden Alim

c)

Ki Gabul

d)

Ki Jiwonolo

14.

crita rakyat nduweni jinis kang kaperang dadi 5, salah sijine legendha. tegese legendha yaiku........

a)

dongeng kang gegayutan karo dumadine alam utawa sawijining bab kang critane mung digathuk-gathukake.

b)

dongeng kang dadi paragane lakon arupa kewan, kang adat tata carane kaya manungsa.

c)

dongeng kang awewaton sejarah, nanging akeh wuwuhe.

d)

dongeng kang sarwa aneh, ora kalebu nalar.

15.

setting panggonan saka teks ing dhuwur yaiku...

a)

kantor polisi

b)

ing latar

c)

ing njero omah

d)

ing dalan

16.

crita lisan kang asale saka rakyat lan ngrembaka ing masyarakat diarani.....

a)

cerkak

b)

crita rakyat

c)

legendha

d)

dongeng

17.

pancen awrat jejibahan menika, nanging tetep badhe kula sandhang kanthi suka rena. dasanamane tembung jejibahan yaiku......

a)

tugas

b)

pilihan

c)

panggawean

d)

kerja

18.

Ing ngisor iki kalebu unsur intrinsik kajaba

a)

Tema

b)

Alur

c)

Opini

d)

Setting

19.

Crita kang isine nyritakake babagan Kiwanis, diarani...

a)

Legenda

b)

Fabel

c)

Mite

d)

Sage

20.

Sasampunipun ngrahapi menapa ingkang sampun sumadya, kasuwun para tamu tumuju papan pirepatan awit tata upacara badhe kalajengaken. Basa kang digunakake yaiku ...

a)

krama desa

b)

Krama alus

c)

Ngoko lugu

d)

Ngoko alus

e)

Krama lugu

21.

Pak dhokter mau dhawuh karo Simbah, menawa bubar ngunjuk obat diaturi sare. Basa kang digunakake yaiku …

a)

ngoko alus

b)

ngoko lugu

c)

krama alus

d)

krama lugu

e)

kramantara