NEW
Font size
WorksheetsTugas ke-2 Kelas IX
Total questions: 40
Worksheet time: 20mins
Wacanen teks tanggapan dheskriptif iki kang patitis!
JEMBATAN SURABAYA
Jembatan Surabaya yaiku salah siji ikon wisata anyar kanggo warga Kutha Surabaya. Jembatan iki manggon ing dhaerah Kenjeran lan Bulak. Jembatan Surabaya dawane kurang luwih 800 meter kathi amba 18 meter, lan dhuwure 12 meter. Jembatan iki dibangun wiwit wulan Januari 2015 lan diresmekake dening Walikota Surabaya, Ibu Tri Rismaharini ing tanggal 9 Juli 2016. Dibangune jembatan iki nduweni pengarep-arep supaya bisa majokake indhustri pariwisata Kutha Surabaya, sing mligine dhaerah Kenjeran lan Bulak. …….
Jembatan Surabaya kalebu ikon Kutha Surabaya sing manggon ing …
Kenjeran lan Suramadu
Bulak lan Mulyosari
Mulyosari lan Sutorejo
Kenjeran lan Bulak
Adhedhasar teks ing ndhuwur, ukara sing kalebu perangan idhentifikasi, yaiku …
Ing Pesisir Sendang Biru wis sumadya kabeh fasilitas, ing antarane yaiku panginepan,
guess house, omah jaga, lan prau sewan.
Para wisatawan yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nggunakake kendharaan pribadhi utawa umum.
Sendang Biru yaiku salah siji pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, kalebu Kecamatan Sumbermanjing.
Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas sing bisa nyengkuyung kagiyatan pariwisata.
Nadiem Makarim
Nadiem Anwar Makarim, BA, MBA. Miyos ing Singapura, 4 Juli 1984 yuswa 35 taun minangka pengusaha Indonesia sing saiki dadi Menteri Pendhidhikan lan Budaya Indonesia ing pamréntahan Presidèn Kabinèt Joko Widodo-KH Mar'uf Amin, sing diresmiaké ing 23 Oktober 2019. Panjenengane miyasa Go-Jek, perusahaan transportasi kanthi layanan online lan panyedhiya layanan sing wiwit kalampah ing Indonesia lan sawetara nagara-nagara Asia Tenggara kayata Singapura, Vietnam lan Thailand. Nadiem Anwar Makarim minangka putra saka Nono Anwar Makarim lan Atika Algadri.
Nadiem ngangsu kawruh pendhidhikan dhasar nganti SMA pindah saka Jakarta menyang Singapura. Sawisé ngrampungaké pendhidhikan sekolah tinggi ing Singapura, ing taun 2002 panjenengane jupuk Hubungan Internasional ing Universitas Brown, Amerika Serikat. Nadiem naté mèlu ijol-ijolan siswa ing London School of Economics. Sawisé éntuk gelar sarjana ing taun 2006, telung taun sabanjuré panjenengane jupuk pasca-sarjana lan éntuk gelar sarjana pasca lulusan saèngga entuk tandha Master of Business Administration ing Harvard Business School.
Sawise dadi mentri pendhidhikan Nadiem Makarim ngusung kebijakan kanga aran “Merdeka Belajar” kanggo majukake pendhidhikan ing Indonesia.
Saka wacan kasebut bapak Nadiem Makarim pikantuk gelar Master of Business Administration nalika ngangsu kawruh ing …
Universitas Brown Amerika Serikat
London School of Economics
Harvard Business School
Singapura
KARNA TANDHING
Arjuna, elingan iki dudu perkara sedulur apa dudu sedulur. Perang Baratayudha iki wujud perang anatar bebener lan kamurkan, perang belani hak lan nyagahi kewajiban, belani
jejeging nagara, wis samesthine ora ana tidha-tidha, nglabuhi nagara nganti pecahing dhadha wutahing ludira minangka dharmaning satriya sejati. Karna senadyan sedulur tuwa sing kebeneran dadi mungsuhmu, ing perang Baratayudha iki uga netepi dharmaning satriya, males budi marang pawongan lan nagara sing sasuwene iki wis menehi kamulyan uripe.
Karna uga duwe rasa sliramu, ananging ngemban jejibahan lan males budi luwih wigati. Coba yen sliramu ora enggal maju apa ora muspra anggone para raja wadyabala Pandhawa lan
putra Pandhawa sing wis ngorbanake jiwa ragane. Saiki rungokake ing sabrang palagan wadyabala Kurawa dipandhegani Adipati Karna, sora swarane ambata rubuh anantang sliramu. Wis aja was sumelang aku sumadiya dadi kusir kreta perangmu.” Pangandhikane Prabu Kresna mau nunjem atine Arjuna, kaya kaslenthik jiwane. Netra cumlorot kebak panginggit-inggit pasuryane abang semburat mendhem kanepson.
Miturut wacan, ingkang dadi dharmaning satrya sejati yaiku …
Nglabuhi nagara nganti pecahing dhadha wutahing ludira
Belani jejeging negara marang pawongan kang wis paring kasugihan
Sora swara ambata rubuh bisa anantang wadyabala mungsuh ing palagan
Ngemban jejibahan lan males budi marang pawongan kang paring kasugihan
Wacanen tembang iki kanthi permati!
KUNCUNG
(Anggitane Ranto Edi Gudel/Dipopulerake dening Didi Kempot)
cilikanku rambutku dicukur kuncung
kathokku saka karung gandum
klambiku warisane mbah kakung
sarapanku sambel korek sega jagung
kosokan watu neng kali nyemplung ing kedhung
jaman dhisik durung usum sabun …,
(pabrike rung dibangun)
andhukku mung cukup andhuk sarung
dolananku montor cilik saka lempung
bis holopis kuntul baris
rekasane saiki wis
bis holopis kuntul baris
gegere gek mbok ndang uwis
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
aku dikudang suk yen gedhe dadi dhokter
tanggal limalas padhang njingglang bulane bunder (seser)
bareng wis gedhe aku disuntik bu dhokter
ha na ca ra ka
iki crita jaman semana
da ta sa wa la
iki crita saka wong tuwa
(kirtya basa kelas VII kaca 56
Tembang kasebut dianggit dening …
Ki Narto Sabda
Ranto Edi Gudel
Didi Kempot
Manthous
Underane crita (tema) tembang ing ndhuwur yaiku ....
pendhidhikan
kaendahan
pejuwangan
katresnan
Wacananen kanthi premati!
SEGARA ARU
dening: Hisyam Z
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru
Seksi lugu
Seksi bisu
Satuhu baku
Geguritan ing ndhuwur ngrembug ngenani. . . .
perjuangan Yos Sudarso
amanat Trikora
saksi bisu segara aru
paprangan irian
Wengi Iki
(Dening : Sudiyahartana)
Wengi iki wengi kang wengis akeh wong kang padha nangis dudu merga tatune mimis nanging merga klambi kang tipis
wengi iki wengi kang wengis
akeh wong bakul kang padha nangis dudu merga ora laris
nanging merga ati kang tipis wengi iki wengi kang gerah
akeh kawula kang nandhang susah dudu merga ragat bocah sekolah
nanging merga pejabat kang ora nggenah
Geguritan ing ndhuwur ngrembug ngenani..........
Pamarentah kang ora nggenah
Wengi kang wengis
Ragad bocah sekolah
Bakul padha nangis
ukara kasebut yen ditulis latin yaiku …
Aku lunga menyang pasar
Aku tuku buku anyar
Ayah teka pasar
Aku menyang manyar
Sandhangan swara sing digunakake sajrone ukara mawa aksara Jawa legena kasebut, yaiku ….
suku, taling, suku, suku, pepet, lan taring tarung
wulu, taling, wulu, wulu, pepet, lan taring tarung
suku, taling, suku, suku, taling, lan taring tarung
wulu, taling, wulu, wulu, taling, lan taring tarung
Lewat pasar sapi.
Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku …
Legenda Rawa Pening
Ing Kabupaten Semarang, Kecamatan Ambarawa ana dhusun kang arane Dhusun Ngasem. Ing dhusun kuwi, kacarita ana padhepokan kang kondhang, gurune aran Ki Hajar Salokantara. Panjenengane kuwi kagungan watak wicaksana marang muride. Murid wadon kang ayu lan tansah bekti, arane Ni Endhang Ariwulan.
Ing salah sawijine dina, Ni Endhang goleki lading kang biasa kanggo nyigar sesajen ing wayah wengi. Kanthi kapeksa, Ni Endhang ngampil dhateng Ki Hajar. Panjenenganipun ngampili nanging kanthi wanti-wanti “kudu ngati-ngati lan aja pisan-pisan nyelehake lading aneng pangkon.” Ni Endhang ngrasa lali, lading diselehake aneng pangkon lan dumadakan lading Ki Hajar ilang moksa. Sanalika Ni Endhang tumuju dhateng Ki Hajar kanggo nyuwun apuranta kang guru, Ki Hajar Salokantara. Midhanget bab kuwi, Ki Hajar tapa brata ing Redi Telamaya
lan maringi piranti awujud klinthingan utawa gentha kang bisa migunani kanggo gawe jabang bayi.
Ora let suwe, si jabang lair, arane Baru Klinthing. Polahe kaya bayi liyane, mung wujude naga. Sanadyan awujud naga, tetep diopeni kanthi dhiwasa dening Ni Endhang Ariwulan. Nalika wis dhiwasa, Baru Klinthing nyuwun pirsa marang biyunge sapa ramane. Ni Endhang uga paring pirsa yen ramane kuwi Ki Hajar Salokantara, isih semedi aneng Redi Telamaya. Langsung
wae, Baru Klinthing nyusul kanthi nggawa piranti kang diparingake Ni Endhang, awujud
Klinthingan. Ni Endhang isih rumangsa durung lila, panjenengane ngetutake ing burine si Baru Klinthing sanadyan saka kadohan.
Baru Klinthing wis teka aneng Redi Telamaya, banjur manthuk-manthuk pratandha ngurmati Ki Hajar Salokantara. Baru Klinthing nyuwun pirsa bab asal-usule Ki Hajar Salokantara, sawise mangerteni Baru Klinthing rumangsa bungah atine. Kanthi rasa bungah, Baru Klinthing paring
pirsa yen dheweke putrane Ki Hajar, lan ngaturake sembah sungkem pratandha pangabekti marang ramane. Dene, Ki Hajar gumun lan paring ujian marang Baru Klinthing yen dheweke bener lan pener putrane Ki Hajar. Ujiane kuwi laku tarak brata kanthi cara mlungkeri gunung Kendhil, nanging buntut lan sirahe ora tempuk, mung kurang sakilan.
Miturut cerita rakyat ing dhuwur, paragraph kaping loro kalebu struktur dinamis bagean …
Eksposisi
Klimaks
Resolusi
Koda
Wacanen punggelan cerkak iki kanthi premati!
Sore iku Dea ngrewangi resik-resik omah. Ibune nggatekake anake sing kelas 8 SMP iku kerep meneng sajak nglamun. Saka sorot mripate katon yen anake kuwi lagi duwe masalah. Mula sabanjure nyirami kembang ana ngarep omah ibune ngajak Dea lungguhan ana kursi saedhake taman.
Setting panggonan sajroning punggelan cerkak mau yaiku ing....
Sekolah
Taman Omah
Kamar
Pawon
Pepeling kang bisa kajupuk saka cuplikan teks crita cekak ing ndhuwur, yaiku ...
Aja kerep mbatalake penggaweyan sing wis diolehi!
Kudu ngutamakake kepentingan wong akeh.
Aja seneng blenjani prajanjen marang wong liya!
Dadi wong iku kudu sing sabar lan ora neson.
“Rawe-rawe rantas,
malang-malang putung.”
Ukara basa rinengga kasebut kalebu ....
saloka
paribasan
kerata basa
tembung entar
Bu Suharti saben tindak Semarang mesthi mundhut oleh-oleh khas Semarang, kayata Lunpia, bandeng presto, lan tahu bakso. Ananging mundhutipun mung sabungkus-bungkus, kamangka putranipun wonten kalih, Mariana lan Mariani. Mariana, putra ingkang mbajeng menika sregep tur pinter dhewe tinimbang Mariani, mula jajanan kuwi mung kanggo Mariana.
Saloka kang jumbuh lan trep karo kahanan ing dhuwur yaiku ….
Ora ana banyu mili mendhuwur
Emban cindhe emban siladan
Emprit abuntut bedhug
Kebo nusu gudhel
Wacanen teks wawancara iki kanthi permati!
OLAHAN BANDENG
Tata : Kulanuwun,
Bu. Bu Suci : Oh, nggih mangga pinarak. Ana perlu apa, Mbak?
Tata : Punika kula kaliyan kanca kula kepengin mangertosi kadospundi caranipun ngolah bandeng lan kadospundi caranipun panjenengan masaraken prodhuk olahan bandeng punika.
Bu Suci : Oh, iya-iya
Lintang : Punapa naminipun prodhuk olahan bandeng ingkang panjenengan prodhuksi punika, Bu?
Bu Suci : Akeh, Mbak. Prodhuk olahan bandeng ing kene, kayata; bandeng presto, othak-othak bandeng, bandeng cabut duri, abon bandeng, lan sapanunggalane.
Lintang : Menawi ingkang kondhang utawi ingkang laris punika prodhuk ingkang pundi, Bu?
Bu Suci : Sing paling laris lan sing asring digoleki pelanggan, yaiku othak-othak bandeng.
……………
(kirtya basa kelas VIII kaca 48)
Adhedhasar cuplikan wawancara kasebut weneh informasi ngenani …
Olahan bandeng
Jinis-jinis olahan bandeng
Meguru dadi pengusaha bandeng
Dadi wong sarwa bisa
Unggah-ungguh basa sing digunakake dening Mei nalika cecaturan karo Pak Dirin, yaiku ....
ngoko lugu
krama alus
ngoko alus
krama lugu
Saka layang ing dhuwur angka (1) nuduhake...
Papan lan titi mangsa
Asma Terang
Purwaka basa
Peprenah
Miturut perangan Layang ing dhuwur, kode F kalebu perangan …
Adangiyah
Wasana Basa
Surasa Basa
Purwaka basa
Layang kasebut tuladha layang …
Layang lelayu
Layang dhawuh
Layang ulem
Layang pribadi
Isi layang lelayu sing trep karo wacan layang ing ndhuwur, yaiku ...
Pawarta ngenani kapan seda lan ing ngendi swargi Bapak Iksan disarekake.
Swargi Bapak Iksan sedane Dina Senen, tanggal 22 Oktober 2018 ing Surabaya.
Kulawarga swargi Bapak Iksan maringi pawarta marang Bulik Tun ing desa.
Dina Minggu, tanggal 21 Oktober 2018, swargi Bapak Iksan disarekake ing Rangkah.
Gatekna tembang macapat iki!
Ana pocapanipun,Adiguna adigang adigung,
Pan adigang kidang adigung pan esthi, Adiguna ula iku,
Telu pisan mati sampyoh.
Guru lagu saka tembang ing dhuwur yaiku....
Pun,gung,thi,ku,pyoh
Un,ng,hi,ku,oh
U,u,i,u,o
N,ng,i,u,h
Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa samya anuladha
Duk ing Nguni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran Patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purun ingkang den antepi
Nuhon trah utama
Miturut cakepan tembang ing dhuwur, guru wilangan yaiku...
10, 10, 8, 8, 9, 7, 6, 8, 12, 6
10, 10, 8, 7, 8, 7, 6, 8, 12, 6
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 6
10, 10, 8, 7, 9, 8, 6, 8, 12, 6
Gatekna kanthi permati!
Pucung
Bapak pucung amung sira lawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana
Guru gatrane yaiku …
4 gatra
5 gatra
6 gatra
7 gatra
Arane negara mawa aksara Murda ing ndhuwur yen ditulis mawa aksara Latin unine ....
Palestina
Portugal
Pakistan
Polandia
Tembung aksara Swara ing ndhuwur yen katulis aksara Latin kang bener yaiku...
Ustad Usman
Ustad Mikail
Ustad Ismail
Ustad Emil
Ukara ing dhuwur yèn kasêrat ing aksara Jawa kang bênêr lan pênêr, yaiku ...
Reganè sêga bèbèk 12.000 èwu
Reganè sêga bèbèk 13.000 èwu
Reganè sêga bèbèk 23.000 èwu
Reganè sêga bèbèk 32.000 èwu
Gatekna teks iki kanthi permati!
Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane
awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug.
Uwuh organik bisa dioalah lan dimanfaatake maneh dadi …
Watu akik
Lemah urug
Di dol maneh
Kanggo fosil
Dudutan sing bisa dijupuk saka teks lapuran asil observasi ing ndhuwur, yaiku …
Uwuh ana sing bisa lan ora didhaur ulang, didadekake kompos, lan barang dadi/barang kerajinan.
Uwuh yen direkayasa bisa migunani lan nduweni nilai tambah.
Uwuh nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.
Uwuh nganti kapan wae ora bisa migunani lan nduweni biji tambah.
Gatekna pethikan sandhiwara ing ngisor iki!
“Andhe-andhe Lumut”
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja. wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe kacekapan. pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang badhe nglajengake tahta kerajaan.
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wana. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi penggalaman gesang. saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bab 1:
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wana ingkang rimbun. ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun .
Pangeran : Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
Bejo : Pangeran…. Pangeran…. Panjenengan wonten pundi pangeran?….
Pangeran : aduh… kowe kui ati-atio….
Bejo : hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran enten wingking kula…
Teks sandhiwara ing dhuwur nganggo alur....
maju
mundhur
campuran
flashback
Nalika para Nawang padha dolanan banyu sinambi guyonan aneng sendhang Sumowono. dumadakan ana pawongan isih mudha lumaku cedhak kono banjur ndhingkik (ngintip) aneng mburi watu gedhe. Pawongan kuwi ngintip para Nawang sing lagi adus.
Jaka Tarub : “Wah,sapa kuwi? Ya Allah, ayu-ayu tenan rupane.”
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah siji slendhange para Nawang supaya bisa tetepungan karo salah sijine utawa para widadari.
Jaka Tarub : “Wah...slendhang endi sing arep dakjupuk? Iki wae wis!”
Rada sauntara, para Nawang banjur padha mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhange dhewe-dhewe.
Nawangsari : “Ayo adhi-adhiku, enggal mentas. Mengko selak kewengen anggone bali menyang kahyangan.”
Permoni : “Inggih, mbakyu…”
Nalika sedaya widadari wus mentas anggone siram, dumadakan Nawangwulan kebingungan anggone goleki slendhange.
Nawangwulan : “Mbakyu, slendhangku kok boten wonten nggih.. kados pundi menika?”
Wangsari : “Lho, adhiku Nawangwulan… Mbok deleh aneng ngendi mau kok ora ana?”
Nawangwulan : “Nggih aneng ngriki, cakete slendhange mbakyu Permoni”.
Miturut prethelan teks drama tradhisional, setting/latar kang jumbuh karo kahanan yaiku …
Buri watu kali
Kahyangan
Sendhang kahyangan
Sendhang Sumowono
Gatekna pacelathon iki kanthi permati!
Antok : Lha ya… makane kuwi aku mrene. Aku pengin ngajak kancakanca dolanan PS anyar ing omahku.
Rudi : Wis gak usah suwe-suwe… Ayo budhal saiki! Padha mlaku, lagi oleh rong jangkah Antok muring-muring.
Antok : Heh enake… Sapa sing arep ngajak kowe, Rud?
Rudi ndhingkluk, isin tur lara ati.
Tomo : Lha kok ngono ta, Tok? Rudi kan ya kancane dhewe?
Antok : Heh.. iya, tapi bocah kaya Rudi ora pantes disilihi PS3. Salahe dhewe ulangan ora gelem muruki. Menawa pengin ya ben tuku dhewe, paling ya ora kuwat.. ha… ha…
Pacelathon iki nyritakake bocah-bocah kang arep dolanan. Dene Atok watake yaiku …
Nyenengake
Semanak
Lucu
Gumedhe
Unggah-ungguh basa sing digunakake dening Sudra marang Mbah Surantani nalika cecaturan sajrone drama modhern ing ndhuwur, yaiku ....
krama lugu
krama alus
ngoko lugu
ngoko alus
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak Jayadi ingkang kula hormati
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kita aturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi rahmatipun sehingga kita sedaya saged kempal wonten ruangan menika mengeti dinten pendhidhikan nasional ingkang mboten wonten alangan setunggal menapa
Pangetan dinten pendhidhikan nasional sanget tumrap kula panjenengan sadaya. K.H Dewantara, pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa pendhidhikan wonten negara indonesia.ing pengetan dinten pendhidhikan punika sumangga kita sedaya tansah eling marang jasanipun bapak pendhidhikan nasional yaiku bapak kh. deawantara, amargi jasa-jasa nipun kita sedaya saged lumampah lan sekolah, mugi-mugi pendhidhikan wonten negara kita tansah maju,lan saged tumindak becik amargi pendhidhikan ingkang sae.
Sesorah ing dhuwur iku mujudake sesorah ing adicara....
Pengetan Dina Kartini
Pengetan Dina pendhidhikan
Pengetan Sumpah pemudha
Perpisahan Siswa-Siswi kelas 9
…Bapak Pangarsa Pawiyatan SMP Negeri Nemlikur ingkang kinurmatan, Bapa Ibu Dwija
ingkang satuhu luhuring budi, dalah kanca – kanca kelas pitu, wolu, lan sanga kang tansah cinaked ing manah, …
Terusaning teks ing dhuwur kang trep lan lumrah kanggo nggenepi perangan purwaka basa, yaiku …
Mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami
Sakedhap malih kula sakanca badhe nilaraken pawiyatan pramila kula sakanca nyuwun lumunturing samodra pangaksami
Cekap semanten atur saking kula. Kupat duduhe santen, wonten kalepatan nyuwun pangapunten
Puji syukur tansah katur dhumateng Ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Gatekna teks iki kanthi permati!
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu guru ingkang satuhu kula bekteni, adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat sarta hidayah dhumateng kita sadaya, saengga ing wekdal punika saged kempal manunggal kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Miturut struktur pidhtao, perangan kasebut diarani …
Isi
Pangarep-arep
Purwaka
Salam pambuka
Dudutan sing bisa dijupuk saka teks pidhato ing ndhuwur, yaiku …
Sesulih klas 9 nyapa para tamu sing wis teka ing adicara pepisahan kasebut.
Sesulih klas 9 nyuwun pangestu lan donga, muga sakabehe gegayuhane bisa kasembadan.
Sesulih klas 9 ngaturake puji syukur marang Allah SWT sing wis paring rahmat lan hidayah.
Sesulih klas 9 nyuwun pangapura marang para tamu sing wis teka ing adicara pepisahan kasebut.
Gatekna ukara iki!
(1) Kagiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 10 nganti 13 Mei 2020.
(2) Adhedhasar asil rapat karo walimurid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil.
(3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kelaksanan kanthi lancar.
(4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya parasiswa bisa nglumpukake data tinggalan sejarah.
Ukara kang trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kagiyatan yaiku ing ukara nomer....
(1), (2)
(2), (4)
(3), (4)
(1), (3)
SMP Tunas Bangsa saben taun duwe acara rutin kanggo para siswa, yaiku karya wisata.
Karya wisata mung mligi kanggo para siswa kelas para siswa kelas 9. Miturut dhawuhe Bapak Rasyidin minangka Kepala SMP Tunas Bangsa, para siswa ora mung sinau ing jero kelas
wae. Kanggo nambahi jembare wawasan tumrap bab-bab sing wis disinaoni ing kelas para siswa perlu sinau ing laboratorium alam.
Laboratorium alam sawijining panggonan kang cocog kanggo buktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa. Kanthi mangkono para siswa ora mung ngangen-angen wae, nanging weruh lan ngerti tuladha sing nyata. Lelandhesan kasebut sekolah ngajak marang para siswa karya wisata menyang Yogyakarta.
Miturut prethelan wacan ing dhuwur, dudutan utawa simpulan yaiku …
SMP Tunas Bangsa saben taun nganakake karya wisata social ing Yogyakarta
SMP Tunas Bangsa saben taun nganakake karya wisata alam bareng Bapak Rasyidin minangka Kepala Sekolah
Laboratorium SMP Tunas Bangsa cocog kanggo buktekake apa-apa sing wis tau disinaoni dening para siswa kelas 9
SMP Tunas Bangsa saben taun nganakake karya wisata kelas 9 menyang Yogyakarta, kanthi tujuan buktekake apa sing wis tau disinaoni dening para siswa
