NEW
Font size
WorksheetsPENILAIAN AKHIR SEMESTER GENAP JAWA KELAS 9 TP 2019/2020
Total questions: 40
Worksheet time: 40mins
Serat Wulangreh
Awake dhewe minangka warga Indonesia, mligine tumrape wong Jawa kudu tansah nguri-uri warisan para leluhur supaya ora didaku lan digateni dening bangsa manca. Warisan mau wujude maneka warna ana kang awujud basa, kabudayan utawa kasusastran.
Serat Wulangreh kalebu salah sawijining kasusastran kanga di luhung, mula saka kuwi awake dhewe kudu gelem ngleluri kanthi cara nyinau isine surat Wulamhreh. Serat Wulangreh kuwi salah sawijining kasusastran kang awujud tembang macapat reriptane Sri Susuhunan Pakubuwana IV, nata ing Surakarta. Panjenengane miyos tanggal ping 2 September 1768, lan kawisuda jumeneng nata wiwit 29 Nopember 1788 nganti surud ing kasedan jati rikala tanggal ping 1 Oktober 1820.
Serat Wulangreh ngemu pitutur luhur tumrap sapa wae kang kepingin tumuju urip kang salaras lan sampurna, isine ngemu bab cara ngendhaleni hawa nepsu amrih aja gumedhe utawa umuk, aja seneng nyacad, maido lan nyalahake wong liya. Manawa masyarakat wis gelem nglakoni piwulang kang kapacak ing Serat Wulangreh prasasat masyarakat mau uripe bakal salaras sampurna lan tindak-tanduke bakal tansah ngenggoni wewaton utawa angger-angger ing bebrayan agung. Piwulang ing Serat Wulangreh iki, kedadeyan saka 13 pupuh arupa tembang macapat kang cacahe ana 11 lan tembang tengahan 2 yaiku Girisa lan Wirangrong.
(Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX Semester 2 2019/2020)
Serat Wulangreh iku dianggit dening….
Paku Buwana II
Mangkunegara II
Paku Buwana IV
Hamengku Buwana IV
Serat Wulangreh
Awake dhewe minangka warga Indonesia, mligine tumrape wong Jawa kudu tansah nguri-uri warisan para leluhur supaya ora didaku lan digateni dening bangsa manca. Warisan mau wujude maneka warna ana kang awujud basa, kabudayan utawa kasusastran.
Serat Wulangreh kalebu salah sawijining kasusastran kanga di luhung, mula saka kuwi awake dhewe kudu gelem ngleluri kanthi cara nyinau isine surat Wulamhreh. Serat Wulangreh kuwi salah sawijining kasusastran kang awujud tembang macapat reriptane Sri Susuhunan Pakubuwana IV, nata ing Surakarta. Panjenengane miyos tanggal ping 2 September 1768, lan kawisuda jumeneng nata wiwit 29 Nopember 1788 nganti surud ing kasedan jati rikala tanggal ping 1 Oktober 1820.
Serat Wulangreh ngemu pitutur luhur tumrap sapa wae kang kepingin tumuju urip kang salaras lan sampurna, isine ngemu bab cara ngendhaleni hawa nepsu amrih aja gumedhe utawa umuk, aja seneng nyacad, maido lan nyalahake wong liya. Manawa masyarakat wis gelem nglakoni piwulang kang kapacak ing Serat Wulangreh prasasat masyarakat mau uripe bakal salaras sampurna lan tindak-tanduke bakal tansah ngenggoni wewaton utawa angger-angger ing bebrayan agung. Piwulang ing Serat Wulangreh iki, kedadeyan saka 13 pupuh arupa tembang macapat kang cacahe ana 11 lan tembang tengahan 2 yaiku Girisa lan Wirangrong.
(Nguri-uri Basa Jawi Kelas IX
Wewarah kang katulis ana ing Serat Wulangreh iku gunane kanggo menehi panuntun marang
ratu
para putra ratu
masyarakat
prajurit
Tembang macapat wujude ana 11. Ing ngisor iki pilihen sing ora kalebu tembang macapat! Girisa
Girisa
pangkur
durma
Kinanthi
Susuhunan Pakubuwana IV iku nalika semana raja ana ing ngendi?
Ngayogyakarta
Surakarta
Mataram
Majapahit
Serat Wulangreh iku isine ngemu bab cara ngendhaleni hawa nepsu supaya aja umuk. Tembung umuk tegese padha karo ….
gumedhe
sopan santun
tat krama
sembrono
Serat Wulangreh kalebu salah sawijining kasusastran kang di luhung, mula saka kuwi awake dhewe kudu gelem ngleluri kanthi cara nyinau isine surat Wulanghreh. Tegese ngleluri yaiku…
ora ngati-ati mulane cepet ilang
njaga awak supaya kulite tetep alus
maca isine buku nganti tamat
njaga supaya tetep ana ora ilang
Pakubuwana IV kawisuda jumeneng nata wiwit 29 Nopember 1788 nganti surud ing kasedan jati rikala tanggal ping 1 Oktober 1820. Tembung-tembung ing ngisor iki tegese sing oara pada karo surut ing kasedan jati yaiku….
urip
mati
seda
tilar donya
Piwelinge Ibu
ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendhang kagubel kalung
ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kecekel anggonku mbujung.
Pethilan karangan kasebut ing ndhuwur minangka salah sawijining karya sastra sing awujud….
tembang
dongeng
geguritan
lagu dolanan
Piwelinge Ibu
ngger, diati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendhang kagubel kalung
ngger, aku tansah ndonga lan ngidung
supaya kecekel anggonku mbujung.
Tembung ngger kuwi minangka tembung sesulih kanggo ngundang….
bocah cilik
wong tuwo
ibu-ibu
sedulur tunggal omah
tanpa ngelmu kaya mlaku ing tengah wengi
tanpa kawruh kaya kesasar ing tengahing wana
ngelmu lan kawruh minangka sikil tumuju gegayuhan
buku lan ngelmu pindha tlapukan lan mata
kanthi melek isining donya katon cetha
urip tanpa ngelmu bebasan raga tanpa daya
Miturut geguritan ing ndhuwur kuwi wong sing ora duwe kawruh dipadhakake wong mlaku kesasar ana ing….
tengahing wengi
wana nalika tengah wengi
tengahing alas
tengahing dalan
ngger ngati-ati aja seneng nyenyandhung
arum endah kembang bakung
kesrimpung slendhang
kagubel kalung
Pethikan geguritang ing dhuwur kuwi karepe apa?
aja kepengin tuku kembangan slendhang lan kalung kang larang regane
aja sembrana lan kagodha karo wong wadon
aja nganti kesandhung kembang, kesrimpung slendhang lan kagubel kalung
aja gampang kepengin gebyaring donya
….
macaa kaya sira luru boga
merga kawruh minangka pangane jiwa
….
Tembung boga tegese….
sandhang
pangan
omah
pegawean
Menawa maca geguritan surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, upamane susah, seneng, wibawa getun lan nesu. Bab carane maca geguritan mangkono iku diarani….
wirama
wirasa
wiraga
wicara
Obahing awak yaiku aja kaku, luwes wae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mbangun swasana pasemon praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget. Carane maca geguritan mangkono iku diarani….
wirama
wirasa
wiraga
wicara
Ukara ing ngisor iki pilihen sing ngemu katrangan wektu!
Anggonku nonton wayang nganti sawengi natas.
Darsono kae durung isoh maca lancer.
Bapakne kagungan swah ambane rong hektar.
Lakune tanpa leren, sikile nganto theyol.
Ukara lamba yaiku ukara kang genep jejer lan wasesane. Tuladhane ukara lamba kaya ing ngisor iki.
Pak Karta ing sawah.
Sunarya tuku gula.
Lagi lara mules
Hawane panas banget
Ukara ing ngisor iki pilihen sing klebu ukara lamba tanpa lesan!
Fahri lagi makani pitik.
Suratmi mangkat sekolah.
Sawahe sing jembar lagi ditanduri pari.
Bocahe turu kawit jam pitu.
. Pathokane tembang macapat iku ana 3 yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan dene cacahing larik ing saben pada tembang macapat diarani….
guru lagu
guru swara
guru wilangan
guru gatra
dipunsami ambanting badan ira
nyuda dhahar lan guling
Pethilan tembang ing dhuwur kuwi guru lagune sing larikan kapisan yaiku….
11
a
2
badan ira
. ing pangrawuh lahir batin aja mamang
yen sira wus udani
mring sariranira
lamun ana kang murba
masesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryan ugi
Tembang kasebut ing dhuwur guru gatrane pira?
6
7
7i
i
. ing pangrawuh lahir batin aja mamang
yen sira wus udani
mring sariranira
lamun ana kang murba
masesa ing alam kabir
dadi sabarang
pakaryan ugi
. Guru wilangan lan guru lagune tembang kasebut ing dhuwur larikan papat yaiku….
7
a
8
7a
Ing pangrawuh lahir batin aja mamang. Tembung mamang tegese….
ragu-ragu
jujur
percaya
netepi ati
Panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandingan sarta ngemu teges persis utama memper. Ukara ing ngisor iki endi kang ngemu candrane perangan awak.
Mbak Reni kae priyayine pasuryane ayu pakulitane ireng manis.
Yen lagi duka, simbah kakung swarane kaya mbelah-mbelaha bumi.
Mangsa kanem iku candrane diarani rasa mulya kasucen ungsum who-wohan sing mirasa.
Yen lagi ora cocok karo kancane atine kemropok.
Bocah loro kae nengendi-endi mesthi bareng prasasat ora tau pisah, rukun ora tau regejegan. Menawa dicandra bocah loro kuwi kaya ……
nanggal sepisan
timun karo duren
mimi lan mintuna
ngringin sungsang
Bu Yekti : “Eehh Pak Danu, kadospundi kabaripun panjenengan Pak?”
Pak Danu : “Alhamdulillah, sae mawon Bu. Panjenengan kados pundi?”
Bu Yekri : “Alhamdulillah sae ugi. Panjenengan badhe tindak pundi?”
Pak Danu : “Kula ajeng kesah sabin, bu Yekti kaliyan bu Zara badhe tindak pundi?”
Bu Zara : “Badhe kesah ten balaidhusun Pak, sumangga.!”
Pethilan teks ing dhuwur kuwi miturut wujude diarane….
gancaran
pacelathon
tembang
geguritan
Mangsa kalima dicandra pancuran mas sumawur ing jagat. Titikane ing mangsa kalima kasebut yaiku….
manuk-manuk padha ngloloh
garengpung muni, gangsir ngenthir
akeh lelara
wiwit ana udan
Bocah kae awake katon sampurna, dedege ngringin sungsang, eseme kaya madu pinastika, irunge ngudup tari. Menawa mlaku lakune kaya….
njalak njrinjing
mucuk eri
macan luwe
ngendas ulo
Ana ing karangan sing awujud drama, dongeng, kethoprak utawa liyane iku ana sing diarani paraga protagonis lan antagonis. Paraga antagonis yaiku paraga kang duwe sifat lan wewatekan kang utama. Salah sawijining paraga antagonis ing wayang tuladhane ….
Janaka
Buta cakil
Dasamuka
Durna
Salah sijine sandiwara tradhisional Jawa yaiku kethoprak. Miturut cara wektu lan panggonan manggunge utawa pentase ana sing diarani kethoprak tobong. Kethoprak tobong yakuwi….
kethoprak kang pentas ing sawijining kutha saben malem minggu kanthi ajeg lan sing nonton tuku tiket.
kethoprak kang nampa tanggapan menawa ana sedulur kang mantu, lan sing nonton gratis.
kethoprak kang manggung ngolah-ngalih kanthi nggawe panggung dhewe, sing nonton tuku tiket.
kethoprak sing amnggung lan nganakake siaran langsung ing tivi bias ditonton ing studio utawa ing omahe dhewe-dhewe.
Ukara camboran utawa ukara rangkep yaiku ukara kang jejer lan wasesane luwih saka siji. Ukara camboran kaperang dadi telung golongan yaiku ukara camboran sadrajat, camboran raketan lan camboran susun utawa tundha. Dene tuladhane ukara camboran sadrajat yaiku….
Mas Agus sinau matematika dene aku lagi nonton tivi.
Mbak Yani maca koran, adhine majalah lan kangmase novel.
Bocah kae bagus tur pinter mulane akeh kancane sing seneng.
Yen pengin pinter kudu sregep sinau maca buku, koran lan majalah.
Ukara camboran raketan iku kaperang dadi 3, yaiku ukara camboran raketan jejer, raketan wasesa lan raketan lesan. Tuladhane ukara camboran raketan lesan yaiku….
Adhine disalini banjur diajak dolan.
Adhiku neng kebon lagi methik bayem, aku godhong kates lan ibuku kembang turi.
Srinarsih tuku buku gambar sing ukuran dawane 25 centi.
Aja rame-rame simbah lagi sare.
Sesorah utawa pidhato yaiku ngomong utawa ngandhani marang wong akeh ana ing papan nganggo cara kang cocog. Sesorah kanggo nampa tamu ana ing acara apa wae kayata syukuran, supitan lan pengantenan diarani….
atur panglipur
atur pangajak
atur kabar
atut pambagyo
Nalika dina Senin ing sawise murid-murid tetep ngumpul ana ing plataran sekolah. Bapak Kepala Sekolah ndhawuhi Agus ketua OSIS supaya nerangake tatacarane milih ketua OSIS. Untunge Agus saka ngomah wis gawe cathetan akeh sing arep diwaca nalika dheweke sesorah ing ngarepe kanca-kancane. Agus anggone sesorah kanthi maca saka wiwitan nganti rampung. Metode utawa carane sesorah sing kaya mangkono kuwi diarani cara sesorah….
ekstemporan
manuskrip
impromtu
memoriter
Supaya anggone sesorah bisa runtut prayogane nggatekake urut-urutane sesorah yaiku….
purwaka, salam pambuka, isi, wasana basa, panutup
salam pambuka, purwaka, isi, wasana basa, panutup
purwaka, isi, salam pambuka, panutup, wasana basa
isi, salam pambuka, wasana basa, salam pambuka, salam panutup
Nuwun Bapak kepala Sekolah ingkang kinabekten, Bapak Ibu Guru ingkang kinurmatan saha para rawuh sedaya ingkang kinurmatan ugi.
Pethilan sesorah kasebut kalebu perangane sesorah….
salam pembuka
ucapan syukur
ucapan panuwun
ucapan pakurmatan
Wasana cekap semanten anggen kula matur, menawi kathah kalepatan kula nyuwun pangapunten.
Pethilan sesorah kasebut kalebu perangane….
salam pambuka
pambuka
wasana
isis sesorah
Amarga Bapake lagi tindak menyang Kudus, Bu Miyati … putrane supaya suk Minggu makili gotong-royong.
ndhawuhi
ngaturi
nyuwun tulung
nyuwun
Raden Ajeng Kartini iku pahlawan saka Jepara. Nalika negara kita dijajah dening bangsa Walanda RA Kartini isih timur yuswane. Kahanan waktu kuwi para wanita ora nduweni kebebasan sekolah, nyambut gawe lan bebrayan ing masyarakat kayadene kaum priya. Para wanita bisane mung masak ing pawon lan resik-resik ing ngomah wae ora bisa metu saka ngomahe. Kahanan kang kaya mangkono kuwi ndadekake RA Kartini melu menggalihake wanita supaya drajade padha karo kaum priya. RA Kartini melu cawe-cawe ndarmabektekake jiwa ragane kanngo kamardikan bangsa Indonesia utamane para wanita.
Wektu, kahanan, utawa papan kadadeyan sajroning crita kaya ing mndhuwur kuwi diarani….
plot(alur crita)
watak
amanat
setting
Sanajan ingkang ndherek senam sampun rampung nanging dereng ngantos jam sekawan sonten Ibu-ibu sampun….wonten dalemipun piyambak-piyambak.
mulih
lunga
kondur
budhal
Nindakake tata krama iku padha karo nggunakake pangati-ati, deduga lan prayoga. Kabeh tumindake wong urip iku becik yen tansah nganggo deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka. Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuwun Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong, meneng, turu, mangan, sebab duga lan prayoga iku pirantining urip kang ora kena ditinggalake.
Apa dhawuhe Sinuwun Paku Buwana IV ing buku Wulangreh iku?
nindakake tata krama iku kudu nggunakake duga lan prayoga..
nindakake tata krama iku ora nganggo duga lan prayoga
nindakake tata krama iku angon mangsa
nindakake tata krama iku aja kepeksa
