wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Ulangan Harian Geguritan

Total questions: 25

Worksheet time: 58mins

Name
Class
Date
1.

Pangertosan geguritan ingkang leres ing ngandhap punika, kajaba …..

a)

Puisi Jawa ingkang ngemu unsur-unsur kaendahan

b)

Unen-unen ingkang karakit saking sekawang ukara ingkang memper parikan

c)

Rantamaning basa kang endah ingkang memper syair

d)

Wohing susastra ingkang basanipun mentes, lan ngemu kaendahan

e)

Puisi Jawa ingkang maujud mardika boten kaiket paugeran ananging ngemu kaendahan

2.

Pangertosan geguritan miturut Subalidinata inggih punika ….

a)

Rantamaning basa ingkang memper syair

b)

Puisi Jawa ingkang ngemu unsur-unsur kaendahan

c)

Unen-unen ingkang karakit saking sekawang ukara ingkang memper parikan

d)

Wohing susastra ingkang basanipun mentes, lan ngemu kaendahan

e)

Puisi Jawa ingkang maujud mardika boten kaiket paugeran ananging ngemu kaendahan

3.

Jinisipun geguritan wonten cacah 2, inggih punika …

a)

Parikan saha cangkriman

b)

Bebasan saha paribasan

c)

Gagrag lawas saha gagrag enggal

d)

Gagrag enggal saha gagrag Jawa

e)

Gagrak Ngayogyakarta saha gagrag Surakarta

4.

Ingkang leres bedanipun geguritan gagrag enggal lan geguritan gagrag lawas inggih punika ….


a. Geguritan gagrag enggal cacahipun gatra ajeg, dene geguritan gagrag lawas cacahipun gatra boten ajeg.


b. Geguritan gagrag enggal kaperang dados pupuh-pupuh, dene geguritan gagrag lawas boten kaperang dados pupuh.


c. Geguritan gagrag enggal boten kawengku guru lagu lan guru wilangan, dene geguritan gagrag lawas guru lagunipun ing pungkasaning gatra.


d. Geguritan gagrag enggal kawiwitan sun nggegurit, dene geguritan gagrag lawas boten kawiwitan sun nggegurit.


e. Geguritan gagrag enggal saged dipun aranni parikan, dene geguritan gagrag lawas saged dipun arani Puisi Jawa Bebas.

a)

a

b)

b

c)

c

d)

d

e)

e

5.

Sun nggegurit punika ateges ….

a)

Kula nembang geguritan

b)

Kula milih geguritan

c)

Kula nyerat geguritan

d)

Kula ningali geguritan

e)

Kula nyerat saha maos geguritan

6.

Gendhing Monggang kaya-kaya isi muni munya ngangkang

Yektine wus lingsir wengi

Wektu kang tansah dianti-anti

Wiwit duking nguni

Nalika ati iki njola bareng lan tempuking catur netra


Wonten geguritan ing inggil nggadhahi purwakanthi …..

a)

Purwakanthi sastra

b)

Purwakanthi basa

c)

Purwakanthi swara lan basa

d)

Purwakanthi swara lan gatra

e)

Purwakanthi swara lan sastra

7.

Gendhing Monggang kaya-kaya isi muni munya ngangkang

Yektine wus lingsir wengi

Wektu kang tansah dianti-anti

Wiwit duking nguni


Wektu kang tansah dianti-anti ateges ….

a)

Tansah dipun-entosi

b)

Tansah dipun-singkiri

c)

Tansah dipun-tebihi

d)

Tansah dipun-sumelangi

e)

Tansah dipun-jageni

8.

Gendhing Monggang kaya-kaya isi muni munya ngangkang
Yektine wus lingsir wengi
Wektu kang tansah dianti-anti
Wiwit duking nguni
Nalika ati iki njola bareng lan tempuking catur netra

Wiwit duking Nguni nggadhahi teges ….

a)

 Wiwit taksih alit

b)

 Wiwit kala rumiyin

c)

Wiwit kalawingi

d)

Wiwit taksih sekolah

e)

Wiwit taksih timur

9.

Nalika ati iki njola bareng lan tempuking catur netra


Dasanama saking ati inggih punika ….

a)

Galih

b)

Siwi

c)

Bayu

d)

Giri

e)

Boga

10.

Nalika ati iki njola bareng lan tempuking catur netra.


Dasanama saking netra inggih punika

a)

Suku

b)

Asta

c)

Paningal

d)

Rikma

e)

Marga

11.

Purwakanthi cacahipun wonten 3, inggih punika …..

a)

Purwakanthi guru lagu, purwakanthi guru gatra, purwakanthi guru swara

b)

Purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru gatra, purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru gatra, purwakanthi guru sastra

d)

Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru basa

e)

Purwakanthi guru swara, purwakanthi guru sastra, purwakanthi guru lagu

12.

Nalika srengenge wis mlethek ing bang wetan

Sunare madhangi jagad

Gilir gumanti saka petenge wengi lan padhange rina


Wonten ing geguritan ing inggil, tembung ingkang kacithak kandel ngandhut purwakanthi ….

a)

Purwakanthi guru gatra

b)

Purwakanthi guru sastra

c)

Purwakanthi guru basa

d)

Purwakanthi guru lagu

e)

Purwakanthi guru swara

13.

Nalika srengenge wis mlethek ing bang wetan

Sunare madhangi jagad

Gilir gumanti saka petenge wengi lan padhange rina


Dasanama srengenge inggih punika ….

a)

Giri

b)

Bayu

c)

Gegana

d)

Samudra

e)

Bagaskara

14.

Mung nulis gurit bisaku

Kanggo ngajak bebarengan

Tansah lumaku becik

Becike pangucap lan tumindak


Geguritan punika nggadhahi purwakanthi ….

a)

Purwakanthi guru sastra

b)

Purwakanthi guru swara

c)

Purwakanthi guru lagu

d)

Purwakanthi guru basa

e)

Purwakanthi guru gatra

15.

Miwiti urip kang kudu urup

Anggulang ngelmu amrih sumurup


Tembung amrih nggadhahi teges ….

a)

Mirah

b)

Kedah

c)

Dumugi

d)

Kados

e)

Supaya

16.

Miwiti urip kang kudu urup

Anggulang ngelmu amrih sumurup


Sumurup nggadhahi tembung lingga (kata dasar) ….

a)

Surup

b)

Murup

c)

Urup

d)

Sumur

e)

Umur

17.

Nalika maca geguritan, kedah nggatosaken 4 perkara. Salah satunggalipun inggih punika Wicara. Ing ngandhap punika ingkang leres miturut pangertosannipun micara inggih punika ….

a)

Pocapan ingkang cetha, lan ngucapaken aksara kanthi leres

b)

Ebahing badan lan pasuryan kedah luwes njumbuhaken kaliyan surasaning geguritan

c)

Iramaning maos geguritan kaselarasaken kaliyan surasaning geguritan

d)

Ngraosaken surasaning geguritan,

e)

Andhap inggilipun swanten

18.

Andhap inggilipun swanten nalika maos geguritan, kalebet perkawis ingkang kedah dipun-gatosaken nalika maos geguritan.

Perkawis menika dipunsebat ….

a)

Wicara

b)

Wiraga

c)

Wirasa

d)

Wirama

e)

Wibawa

19.

Salah sawijining dinten Ardi tumut lomba maos geguritan, nalika maos geguritan pasuryanipun Ardi kaku, geguritan ingkang dipunwaos babagan katresnan marang wanodya ananging Ardi boten nate mesem.

Tumindak ingkang mekaten saged ngirangi pambijen saking juri ing perkawis ….

a)

Wirasa

b)

Wirama

c)

Wicara

d)

Wiraga

e)

Wibawa

20.

Nggayuh kamulyan dadi impen

Kanthi laku utama, nengenake tumindak becik

Ngedohi kadurjanan

Mbrastha angkara murka

Kadonyan mung kanggo srana


Pitutur ingkang saged kapendhet saking geguritan ing inggil inggih punika ….

a)

Supaya dados manungsa ingkang manembah Gusti Ingkang Maha Kuwaos

b)

Manungsa ingkang sae inggih menika manungsa ingkang sregep nindakaken ibadah

c)

Manungsa ingkang sae inggih menika manungsa ingkang remen nindakakaken napa ingkang dados impen

d)

Manungsa ingkang becik inggih menika manungsa ingkang boten namung menggalih kadonyan

e)

Manungsa kedahipun nindakaken kesaenan, boten remen lan ngicali tumindak ala amargi donya menika namung kangge dalan tumuju alam kalanggengan

21.

Nalika iku

Rembulan katon sumunar sumringah

Kembang mawar nggandha arum

Kewan bengi mabur kasaut unine jangkrik

Miyak ing sepine wengi

Nalika dak sikep ing dhadhaku

Bocah loro anakku

Ati mongkok dadi wong tuwamu

Ngerteni alus budi lan sikapmu


Geguritan ing inggil nyariosaken babagan …..

a)

Bapak ibu ingkang gadhah putra kakung cacah 2

b)

Bapak ibu guru ingkang bombing dhateng siswanipun

c)

Tiyang sepuh ingkang bombong sanget kaliyan para putranipun amargi para putra gadhah unggah-ungguh lan tumindak ingkang sae.

d)

Tiyang sepuh ingkang getun sanget kaliyan para putranipun amargi para putra boten gadhah patrap ingkang sae.

e)

Tiyang sepuh ingkang remen sanget kaliyan para putranipun amargi para putra gadhah biji ingkang sae.

22.

Nalika iku

Rembulan katon sumunar sumringah

Kembang mawar nggandha arum

Kewan bengi mabur kasaut unine jangkrik

Miyak ing sepine wengi

Nalika dak sikep ing dhadhaku

Bocah loro anakku

Ati mongkok dadi wong tuwamu

Ngerteni alus budi lan sikapmu



Saking geguritan ing inggil wayahipun ingkang kacariyosaken inggih punika nalika wekdal ….

a)

Ing wayah rina

b)

Ing wayah ratri

c)

Ing wayah siyang

d)

Ing wayah subuh

e)

Ing wayah sonten

23.

Coba sawangana

Ratan sangsaya amba

Nanging sangsaya mbebayani

Jalaran akeh sing lali

Marang paugeran

Marang keslametan


Pitutur ingkang saged kapendhet saking geguritan ing inggil inggih punika ….

a)

Manungsa kedah njagi paugeran ing margi ageng murih keslametan tiyang kathah

b)

Manungsa kedah njagi karesikan supados boten bucal sampah ing tengah margi

c)

Manungsa kedah njagi tepa salira tumrap sesami

d)

Manungsa kedah ngatos-atos nalika nitih sepedha

e)

Manungsa boten pikantuk ngebut-ngebut ing tengah margi ageng

24.

Kabeh ora bakal ketekan, karana kudu manut garising pepesthen

Pepesthening urip katulis nalika sira ana guwa garbaning ibu patang candra

Sawuse byar padhang linairake ing janaloka, sira ora eling

Dikantheni nepsu patang perkara, amrih sira gelem tumandang

Mula kodrat iku ora bisa disingkiri, Gusti sing gawe, uga sing nglakokake

Kaya dene sira iku wayang sing kudu manut kuwasaning dhalang


Geguritan ing inggil nyariosaken babagan .....

a)

Manungsa kang ndherek kersanipun Gusti saking jabang bayi dumugi gesang ing alam donya ndherek kodratipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos

b)

Prosesipun kaciptaning manungsa saka bayi dumugi tilar donya

c)

Pitutur kangge manungsa jalaran manungsa kathah tumindak ala

d)

Cariyosipun manungsa ing alam donya kang nemahi bagya mulya

e)

Manungsa kang kedah ajrih marang papesthenipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos

25.

Kabeh ora bakal ketekan, karana kudu manut garising pepesthen

Pepesthening urip katulis nalika sira ana guwa garbaning ibu patang candra

Sawuse byar padhang linairake ing janaloka, sira ora eling

Dikantheni nepsu patang perkara, amrih sira gelem tumandang

Mula kodrat iku ora bisa disingkiri, Gusti sing gawe, uga sing nglakokake

Kaya dene sira iku wayang sing kudu manut kuwasaning dhalang


Sinten ingkang dipun tuju ing tembung "dhalang" ing inggil ?

a)

Tiyang ingkang damel wayang

b)

Tiyang ingkang padamelane nyepeng wayang

c)

Tiyang ingkang padamelane nggiyaraken cariyos wayang

d)

Gusti ingkang Adamel Gesang

e)

Tiyang ingkang remen mirsani wayang