NEW
Font size
WorksheetsLatihan Jawa kelas 8
Total questions: 15
Worksheet time: 45mins
Piranti kanggo sesambungan karo wong liya sing awujud tulisan kanthi tujuan menehi kabar tertamtu diarani...
Layang
Handphone
Internet
Yen arep kirim layang kudu mara ing...
Telkom
Bank
Kantor pos
Koperasi
Miturut jinise, layang diperang dadi...
3
7
4
5
Ukara sing isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa sawijining kaanan marang wong liya diarani ukara...
Pitakon
Pakon
Sananta
Carita
Perangane layang sing isine nerangake prenahe wong sing ngirim lan sing dikirimi layang, kayata mitraku, bapak, ibumu, ingkang putra, lsp. Diarani...
Prepenah
Bebuka
Adangiyah
Titimangsa
"Mojokerto, 03 Maret 2020"
Pethikan layang kasebut kalebu perangan...
Adangiyah
Prepenah
Papan lan Titimangsa
Bebuka
Pakdhe nulis surat kanggo dhik Rara. Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama, dadi...
Pakdhe nyerat layang kagem dhik Rara.
Pakdhe nyerat surat kagem dhik Rara.
Pakdhe nulis layang kagem dhik Rara.
Pakdhe nyerati layang kangge dhik Rara.
Layang sing isine ngabarake kabar kesripahan diarani layang...
Layang paturan
Layang dhawuh
Layang kitir
Layang lelayu
Salah sijine tembang macapat yaiku...
Wirangrong
Megatruh
Balabak
Jurudemung
Watake tembang Maskumambang yaiku...
Nesu
Nepsu, sereng banget
Nelangsa, prihatin banget
Sakepenake
Tembang macapat iku kaiket ing paugeran...
Guru gatra, guru basa, lan guru lagu
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
Guru swara, guru basa, lan guru sastra
Guru swara, guru lagu, lan guru wilangan
Arane tembang macapat iku nggambarake manungsa sing wis nikah, bisa ngranggeh puncak kasenengane urip. Tembang kasebut digambarake nganggo aran tembang...
Pucung
Mijil
Kinanthi
Dhandhanggula
Supaya bisa nulis utawa ngarang tembang macapat, kudu mangerteni paugeran ing ngisor iki, kejaba...
Swasana batine pengarang
Watake tembang
Sasmitane tembang
Guru gatra, guru wilangan, guru lagu
Basa sing lumrah digunakake jroning pirembugan (omong-omongan) biyasa diarani basa...
Basa caturan
Basa gancaran
Basa krama
Basa rinengga
Kanggo bisa nyritakake isine tembang macapat, bab-bab sing kudu dilakoni ana ing ngisor iki, kejaba...
Nggathukake tegese tembang siji marang tembang sing liyane
Ngandharake intisarine tembang macapat sing wis digancarake
Nggunakake basa sing gampang dingerteni
Bab-bab sing penting lan utama aja nganti kliwatan anggone nyritakake
