NEW
Font size
Worksheetsbahasa
Total questions: 10
Worksheet time: 3mins
Gatekna teks geguritan iki!
BUKU
(Dening: Anggit Panggrahita, S.Pd.)
Buku iku sumbere ilmu
Bisa dadi gantine guru
Tanpa buku, siswa ora bisa maju
Sumbering kawruh tumprap sing ngeluru
Mundhak kawruhe, tambah wasise lan pintere
Ya merga saka buku
Buku ora kena kanggo lemek tahu
Kudune diwaca lan disinau
Sing ora seneng maca buku kuwi wong sing mblilu
Yen kepengen sugih ilmu
Ya kudu taberi anggone sinau
Guru ora bisa pisah karo buku
Jagading pendhidhikan ora bisa uwal
Ninggalake buku sing mutu
Tema kang mathuk kanggo geguritan kasebut yaiku ....
buku
pendhidikan
siswa
guru
Gatekna teks geguritan iki!
BUKU
(Dening: Anggit Panggrahita, S.Pd.)
Buku iku sumbere ilmu
Bisa dadi gantine guru
Tanpa buku, siswa ora bisa maju
Sumbering kawruh tumprap sing ngeluru
Mundhak kawruhe, tambah wasise lan pintere
Ya merga saka buku
Buku ora kena kanggo lemek tahu
Kudune diwaca lan disinau
Sing ora seneng maca buku kuwi wong sing mblilu
Yen kepengen sugih ilmu
Ya kudu taberi anggone sinau
Guru ora bisa pisah karo buku
Jagading pendhidhikan ora bisa uwal
Ninggalake buku sing mutu
Sapa penggurite ..............
Anggit Panggrahita, S.Pd
Ayu Sulala, M. Pd
Rianawati,S.Pd
Richard Pangesti, S. Pd
Gatekna tembang-tembang iki!
1) Cublak-Cublak Suweng 4) Sluku-Sluku batok
2) Stasiun Balapan 5) Kuncung
3) Menthok-Menthok
Tembang-tembang kasebut sing kalebu jenis tembang kreasi yaiku ….
1 lan 4
2 lan 5
3 lan 5
2 lan 4
Gatekna teks tembang iki!
Lumbung desa pra tani padha makarya, ayo dhi Jupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yu Padha nutu yen wis rampung nuli adang, ayo kang Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
Pesen kang kinandhut saka Tembang Dolanan ing ndhuwur yaiku ....
para tani padha makarya bareng
njupuk pari karo nyandhak alu
ngajak para tani supaya makarya bareng
dadi wong kudu sregep nyambut gawe
Setitekna tembang macapat iki!
Kidung mijil mangka amiwiti
Wijanging pangraos
Ya sanadyan sajak mung sepele
Tadhah soking wutahaning ati
Hardaning ubalsih
Jatining wong wuyung
Guru lagune tembang Mijil kasebut yaiku ….
i, e, o, i, u, u
i, o, e, i, i, u
i, o, i, u, u, i, u
i, e, o, u, i, u, i
Gatekna tembang macapat Gambuh iki!
Tutur bener puniku
Sayektine apantese tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
Manut tembang Gambuh ing dhuwur, cacahe guru wilangan saka gatra kaping papat yaiku..
6
7
8
9
Gatekna tembang macapat iki!
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
Cacahe guru gatra manut tembang Pocung kasebut yaiku ....
4
5
6
7
Gatekna tembang macapat iki!
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
coba sebutna guru lagune manut tembang Pocung kasebut yaiku ....
u, a, i, a
u, s, i, a
u, i, i, a
u, u, i, a
Gatekna tembang macapat Gambuh iki!
Tutur bener puniku
Sayektine apantese tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
Manut tembang Gambuh ing dhuwur, cacahe guru gatra yaiku..
4
5
6
7
Setitekna tembang macapat iki!
Kidung mijil mangka amiwiti
Wijanging pangraos
Ya sanadyan sajak mung sepele
Tadhah soking wutahaning ati
Hardaning ubalsih
Jatining wong wuyung
Guru gatrane tembang Mijil kasebut yaiku ….
4
5
6
7
